Ali Santoso

Nama saya Ali Santoso, saya lahir di Kota Lumajang. Saat ini saya tinggal di Jakarta menekuni bisnis kuliner bersama istri dan teman-teman. Menulis jadi h...

Selengkapnya
Navigasi Web
LAYANGAN SPIRITUAL ALATIPUN KANGGE PENYEBAR DAKWAH

LAYANGAN SPIRITUAL ALATIPUN KANGGE PENYEBAR DAKWAH

# Tantanganipun Gurusiana , Dinten Ingkang Kaping Pitulikur ( 27)

Enget enget crios tahun ingkang kepengker arikolo kawulo tesih alit nderek mbah Napsihi wonten ing dusun Cerme desa Jatisari. Mbah Nap yuswonipun kinten kinten sangangndoso gangsal tahun ananging tesih saget nindakaken perkawis perkawis rumah tangganipun kalih mbah Mulani. Senaos sampun sepuh piyambakipun nggih tesih saged damel layangan mabur. Model model layangan karyanipun mbah Nap nggih lumayan laris keranten mboten gampil nyinting nganan ngiwo. Lah meniko ingkang sanget dipun remeni dateng lare lare nem neman desa jatisari. Bapak bapak nggih mboten ketinggalan tumbas layanganipun mbah Nap, ingkang bade dipun damel lomba layangan sak kecamatan Tempeh.

Bapak bapak ingkang remen sanget anggenipun dulinan layangan pastinipun tumbase nggih ten Mbah Nab , Sebabipun benang ingkang sampun dilumuri kalih serbuk pecahan gelas meniko inggih sampun dipun paringi suwuk utawi mantra mantra supados lomba layanganipun ten lapangan Tempeh menang. Meniko saestu kenyataan sanget kedadosanipun lomba layangan saged menang angsalipun hadiah nggih lumayan ageng , Wedus gibas pemenang lomba layangan ingkang nomer setunggal nomer kalihipun arto setunggal juta.

Ingkang saget ndadosaken kulo lan Mbah kemekelen ngguyu mboten leren leren inggih puniko, wonten salah setunggalipun peserta ananging lintu daerah , Sami sami meguru layangan dateng Mbah Nap. Akibatipun peserta meniko benang ingkang damel tarung layangan wonten langit sami sami teguh utawi kiat mboten gampang pedot . Akhiripun panitia menyatakan draw, mboten wonten ingkang kawon utawi menang , ananging mbinjingipun peserta meniko sami sami laporan dateng mbah Nap , Mbok bilih wonten peserta malih ingkang mboten saget dipun kalahaken layanganipun. Ternyata wekdal niku peserta setunggalipun nggih sami sami sowan dateng Mbah Nap, criosipun dateng Mbah Inggih sami. Lajeng mbah maringi kebijakan dateng priyantun kekalih meniko supadoso ndamel musyawarah keranten masalahipun tunggal guru. Priyantun kekalih meniko akhiripun mundut kesepakatan mundut hadiah nomor setunggal lan nomor kalih.

Menikolah permainan lomba layangan khas jawi wetan , Tesih ndamel model ilmu supranatural anggenipun supados angsal nomer lan angsal hadiah. Ilmu ingkang model mekaten meniko sekedar ilmu permainan masyarakat sekitar lereng Semeru , tujuanipun Mbah Nap inggih puniko sekedar dakwah ke masyarakat awam supados permainan layangan ingkang sekedar permainan meniko supados dados alat pemersatu bangsa lan kanggih ajang saling silaturohmi. Mboten kok didamel ajang main judi lan taruhan utawi totoan gelap . Alat dakwah Mbah Nap inggih meniko caranipun ngelanggengaken ajaran poro Walisongo, Unen unenipun inggih puniko:

Sugih tanpo bondo.

Dikdoyo tanpo aji.

Ngluruk tanpa bolo.

Menang tanpo ngasorske.

Sing nandur bakale ngunduh.

Ojo adigang adigung adiguno , sopo siro sopo ingsun.

Pribahasa meniko muncul saking ajaranipun R.M. Panji Sosrokartono , Sederek Kakak kandung saking pahlawan nasional inggih puniko R.A Kartini saking wilayah Jepara. Mugi mugi tulisan kawulo saget ndadosaken manfaatipun kanggih poro pemaos lan penyerat buku bahasa jawi pendalungan Tapal Kuda , bahasa campuran antawisipun Madura Sumenep lan bahasa Jawi Lumajang jawi wetan.Pengapunten ingkang ageng mbok bilih lepat anggen kawulo matur wonten tulisan ingkang tesih mowo belajar kathah saking guru guru senior ingkang sami sami kagungan logat bahasa jawi Pendalungan meniko. Matur nuwun sanget dateng sedoyonipun admin Facebook MediaGuru lan Gurusiana , Ingkang kanti omes telaten anggenipun sabar ngelayani masukipun tulisanipun poro guru guru hebat se Indonesia , bahkan luar monconegoro . Mboten saget mbales punopo nopo , anangin dungo surat Al Fatihah kemawon supadoso CEO MediaGuru , sedoyo poro trainer , poro editor lan sedoyo Alumni MediaGuru se Dunia , pinaringan Rahayu Selamet ndunyo lan akhirat, enteng rejeki , sugih waras tebih saking balak lan musibah. ..Al Fatihah..3X.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post