Salah Gerbong
Metu saka panginepan wis ngancik wektu sholat dhuhur. Aku nuju stasiun Tugu sakwise digolekke gojek karo si Kenes Lidia. Ora langsung menyang stasiun, nanging aku kepingin mampir ana ing masjid Gedhe Kauman kang ana sak kidule dalan Malioboro. Sinambi ngranti wektu dhuhur, tak sambi lungguhan ana cedhak cagak sisih kidul. Nguthak athik gaweyan merga wis diranti karo pengurus kegiatan posoan.
Bubar sholat dhuhur aku isih ngranti asar sinambi jejagongan karo adhiku ing serambi masjid.
Gludug gemleger dadi tenger, aba-aba yen udan arep teka.
"Ayo, aku mbok golekna gojek apa mbok terna?" pitakonku marang priya kang wis tak anggep adhiku.
Dheweke milih ngeterna aku senajan wis grimis. Anak lan sisihane ditinggal sauntara ana ing masjid.
Tekan stasiun age-age aku tuku banyu ngombe sak durunge mlebu peron. Ing njero wis akeh para penumpang kang padha playon, lan ana uga kang nunggu sampek keturon.
Tak angkat tas biru sinambi mbenakke ranselku. Aku nyabrang nuju jalur telu. Nunggu sauntara wektu sinambi ngobrol karo wong Surabaya.
Lha ndilalah ora let suwe, kretane wis teka. Tak delok kreta mau saka wetan. Age-age aku ngadeg. Wong Surabaya mau menehi tanda menawa gerbong nomor telu wis cumepak ana ngarepku. Ayem, pikirku. Ora adoh mlakuku.
Aku munggah ora ndelok kursine. Sing tak sawang mung nomere kang ana cedhak cendela.
"Lho, kok ora ana? Gek aku kliru kreta," aku nggremeng dhewe sakdurunge takon marang petugase.
Ealah, tibake aku salah mlebu gerbong. Lha gerbong mau kelase eksekutif, lha gerbongku kelas premium.
Aku balik metu, nggoleki gerbong kang ana mburi sakdurunge ana kang alok, wong kelas teri kok mlebu kelas tinggi.
Klaten, 15 Februari 2026
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
