Aliyah Mitrowati

"ALIYAH MITROWATI " Tinggal di Kemiri, Tulung, Klaten, Jawa Tengah. Pernah belajar di Unwidha Klaten. Dan alhamdulillah sekarang jadi Dosen Kls 1 di SDN 1 Madu,...

Selengkapnya
Navigasi Web
PANDONGANE UTI

PANDONGANE UTI

Dina iki dino Sabtu, anggonku mangkat kerja kawanan, jalaran anggonku tangi turu kerinan.

Apa sing ndadekake kerinan, ora liya ya mung amarga aku sewengi ora bisa turu.

Anggonku turu klisikan, ngglebag ngiwa ngglebag nengen tansah ora kepenak.

Sejene awak ora kepenak, ati uga ora kepenak .

Apa kang dadi penyebabe aku dhewe ora mangerteni.

Angen - angenku tumlawung mikir sing ora - ora.

Aku bubar entuk kabar saka anakku, dene putuku lagi ora kepenak awakke jalaran masuk angin.

Awake panas kepara panase ora mudhun - mudhun.

Kamangka anakku ( ibune putuku ) kuwi omahe adoh, dhewekke mapan ana ing Lampung dene aku omah ana ing Boyolali.

Bola - bali aku entuk kabar saka anakku sarana _*whatsapp*_ kang dikirim .

Aku nampa lan maca kanthi prihatin. Surasane nyritakkake menawa putuku rewel, sawengi - wengi putuku nyuwun gendhong nanging menawa digendhong mberot - mberot, menawa diselehake geger nyuwun gendhong maneh.

Bapak ibune bingung anggone arep nuruti piye karepe anakke.

Aku uga dikirimi _videone_ anggone rewel putuku. Aku nyumurupi kahanane, ora krasa pipi iki teles, nangis atiku, prihatin, memelas, meruhi rewele putuku.

Dhuh Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos,

Mugi paduka paring pitulungan dhateng wayah kula,

Paduka enggal paring kasarasan,

Paduka sirnakaken raos sakit saking wayah kula,

Mugi Paduka paring gampil dhateng sedaya urusan tiyang sepuhipun.

Aamiin.

Sejene ora bisa turu awakku krasa lungkrah, bola - bali krasa kudu menyang pekiwan bae, krasa pengin bobotan, krasa pengin toyan, nanging yen wus tekan pekiwan rasa kuwi mau ilang kabeh.

Dhuh Gusti Allah ingkang paring gesang, kula nyuwun kekiyatan!

Apa iki ya kang diarani awak tuwa?

Para pinisepuh nate ngendika ; " Anak putuku, aku ki wis tuwa, wis gerang, segere wis arang - arang"

Mangkono pangandikane simbah.

Yen dak rasa uga ana benere,

Umur yen wis _*kepala lima*_ ( wis seket tahun punjul ) dak rasak - rasakake kok saya ringkih.

Gampang kesel, atine goreh, angel turu, njur gampang kena lelara.

Apa ya ngono?

Contone aku dhewe, mung amarga dikabari putune sing neng adoh masuk angin bae, awake dadi gograk, rasane werna - werna.

Allahumma Robbanasi Adzhibilba'sa Wasyfi Waantasyafii Lasyifa'a lLLa Syifa'uka Syifaan Laa Yughadiru Saqaman.

Muga - muga putuku enggal diparingi mari ... !!!

Aamiin.

( aku sinau nulis , 27012018 )

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Aamiin YRA Mugi Allah ngijabahi pandhongane Utine sing tresno banget marang putune

27 Jan
Balas

Aamiin.Y.R.A. ... Matursembahnwun , Bunda awit pandonganipun.... Aamiin

27 Jan

Putra biasane kalih uti utawi kung langkung raket. Mboten ndhewekki kok bu. Enten tunggile. Salam....

31 Jan
Balas

Njih Pak Wiyono .... , saestu kok. ... ,Alhamdulillah sapunika sampun sehat. .... Salam LITERASI.

01 Feb

Lha nggih dipun tuweni mawon. Kadosipun kang wayah kangen kalihan utinipun.

27 Jan
Balas

Njih, Pak.Edi.P. .... Mugi Allah paring kesempatan.

27 Jan

Amiin.. Mugi2 sedoyo diparingi seger kewarasan... Salam litetasi bu Aliyah..

27 Jan
Balas

Matursembhnwun awit pandonganipun Ustadz.Maghfur ... Aamiin Ya Allah...Y.R.A. .... Salam Literasi juga.

27 Jan

Mugi enggal dangan wayahipun mb aliyah .. Amiiin

27 Jan
Balas

Mugi enggal dangan wayahipun mb aliyah .. Amiiin

27 Jan
Balas

Aamiin.Y.R.A. .... , Matursembahnwun awit doanipun, Mbk.Sulastri ...

28 Jan



search

New Post