Kasmaran
#Tantangangurusiana
#Hari ke-22
WUYUNG
Rasa endah iki uwis tau tak rasakke
Rasa kang anggowo angen-angenku ngumbara ana ing awang-awang
Aku wis lali kapan rasa kuwi ilang
Ilang seka atiku
Ilang seka rasaku
Rasa kang endah kuwi uwis ilang suwe
Ilang kaya katiup angin sore
Kabur tekan ngendi parane aku dewe ora ngerti
Saiki rasa endah kuwi tak rasakake maneh
Rasa wuyung kaya nalika kita ngiket janji
Janji bakal nyawiji selawase
Wuyungku saiki marang sliramu ngluwihi nalika semana
Luwih ngrembaka lan luwih endah
Atur panuwun dumateng Gusti Allah
Ingkang sampun nuwuhaken maleh wuyung kula....
Deresan, 9 Februari 2020
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Mantapz bu..
Terimakasih Bu Nur..
Ketaman asmara ya, Jeng.. hehe
Iya bu . Alhamdulillah