Nggragas
#Tantangan Gurusiana
#Hari ke-26
Jaman cilikanku, ora koyo jaman saiki, panganan werno-werno seko permen wae ugo macem-macem, durung sik model klethikan, lan liyo-liyane.
Cilikanku mbiyen, panganan kuwi yo telo, gethuk, thiwul, gathot, legendar, lempeng lan liya-liyane panganan sik digawe dewe alias dudu seko pabrik.
Ngomongke panganan aku dadi kelingan jaman cilikanku ki jan nggragas tenan kok. Kuwi amergo mbiyen ora duwe duit nggo jajan, mulakno njur golek panganan sik gratis, koyoto njaluk jambu nggone tanggane, njipuke turahan codot gogrokan sawo utowo pelem,utowo golek gayam nang kebonne tanggane.
Gayam kuwi ono werno loro. Siji gayam bathok, sik bentuke gede koyo sik saiki kolo-kolo nang pasar ono sik adol, sijine gayam ketepeng. Menowo arep maem gayam bathok kudu digodog luwih disik, ananging menowo gayam ketepeng ora perlu dimasak, cukup dimaem mentah. Gayam ketepeng bentuke cilik lonjong, rasane gurih banget. Saiki arang benget ono bocah kenal gayam ketepeng, sakliyane wis akeh panganan ugo karono gayam ketepeng wis arang-arang tinemu. Carane maem gayam ketepeng kuwi sik mengasyikan jaman semono amargo kudu dibuka sikik gayame nganggo wedung utowo peso gede, ono njero gayam mengko katon isine sik cilik tur gurih kuwi mau. Jian rasane enak tenan..
Bapak lan Ibu anggota MGI, panganan jaman cilik panjenengan menopo kemawon? Menopo sami kaliyan kulo?
Deresan, 4 April 2020
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar