Rioyo Gak Nggoreng Kopi, Ngadep Mejo Gak Onok Jajane
Rioyo Gak Nggoreng Kopi, Ngadep Mejo Gak Onok Jajane
Oleh : E.A.Wahyudiono
Iyo, rioyo gak nggoreng kopi, ngadep meja gak onok jajane. Mamulo urip neng alam ndonya kudu ati-ati mergakno akeh godane. Wes, cocok kuwi. Arep nyapo neh, urip yo mung ngene iki thok.
Kabeh mung nguber alam ndonya, sampai lali onok alam liyane. Rioyo saiki bedo tenan. Ora isok obah blas, sampek ambegan wae ora isok. Awak e dewe iki yo mung ubeng-ubengan thok. Nek kliru malah mung nggolek donya. Asline kabeh kuwi mung titipan. Nek wes kontrak e entek, yo ditinggal plung. Opo yok an sing arep digawa.
Saiki rioyo wes teko. Untung e awak e dewe sik isok melu rioyo saiki. Embuh nek taun ngarep, sik iso ngonangi po gak, aku dewe yo gak weruh. Isine yo mung donga thok. Krasa yok an nek dosa iki yo uakeh. Muga-muga dulur kabeh isok podho ngapura siji lan liyane.
Rioyo saiki isok e yo mung nek omah. Ora isok metu neng endi-endi. Jajan nok meja yo gak enek. Arep nyediani sopo yok an wong tamune wae ora enek. Malah enak. Ora usah mikir klambi anyar barang. Pokok e njaluk sepura yo mung liwat medsos wae. Malah aman.
Dulur, kanca-kanca, lan arek-arek sing dadi murid lan kancaku. Masiyo, aku dadi guru, ning salah lan luputku yo akeh. Sepurane kanthi ikhlas teko njero atiku. Ben enteng awak e dewe leh e mikir. Ora usah dendam, srei opo sirik marang kabeh. Nduwe ati resik pas dina rioyo iki, kuwi sing minulya. Dadi, lahir batin yo, lur !
Aku karo keluargaku sak omah mung isok ngaturi Sugeng Riyadin 1441 Hijriyah. Minal aidzin wal faidzin. Taqabbalalloohu minna waminkum, Alloohumma taqabbal Yaa Kariim !
Salam
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
