Sri Sudaryanti

Perkenalkan, namaku Sri Sudaryanti. Saya ibu dari 2 anak. Saya tinggal di kota Bantul....

Selengkapnya
Navigasi Web

Pengalamanku

#Tantangan Gurusiana

#Hari ke-34

Kedadean iki sakjane wis cukup suwe tak alami. Kiro-kiro wis meh 10 tahun kepungkur. Jaman semono sik jenenge mantrol utowo jas hujan akeh-akehe model ponco ora nganggo lengen. Ora koyo saiki modele macem-macem, setelan celono, setelan rok, ono ugo sik koyo gamis. Kanthi motif sik maneko warno.

Naliko semono pas mongso udan, ndilalah aku lagi wae tuku (kudu pesen sakdurunge) jas hujan model setelan jaket karo celono. Mulo jas hujanku mau tak deleh ono jok motor kanggo persiapan menowo sakwayah-wayah udan.

Dino iku aku karo konco-kancaku arep tilik konco guru kang gerah lan opname ono rumah sakit. Ndilalah dino kuwi pas panas semlenget. Aku lan konco-konco podo bebarengan numpak motor bonceng-boncengan amargo rumah sakite cerak sekolahan. Amergo panas banget aku nganggo jaket kareben ora patio kepanasen. Tekan rumah sakit langsung tumuju parkiran. Sakwise markir motor, aku nyopot jaketku, ealah wong ki nek lagi apes, jaket sik tak nggo nyentel blusku, sanaliko blusku suwek seko jahitan ngisor tekan nyuwun sewu ngisor kelek. Lha .... njut piye iki. Koncoku sik weruh podo ngguyu. "Waduh, piye Bu....bluse njenengan suwekke dowo jew.?", ngono pitakonane kancaku.

Aku dewe ugo bingung, mosok ora sido bezuk, wis tekan rumah sakit jew. Dumadakan aku kelingan menowo neng njero jok motorku ono jas hujan. Langsung wae jas hujan tak nggo nutupi blusku sik suwek. Kamongko dino kuwi panasw pol, aku ora perduli, sik penting aku sido bezuk konco. Sakwise nganggo jas hujan kuwi aku lan konco-konco bebarengan mlaku ngener kamar rawat inape konco. Aku le mlaku milih tengah, kareben ora ketok banget. Sakdawane dalan nggoleki kamare koncoku, akeh piyayi sik mirsani aku sajak ngguyu. Aku ethok-ethok ora ngerti senajan atiku ngguyu. Lha piye, wong panase pol kok mlaku nganggo jas hujan, gek warnane ngejreng, ijo pupus.

Tekan kamare koncoku kabeh podo salaman. Giliranku salaman koncoku mau takon, "Bu....kok ngagem jas hujan tho, seko sekolahan mau udan pho?". Krungu pitakonan mau, "geeeer... " koncoku langsung podo ngguyu.

Menowo kelingan aku ijek sok ngguyu dewe, opo maneh menowo weruh jaa hujan ijo pupus....

Deresan, 12 April 2020

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Heee, tidak ada terjemahnya ya Bu. Salam Literasi.

12 Apr
Balas

Sik to, sebabe opo kok suweke nganti dowo men ki.., mosok ming kecanthol wae kok nganti nyuwekke tekan cingklakan... hehe

12 Apr
Balas



search

New Post