Anita

Anita Sumadi,M.Pd. Pernah belajar di SDN Penambongan 1, SMPN 1 Purbalingga, SMUN 1 Purbalingga. Pernah kuliah di STAINU Kebumen, dan IAIN Purwokerto. Suka memba...

Selengkapnya
Navigasi Web

Kudu Kepriwe

Guru jaman now, hasile pendhidhikan jaman now. Apa pancen dhasare muride sing jaman now, dadi gurune sing kudu melu ngetutna jaman now. Apa jane tujuan pendhidhikan? Mesthi jawabane werna-werna ning intine padha lan mesthi kuwe barang sing maen utawane apik.

Bareng ana kisaeh Pak Budi, guru budiman sing dadi korban polah tingkahe muride dhewek. Jane pirang-pirang kasus sing mungkin bae ora katon merga ora diekspos neng media massa.

Kekerasan neng dunia pendhidhikan, sing akeh disorot mesthi kekerasan guru maring murid. Kekerasan murid maring guru, apa iya ora ana. Secara fisik apamaning psikis jane ya akeh, mung ora tau dadi perhatian serius. Pisan pindho ya tau, ning bubarane ya padha utawa meh padha. Sebagian akeh masyarakat tetep ngecap sing salah ya gurune. Bocah esih di bawah umur, ora melbu hukum, melas esih mangsane belajar, wajar nek esih kurang ajar. Kaya kue mesthi jawabane. Angger wadul karo wong tuwane murid, ana sing pendhapate, “Mulane si anake nyong tek sekolahna wong kon dadi bocah pinter tur bener. Nek teyeng si tek wulang dhewek. Ya ora ina neng umah ya wis desinauni sing bener-bener, nanging priwe maning genah kaya kue kahanane anake nyong. Tugase guru pancen kon ndhidhik bocah”.

Mendhing angger banjur dilanjut, “Nggih boronga Pak Guru kalih Bu Guru ... monggo anake kula dedhidhik sing estu. Kula malah seneng menawi anake kula dewaraih ken sopan, dewaraih ken bener. Menawi boten manut nggih monggo dijewer mawan”. He.. he...

Sedulur,kaya kue mau pendhapate sebagian wong tuwa. Sing sebagian akeh beda maning. Ora bakal trima angger anake diomongna ora sopan ora apik, apamaning diomong bodho. Dadi guru kue ora kena kesuh ora kena jengkel. Padhahal guru ya menungsa biasa.

Ngelingi kedadean winginane, ana guru negur muride, semanaha niate bangeting uapikkk,,tetep bae kue malah dadi ora apik. Priwe jal. Kayane suka meneng bae. Laa... apa si ora akeh guru sing akhire ora urus karo akhlake murid. Penting mulang, bisa ngonoh, ora ya ngonoh. Murid-muride akhlake bener ya ngonoh, ora ya jor bae. Ora maido, guru-guru sing kaya kue ya duwe alesan. Siji, wedi mbok malah sikape ndandani akhlake murid malah dadi ora kebener. Loro, nggolet aman bae, susah-susah mikir akhlake anake wong liya, gelemen.

Ana maning guru sing keder, arep teguh cekelan waton, kekeh ndandani akhlake bocah, eh... kesel dhewek, kanca batire wis ora kaya kue maning. Arep udhar, jor, ora mikir, eh... neng ati protes. Masa si?!..Jiand. Allohu Akbar.

Mulane ndhisit jane arep melbu FKIP ya ragu-ragu, apa iya temenan bisa dadi guru (digugu lan ditiru). Aja –aja akhlake bocah sing kurang trapsila mergane nyonto gurune. Ana peribahasa “Guru kencing berdiri, murid kencing berlari”. La kepriwe angger guru kencing berlari?!. Conto sing gampang, Guru omong-omongan karo muride, mergane saking cedeke, terus nganggo Basa Jawa ngoko, nyong karo ko. Ora Bahasa Indonesia sisan, tenggun. Terus kapan murid arep belajar tata krama.

Wirasaba, 24 Feb 2018

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Sae sanget Bu ...

01 Jun
Balas

Tetep kedah sabar ngadhepi murid lan tiyang sepahipun, nggih Bu?

03 Mar
Balas

Nggih Pak.. Maturnwn sdh pinarak..

05 Mar

Mending dadi pengawas bae bu

03 Mar
Balas

He he...Ibu Pengawas lho jian...

05 Mar

Maturnwun Bpk Ibu ...atas kunjungannya...

05 Mar
Balas

Sae sanget seratanipun bund

03 Mar
Balas

Maturnwun Bunda...

05 Mar

Nggih Bu ... pancen guru saniki niku jan kudu kuat lair bathin sabar ngadepi bocah ... padahal bocah siki jan ... penanganane beda karo jamane awak dewek ... mulane kudu ngati2 .....

03 Mar
Balas

Bener Buu...

05 Mar

Kalimate maen pisan Bu Anita, tip markotop pokoke...

04 Mar
Balas

Maturnwun Mba ..

05 Mar

Nggih kedah miturut paugeran bu. Wonten perkawis tartamtu mungkin guru kedah saget mengeikuti perubahan zaman, ananging kaitanipun perkawis ingkang sanget wigati tumprap pendidikan guru nggih kedah jejeg ngugemi paugeran. Mboten pareng kadhos kebo nusu gudel. pemanggih kulo mekaten bu.

03 Mar
Balas

Nggih..leres sanget Pak...sinaosa radi awrat... Maturnwun...

05 Mar



search

New Post