aloy sardi

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Dunia Lain

DIJALUKI TULUNG NYURUNG MOBILE SING TUNGGU

Saben pendhak malem Minggu, Mas Poniran mesthi lunga. Embuh lungane menyang ngendi ora ana wong kang padha ngerti. Mung wae, janji bali mulih menyang omahe, bisa dipesthekake penganggone mesthi gluprut kebak regedan. Kahanan kaya ngene ini nuwuhake rasa aneh tumrap tangga teparone. Amarga rumangsa “penasaran”, ana saweneh tangga sing kumawani mbuntuti mungguh menyang ngendi lungane. Pranyata, Mas Poniran saben malem Minggu mesthi lunga menyang ing laladan Jurug, Solo.

Jurug iku mapane ana ing sapinggire kali Bengawan Solo. Ing kono ana jembatan, sing ing kiwa tengene dumadi papan kang “strategis” kanggo wong kang padha andon asmara. Saben malem Minggu, ing laladan Jurug iki akeh wong padha ngadani pacaran, mligine mudha-mudhi. Anggone padha andon asmara padha milih papan-papan kang ndhelik. Mungguh pamrihe, yen arep tumindak apa-apa, ora didenangi dening wong liya.

Apa kang dadi tujuane Mas Poniran saben malem Minggu teka ana ing Jurug ? Apa dheweke uga nindakake pacaran kaya lumrahe wong-wong kang padha neneka ana ing papan kono ? Ora. Mas Poniran jebul nduweni tumindak sing kalebu aneh. Dheweke melu neneka ana ing Jurug mung saperlu nginjen wong-wong sing lagi padha pacaran.

Tumindake Mas Poniran kang ora lumrah kaya ngene iki saiki wis dimangerteni dening wong akeh. Malah ora mung wong siji loro sing ngupaya paweh panyaruwe marang Mas Poniran supaya aja seneng tumindak kaya ngono iku. Nanging kaya-kayane, Mas Poniran ora ngrewes utawa mareni. Mbok menawa dheweke nduweni rasa “marem” meruhi apa kang ditindakake dening wong kang lagi pacaran.

Malem Minggu wingi, tanpa sengaja aku kasil jejagongan sakeloron karo Mas Poniran ana ing Pos Rondha rada sauntara wektu. Kahanan kaya ngene iki miturut panemuku banget nganeh-anehi.

Amarga wus kentekan crita, aku kepeksa kumawani takon,

“Kok, tumben ora lunga, Mas ?”

“Lunga menyang ngendi ?” Mas Poniran malah ganti takon.

“Lho, biasane lunga menyang ngendi ?” pitakonku maneh.

“Jurug ?”

Aku manthuk karo mesem.

“Ah, ora …………” wangsulane Mas Poniran kang mripate sajak nyawang adoh banget tan ana jluntrunge.

“Lha, ngapa ?” pandhesegku.

“Wis … Kapok !”

“Kapok ? Kapok Lombok ?” pitakonku sembranan.

“Ora. Aku wis kapok tenan ….!” wangsulane Mas Poniran.

“Lha, ana apa ? Apa Mas Poniran saiki rumangsa sadhar sawise dikandhani dening wong-wong supaya aja tumindak sing kapetung aneh iki ? Mokal yen ora ana apa-apa kok banjur kapok kaya ngono iku ………..” pitakonku sajroning ati.

“Ora ! Aku sumpah wis ora arep menyang Jurug maneh !”

“Lha, ana apa ?” pandhesegku maneh.

Rumangsa dakdheseg terus Mas Poniran banjur nyritakake pengalamane.

Ing salah sawijing malem Minggu, Mas Poniran nedya mangkat menyang Jurug kaya adat saben. Penganggone sarwa necis. Nadyan kahanan wektu iku grimis riwis-riwis, dening Mas Poniran ora dianggep minangka pepalang. Malah mbok menawa dheweke duwe panemu, sing neneka pacaran ana ing Jurug mesthi akeh lan bakal tumindak sing luwih bisa nggawe “mareme” rasa atine Mas Poniran.

Tekan ing Jurug, Mas Poniran banjur “gerilya” nedya ngupadi wong-wong kang padha pacaran sacara sesidheman. Kaya-kaya dheweke wis nlesih ing papan-papan kang asring dadi pilihane wong-wong pacaran. Ewa semono Mas Poniran durung kasil nemokake. Wektu iku uga udane tansaya deres.

