TANGI ISUK
Bener tenan ngendikane ibukku biyen, aku ora oleh tangi awan. "Ngko rejekimu dithothol pithik nduk..." Wong jowo jiaan pinter yen gawe sanepa. Nyat basa jawa ki adiluhung, akeh pitutur-pitutur becik sing maknane jueru. Sing mudheng, sing hora mudeng yo mberuh tunggale. Utamane cah nom-noman saiki, nemen ora mudhenge. Ngertine malah basa alay, yen ora alay ora nge-hype.
Mulane aku mau tangi gasik, niate arep nderekke Mas Bojo ning Suta. Rejekine wong tangi isuk, dalan sepi. Durung dithotholi pitik, soale kedisikan aku tangine😂
Tol cikampek sing biasane macet, lancar jaya. Aku ngematke dalan. Pantes wong-wong pengin urip ning Jakarta. Lha wong dalan ae apike eram. Tambah kena sinare lampu, endahe makaping-kaping. Ngisor nduwur tumpukan beton. Rumangsaku malah kaya setting film futuristik.
Ujug-ujug aku pengin dadi the flash, enanging kan ra cocok ya. Mosok the flash playon neng tol cikampek. Srikandi ae, tapi ra cocok uga. Settinge terlalu kekinian, kudune kan numpake jaran dudu libom.
Saras 008 mungkin luwih pas. Isa berubah sakkarepe dewe. Aku noleh nganan ngiwa, waspada. Kuatir disusul Mr Blek. Ayem, ternyata Mr Blek isih ngorok, atakane kok kupinge diuyuhi setan, nganti ra krungu adzan shubuh.
Mulaknya tjah, tangio sing isuk, ben rejekimu lancar jaya. Mr Blek ae adoh-adoh ra sempat nyedak. Aman dunia persilatan. Mbak Saras pamit turu sek, wis tekan omah maneh
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar