Ahmad

Pegiat literasi di STAI YPBWI Surabaya, setiap tarikan napas adalah anugerah tak ternilai, tiap goresan pena adalah kurnia tak terhingga, siar segala bajik, ra...

Selengkapnya
Navigasi Web
Social Engineering Attack, Apa Kuwi?

Social Engineering Attack, Apa Kuwi?

Yu Nah kelabakan, dompet digital sing diduweni ludhes.kabare dikuras pawongan sing ra jelas. Social engineering attack jarene. Oalah Gusti, apa maneh iki? Sak umur-umur lagek ngerti Saiki.

“Sampeyan kudet, Cak” panyelane Takim, tanggaku.

"Maksude piye Kim?" Aku sangsaya adreng.

"Ya iku mau, Cak. Jaman Saiki, tukang bobol internet saya kangelan. Sistem wis ditata. Nanging sak apike kerjane mesin, isih ana titik paling ringkih utawa vulnerability. Sapa iku? Usere. Menungsane."

"Olehe nggolek katrangan lewat jalur sing sah. Pinter ora?" Pitakone Takim.

"Pinter kok dinggo minteri liyan!" Pak Tejo keri, yen ora melu urun rembug.

"Conto Cetha, Njenengan lak kerep oleh kiriman SMS yen oleh hadhiah mobil? Trus dikon ngetik kode tartamtu? Kuwi carane. Mangka ja dituruti!" Omonge Takim kang dadi 'narasumber' dadakan.

"Oalah, berarti nek ana sing ngirimi SMS aku oleh undian satus yuta iku ya kalebu sok sial enjinering?" pitakone Pak Tejo.

"Lha Saiki sampean pikir, Pak. Apa ya ana wong dudu sanak, dudu kadang kok menehi dhuwit puluhan yuta? Ya cetha yen ngapusi!" Kabeh padha sarujuk omongane Takim Kabeh monthak-manthuk.

"Aku ya ngalami Kang. Oleh kiriman saka guru sekolahe anakku, ana paket internet pendidikan jare, 10 giga. Enak men. Ngeceke ya nang operator seluler kondhang, lho. Bareng dinggo tenan, pulsae koret-koret!" Kang Ripin uga melu ngomong bianter, nganti idune muncrat.

"Sosial enjinering iku sakjane apik. Mengaruhi wong akeh. Tapi yen ditambah attack iku sing nggarahi ra nggenah."

"Weh, kok pinter tenan, bar sarapan apa, Kang?" Bandi sing wiwit kawitan mung ngerungokke melu moyoki. Takim sing dipoyoki mung mesem.

"Yowis, cekot-cekot sirahku ra mudheng babar blas." Panyelane Wak Salim karo nyedhot rokok klobote nganti kempong pipine.

"Pokoke awake ndhewe kudu ngati-ati, ra gumampang percaya."

"Ya wis kana gage ndang nyiram 'randha bolong' yen telat mundhak dadi alum."

"Cak, dompetmu nyelbok. Yen Iki dudu enjinering, merga dudu dompet digital."

Kabeh padha gumuyu

Gresik, tanggal kembar 10-10-2020

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post