Ahmad

Pegiat literasi di STAI YPBWI Surabaya, setiap tarikan napas adalah anugerah tak ternilai, tiap goresan pena adalah kurnia tak terhingga, siar segala bajik, ra...

Selengkapnya
Navigasi Web
Iki Lho Guruku, Endi Gurumu?

Iki Lho Guruku, Endi Gurumu?

Sepurane, Bu. Aku iki murid sing ngguapleki. Ra mutu. Diwulang kok ya ra mudheng-mudheng. Nek takon ya ra mutu blas!

Pangapurane, Bu. Lehe minterna aku, ra terima ngenggo mik siji. Ra ngarah paham. Lha, mik loro wae sing nyanthol mek sak mit. Sarapan wektu cilikanku mbiyen blendhung diwuri uyah. Nek saiki uteke kempel ya wajar.

Ngapunten, Bu. Masio wis dikandhani bolak-balik ya sik akeh salah milih tandha baca. Raisa milih kalimat sing nggenah. Ya ngono kuwi, Bu, isane murid ngantukan iki.

Nyuwun duka, Bu. Ora mung ra isa nulis. Motret wae ya ra pinter blas!. Wis tak inceng-inceng. Milih momen paling ayu. Jujur, lho, Bu, asline njenengan kuwi luwih ayu nyatane. E, lha pas motret kok ya kaya ngene. Kanggoku guruku iki ya sik tetep ayu.

Aku janji, Bu bakal luwih sregep sinau. Ra males mbukak kamus. Rajin adus, sikatan, samponan barang. Aja nesu ya, Bu. Nek njenengan nesu kuwi, ndunya luntruh. Ambyar. Ajur, remuk atiku.

Aku nekat, Bu, pokoke mulai dina iki luwih semangat. Ra males-malesan. Ben ana paedahe mangan bangku sekolahan.

Njenengan percaya aku, Bu. Aku bakal dadi murid sing ra ngisin-ngisini.

Wis ngono ae, Bu. Kuwatir nek kedawan lehku nulis, trus njenengan koreksi karo Bu Diyah, walah, modyarr. Ra ono benere.

Matur nuwun sampun sabar. Isih ngakoni kulo murid. Muga Gusti paring sehat, nggih. Adoh saka bilahi. Ben isa minterna aku, njih.

Kutha pudhak, 8 Maret 2020

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Hahaha

09 Mar
Balas

hihihi, njenengan aku cari nggak ada, Pak Febry

09 Mar

UapiiiiiiiiikJooooooooos

09 Mar
Balas

Matur nuwun, Bu

09 Mar

Matur nuwun, Bu

09 Mar

Nguakaaakkk Puolll

09 Mar
Balas

Hihi, matur nuwun, Bu Dwi.

09 Mar

Hahaha.Ngguapleki temenan

09 Mar
Balas

Njih, Bu Reni. Haduh.. Kudu sering pasa ben pinter, njih

09 Mar

Njih, Bu Reni. Haduh.. Kudu sering pasa ben pinter, njih

09 Mar

Haahha. Asli endi iki yo. Fasih bener boso jowone

09 Mar
Balas

Dipun tepangaken, Bu Ririn, kula asli Gresik, hihi

09 Mar



search

New Post