Edisi Ngapak
WALI KELAS JAMAN NOW
Dadi wali kelas kanggone guru kuwe barang lumrah. Meh kabeh guru nang sekolahan utawane madrasah olih tugas tambahan dadi wali kelas. Semono uga karo inyong. Inyong ya wis kawit jaman gemiyen olih tugas tambahan dadi wali kelas. Sekiye inyong mulang nang madrasah aliyah, lan dadi wali kelas XII IPS.
Dadi wali kelas jaman now kuwe angger tekpikir-pikir jannn beda nemen kambi dadi wali kelas jaman gemiyen. Apamaning dadi wali kelas nang madrasah aliyah, kelas XII, tur nang kelas IPS. Wis dadi jamake angger kelas IPS kuwe ya terkenal bocahe “maen-maen”. Mulane angger dadi wali kelas neng kelas IPS ya ususe kudu bener-bener dawa, bisa deulur-ulur nganti ibarate langka pog-e.
Wali kelas jaman now kuwe kudu bener-bener dadi wong tuwa kanggone bocah-bocah nang kelas sing dadi tanggung jawabe. Maksude ya kudu bener-bener bisa ngarahna, bisa ngandhani, bisa dadi panggonane “curhat” tumrape bocah-bocah.
Bocah kelas XII kuwe dudu bocah cilik maning. Bocah-bocah umuran semono akeh-akehe wis padha duwe “gandhengan”. Bocah-bocah umuran semono wis akeh polahe kanggo mikat lawan jinise. Bocah-bocah sing dadi tanggung jawabku ya semono uga. Tapine, angger dadi wali kelas ya kudu bisa mernah-mernahna, endi sing pas, endi sing kurang pas kanggone bocah-bocah. Wis gedhea, wong jenenge bocah, ya tetep bae sering tesih nganggo karepe dhewek, ora preduli maring wong liya, ora preduli maring tatanan.
Nang sewijining dina, bar rampung pelajaran, inyong lagi mlaku sekang kelas maring kantor guru. Tekan penggokan, ijig-ijig keprungu gedhubrug-gedhubrug bocah padha mlayu. Inyong banjur takon maring salah sijine bocah kelas XII IPA 1 sing kebeneran ngarep kelase tekliwati.
“Ana apa ya, deneng miki pating gedhubrug temen?”
“Niku Bu, murid kelase Ibu sami mlajar mlebet teng WC pas pirsa Bu Guru badhe mriki.”
“Lha kenang apa deneng padha mlayu?”
“Anu niku Bu...sami ngangge lipstik.”
“Lha siki padha nang endi?”
“Sami mlebet WC teng ngandhap tangga niku Bu. Wau nggih wonten sing mlajar minggah teng kelas IPS.”
Bar ngomong matur nuwun inyong gagiyan nuju WC. Inyong ngadeg jegreg nang ngarep lawang WC. Inyong meneeeng baen nunggu ngantekan lawang WC debukak. Bareng lawange mbukak....
“Dhooorrr...! Hayuhhh padha ngapa jajal umpetan nang WC! Ngeneh padha kumpul! Kae miki sing mlayu munggah ndhuwur deundang kon melu kumpul ngeneh!”
Mesthi bae bocah wadon telu sing umpel-umpelan nang WC kaget setengah modar. Tekdeleng jannn...pancen lambene padha abang menger-menger kaya bar mangan pitik mentah. Klamite...engganen bocah sekolah koh nganggo lipen sing rupane abang menger-menger kaya kuwe. Inyong sing wis tuwa be ora wani meng sekolahan nganggo lipen sing rupane ngether.
Bocah-bocah sing padha lipenan banjur kumpul. Sing mlayu munggah mau uga melu kumpul tapine lipene wis dibusek ketara abang-abange ngantekan mblabar maring pipi.
“Owalaaah...astaghfirullaahal’adziim...lha kuwe anu lagi kepriben, deneng koh lambene padha abang menge-menger kaya bar mangan pitik mentah.... Kowe kabeh garep padha maring endi...?”
“Anu Bu...,” ujare Winda karo plirak-plirik maring batire. Batir-batire padha sikut-sikutan. Pas kuwe sekolahan wis sepi, guru-guru karo murid-muride wis padha bali.
“Nggih mboten teng pundi-pundi, Bu. Anu badhe wangsul,” ujare Sesy karo kamiweden.
“Jajal padha ngaca...apa patut enggane bocah sekolah koh lambene menger-menger kaya kuwe. Lha wong inyong sing tuwa be angger wis wektune bali kaya kiye be lipenku malah wis ora genah, lha kowe koh malah garep bali ndadak padha lipenan. Kuwe kan ora maen. Wis, siki garep bali temenan apa ora?” ujarku kambi mbedhedheg.
“Nggih Bu, badhe wangsul,” ujare bocah bareng-bareng.
“Ya wis, siki lipene padha dibusek!”
“Nggih, mengkin Bu.”
“Ora mengkin-mengkin, pokoke siki dibusek! Kuwe Friya, lipenmu malah gutul pipi, mau nang ndhuwur gole mbusek kepriben....” ujarku karo mesem.
Bocah wadon papat banjur padha usreg mbusek lipen kambi cekikikan. Jan-jane ya mesthi mbedhegel maring inyong. Tapi genah anu barang ora maen ya dadine tekomong. Inyong nyawang polahe bocah wadon papat kuwe kambi mesam-mesem.
“Sampun, Bu Guru,” kandhane Winda bareng gole usrek wis rampung.
Teksawang lambene wis padha mbalik normal.
“Ya wis, siki ko padha wis olih bali. Lipenan kaya mau kae, rupamu dadi kaya tante-tante, ora kaya bocah sekolah.”