Kanthi kebak rasa anyel Mas Poniran banjur mutusake dhiri nedya ngeyup ana ing sangisore jembatan Jurug kang uga ana dalan aspalane. Lagi wae dheweke ngeyup ana ing sangisore jembatan, tanpa kinyana-nyana ana mobil sedhan weton taun anyar mandheg amarga mesine macet ana ing sacedhake kono. Mesin mobile bola-bali “distarter”, nanging panggah tetep ora bisa urip. Mas Poniran mung namatake wae.

“Huh, mobil apike kaya ngono, kok, macet !” kandhane Mas Poniran sajroning ati.

“Mas … Mas … saget nyuwun tulung ?” pambengoke salah sawijining wanita karo mbukak kaca lawang sandhing sopirane.

Nadyan mung saklebatan anggone nyawang, Mas Poniran bisa mangerteni menawa wanita iku nduweni rupa sing ayu sulistya. Kedereng rasa welase, Mas Poniran banjur nyedhaki wanita mau. Nalika iku Mas Poniran rumangsa gumun. Saka kaca lawang mobil ginandha wewangen kang nyegrak ing irung.

“Pripun, Mbak ?” pitakone Mas Poniran ethok-ethok ora ngerti sing dikarepake wanita sing nyopir mobil iku.

“Nyuwun tulung, pun surungaken, Mas !” kandhane wanita iku karo isih tetep lungguh methengkreng lan tangane nyekeli sopiran mobil.

Mas Poniran ora enggal tumandang gawe kaya sing dikarepake wanita iku. Mripate namatake kahanane wanita mau sing miturut panemune narik kawigatene.

“Tulung, Mas !” kandhane wanita mau karo tangane ngulungake dhuwit rupa abang pengaji satus ewu rupiyah.

Embuh amarga kena dayane apa, Mas Poniran gelem nampani dhuwit satu ewu saka tangane wanita iku, lan banjur ngupaya nyurung mobil sing saiki macet ana ing dalan sangisore jembatan. Nanging wis meh nganti entek dayane, ambegane ngos-ngosan, kringete dleweran mobil tetep panggah ora gelem mlaku.

“Mbake iku, kok, ya ora gelem metu lan mudhun saka mobil, nlesih perangan ngendi sing mbok menawa nuwuhake macet ?” gedumele Mas Poniran.

“Cobi langkung rosa malih, Mas !” pambengoke wanita mau.

Mas Poniran ngupaya ngetog daya sarosane kareben mobil sing disurung bisaa lumaku lan urip mesine. Kaya-kaya daya kekuwatane Mas Poniran wis entek. Awake lemes. Mas Poniran banjur lungguh ndheprok ana ing saburine mobil.

Nalika Mas Poniran ndheprok ana lemah, kaprungu swara aneh, kang ora ana liya ya guyu ngikike wanita saka njeron mobil. Mas Poniran rumangsa kaweden. Dheweke kepengin mlayu ninggalake papan kono. Nanging dheweke kaya-kaya wis kentekan daya. Arep bengok-bengok njaluk tulung, tutuke ora bisa nyuwara.

Untung dheweke isih bisa nyebut Asmane Gusti Allah. Sateruse dheweke eling utawa sadhar menawa sing diadhepi lan maune disurung iku arupa tembok jembatan pengkuh kang kagawe saka beton. Tangeh lamun bisa obah.

Rumangsa sadhar, Mas Poniran banjur mlayu sipat kuping ninggalake papan iku. Tangane tanpa sadhar isih nggegem dhuwit satus ewu rupiyah kang ditampa saka wanita sing maune numpak mobil. Bareng tekan ing salah sawijining papan kang kaanggep aman, dhuwit kang digegem dipasdakake.

Gandrig ! Jebul sing digegem dudu dhuwit, nanging arupa klaras godhong gedhang garing. Sanalika iku uga klaras godhong gedhang iku banjur diguwang.

Krungu critane Mas Poniran kang kaya mangkono iku, saiki aku lagi percaya menawa Mas Poniran wis kapok tenan tumindak seneng nginjen wong kang lagi pacaran. Kabukti wis pirang-pirang minggu dheweke ora lunga kaya adat saben. Malah saiki wus gelem nindakake piwulange agama.

Kiriman: A. Sardi – Solo Baru

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post