Lali Dina
Lagi rong ndina ora kerja, aku kimau kok dadi lali dina. Rumangsaku iki mau dinane minggu. Tak etung-etung, wingenane kae jum'at legi. Berarti kimau minggu pon. Eh lha kok luput. Tibake kimau dudu minggu pon, nanging Senin wage.
Prei ora kaya biasane, dadi dina Senin rasane kaya minggu. Ati rumangsa ayem. Ning mung sedhela merga wara-wara wingenane kae mung kanggo pantes-pantese lambe. Jare pegawai iso prei, cuti bersama ngono istilahe. Nanging kok ya ana-ana wae akal-akalane para penggedhe murih para pegawai panggah mlebu wae.
Siji pegaweyan katon diselehke. Ning pegaweyan liyane mumbruk kaya ra ana enteke. Senajan pancen kudu disyukuri, mbok yao aja nganti nambahi pikirane wong cilik kaya ngene. Lali dina, ora oleh lali kerjaane.
Kutho Angin, 16 Februari 2026
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
