Ahmad

Pegiat literasi di STAI YPBWI Surabaya, setiap tarikan napas adalah anugerah tak ternilai, tiap goresan pena adalah kurnia tak terhingga, siar segala bajik, ra...

Selengkapnya
Navigasi Web

Umrohku Disikut Korona

Tantangan dina kaping 33

Berita teko tipi isuk mahu ngagetna atiku. Negara Arab ngelarang jamaah umroh teko pirang-pirang negara sing dikuwatirna isa nyebarna virus korona. Termasuk Indonesia. Termasuk Jawa timur. Ya termasuk aku. Walah gusti...

Korona ki apa ya? Cik wani-wanine mbatalna wong arep umroh.

Padhahal wis kadhung kondhang nek aku apene berangkat umroh. kabeh kebutuhan kanggo slametan wis dicepakno. Oleh-oleh kanggo wong sing sejarah wis jangkep kabeh.

"Lha pean sidane berangkat kapan, cak?” pitakon sing ndadekna atiku saya susah. Aku mek isa njawab “Embuh, cak. Apa jare ae, aku iki manut”

“Ealah gusti, menawi wonten salah kula nggih nyuwun pangapura” batinku. Kahanan sing kaya ngene iki ya isaku mung pasrah. Kabeh sarwa ginaris pesthi.

“Gusti Allah iku bakal nyukupna wong sing ditimbali, dudu nimbali wong sing cukup” Dhawuhe pak ustad iku sik kemrungsung nang pikiranku. Bener..ya moga ae ditundae berangkat umrohku iki ana hikmah sing gedhe.

“Wis talah kang, aja susah. Sing penting sampeyan wis iktiar. Dene sing nentokna sekabehe iku ya gusti Allah. Niyat budhal nembadani celukane nabi Ibrohim, ziyaroh Mekah Medinah" pituture pak ustad ngadhemna pikirku.

Bengi sing adhem. suwara jangkrik jelitheng minangka dadi kancaku. Kabeh padha turu. Rendhengan ngene iki pancen sing enak kemulan. Turu. Nanging aku seje Atiku mosak masik. Kedadeyan batal umroh iki bener-bener ngeriwuki pikiranku.

Aku njur njupuk banyu wudlu. Banyu adhem sing nyiram iki kaya neresep nang njero kulit, tembus nganti atiku. Sepisan, pindho, ping telu tumetese banyu iki kaya ngelogrogna susahe atiku.

Ati sing kaya kesumpel, saiki kerasa entheng. wudluku iki tak rasakna temenan. "Ya Allah, leres..saben pacoban panjenengan mesthi ngemu hikmah." Gak kerasa netes eluh. dudu eluh sing metu teka susahe ati. Tapi tumetese eluh iki metu saka gedhene syukur marang gusti.

"Mugi Gusti Allah paring lancar kula saget ngelampahi ibadah umroh. Meniko panyeluk panjenengan. Kula namung nuhoni. Gusti kang maha yassir, nggangsarno. Panjenengan gangsaraken kula saget ngelampahi ibadah umroh" dungaku muga diijabah dening Allah.

Gresik, 29 02 2020

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post