ANIK NIKEN ASRININGTYAS

Urip kudu di lakoni kanthi tulusing ati, yen ta ana prahara utawa sukacita iku pratanda kita isih disayang Kang Maha Kuasa. Lakune urip ora ana sing weruh, laku...

Selengkapnya
Navigasi Web
Wancine Ngleremke Ati Sakwise 1000  dina Ngrakit Ukara
By aq

Wancine Ngleremke Ati Sakwise 1000 dina Ngrakit Ukara

Dening Niken Haidar

#tantangannulisdinakaping1000

#guruaiana

#mediaguru

Yen uwis wancine surup. Mesthi age-age nata ati, nata pikir. Gagasan apa kang ana ing pikir. Ngronce sithik mbaka sithik. Nyambungake ukara ben trep ana ati. Supaya sing maca uga seneng, ora mung angger wae anggone nyerat.

Kalakonan sedina rasane dada semangat isih papat lima. Yen wis ngijek angka limangatusan dina rasa jengah, mulai ngusik ana pikir. Ana ati. Ning sing ana mesthi ukara ah, eman temen yen ora kalakonan nganti sak katoge.

Apa asile, mesthi wae tabungan karya tulis. Kari editing mbudalake menyang ISBN, supaya ora diakoni liyan.

Rutin, salah sijine jedanene nata wektu yen wus wancine nulis. Ana ngendi wae bakal dilakoni lungguh sedela ambegan gedhe banjur nulis.

Pancen abot, ning yen dilakoni kanthi santai woles ora krasa beban.

Supaya ora kelangan ide pancen kudu pinter-pinter ngawasi nlisik kahanan apa wae kang bisa didadekake tulisan. Lan sing mesthi kudu belajar terus, ora mung ana sak genre sing dikuasai. Gonta-ganti genre kanggo ngatasi jengahe ati.

Mung niku tips kang saged kula paringake. Nyuwun pamit sauntara jeda nulis pindah wonten kegiatan nulis ing pangenan sanes. Sing penting tetep maos nulis kang piguna.

Alhamdullillah pun wancine ngleremake ati sekedap

Joglo

Mjk2312022

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post