“Nggih Bu, kulo nyuwun pangapunten,” ujare bocah papat mau bareng-bareng.
Bar kuwe banjur padha pamitan, nyalami tangane inyong kambi ngambungi gegere tlapak tangane inyong.
Esuke, ndilalah ana jadwal mulang nang kelase inyong. Mulane sedurunge mulang, inyong nyelakna wektu sepuluh menitan kanggo ngandhani lan ngarahna bocah-bocah. Kuwe wis dadi kebiasaanku minangka wali kelas. Intine ben bocah-bocah padha taat maring aturan madrasah, ben bocah-bocah padha semangat gole sinau, ben bocah-bocah padha dadi anak sholih sholihah sing bisa dibanggakna neng wong tuwane. Bar ngomongi kaya kuwe, inyong banjur kandha,
“Inyong ora bakal ngrazia kowe kabeh, utamane bocah wadon. Siki gari kesadharanmu kabeh bae, jajal, siki sing nggawa lipen, lipene ngeneh dekumpulna neng meja guru. Nyong ora garep mbukaki tasmu siji-siji. Nyong mung butuh kejujuranmu kabeh.”
Teksawang bocah-bocah padha pating clinguk. Ora let suwe ana bocah wadon telu ngadeg banjur mlaku meng ngarepku. Bocah telu mau banjur ngglethakna lipen neng meja guru.
“Kesewun ya, kowe bocah telu wis jujur.”
“Nggih Bu.”
Bar kuwe ndlidir ana bocah pitu maning sing maju banjur ngglethakna lipen-lipene neng meja guru. Inyong kaget banget. Nyatane angger ngomongi bocah ora nganggo emosi ya bocah-bocah deneng padha manut.
“Wis kiye? Mung bocah sepuluh? Kuwe Winda, Sesy, Friya, ora nggawa lipen?”
“Mpun mboten Bu, saestu.”
“Ya wis. Nganggo lipen neng sekolahan kuwe jenenge wis ora manut tatanan sekolah. Neng tatanan sekolah mbokan ana sing unine ‘Siswa dilarang berdandan berlebihan’. Lha angger lambene nganggo lipen kuwe dandan ‘berlebihan’ apa ora?”
“Berlebihan Buuu...,” saute bocah sekelas.
Bar kuwe tekcatheti jenenge bocah-bocah sing nggawa lipen karo merk lipen sing digawa. Cathetane tekbungkus bareng lipen-lipen mau.
“Kiye lipene teksimpen. Sing garep njiot lipen ya ngesuk bisa, tapi sing njiot kudu wong tuwane, bisa biyunge utawa ramane.”
***
Wali kelas jaman now ora kena ‘jaim’ (jaga image). Wali kelas kudu nyawiji karo bocah-bocah sing dadi tanggung jawabe. Angger ana lomba ‘antarkelas’, wali kelas jaman now kudu preduli maring kelase. Ngrembug bareng-bareng karo bocah-bocah, melu aweh penemu mungguhe lomba-lomba sing garep depeloni kelase, melu urun rembug babagan amrih maene kelase. Angger wali kelas preduli kaya kuwe, mesthi bocah-bocah seneng lan cedhek maring wali kelase.
Wali kelas jaman now ya kudu siap dadi panggonan ‘curhat’ tumrape bocah-bocah sing duwe masalah. Masalah apa bae, molaih sekang perkara sekolah, gandhengan utawa pacar, nganti tekan masalah keluarga neng ngumah sing bisa nganggu ‘konsentrasi’ sinaune bocah.
Wali kelas jaman now kudu ngerti medsos, kudu dadi anggota grup WA kelas sing dadi tanggung jawabe. Merga neng WA kuwe wali kelas ya bisa menehi pitutur lan sembur. Seliyane kuwe, wali kelas jaman now lewih maen angger bisa dadi ‘teman facebook’-e bocah-bocah sing dadi tanggung jawabe. Wali kelas bisa ngerti wateke bocah liwat facebook: status, foto, lan liya-liyane. Lhah angger nemoni bab-bab sing ora maen neng FB-ne bocah, ya neng kelas bisa dirembug bareng. Utawa angger perkara pribadi, ya bocah sing duwe masalah kuwe deundang banjur dekandhani.
Wali kelas jaman now ora prelu ngomyang-omyang, kesuh sing kliwat wates maring bocah-bocah. Enggane kesuh maring bocah ya tetep kudu bisa njaga tata krama, njaga omongan, njaga sikap, lan njaga laku aja ngasi keladhuk kebanjur malah nerak tatanan. Wali kelas jaman now ora mung prentah maring bocah, tapi kudu bisa aweh tuladha. Kanthi aweh tuladha, ora kakehan omong, apamaning kakehan prentah, mesthi boch-bocah ya bakalan rikuh pekewuh. Dadine, bocah-bocah ya mesthi padha manut.
Inyong ngalami ana bocah lanang sing duwe masalah keluarga neng umah. Ramane karo biyunge saben dina padu. Ramane nudhuh biyunge slingkuh, karo jere ora bisa ndhidhik anak. Lha anak lanange kiye ora trima lamon biyunge saben dina diunek-unekna kaya kuwe neng ramane. Kuwe bocah saben dina ‘japri’ meng inyong. Jan melasi pisan. Malah sering japri bengi-bengi, jere karo nangis, terus kirim poto ben inyong ngandel nek dheweke lagi nangis. Tapi ya temenan, potone kuwe luh-e dleweran, mripate bengep merga nangise mesthine ya anu wis suwe.
Nang sewijining wektu malah kandha menawa dheweke karo biyung lan adhine lunga sekang umah mergane biyunge krasa wis ora kuwat deomyang-omyang bae neng ramane. Inyong ya ngandhani lamona kuwe bab sing ora maen. Inyong njaluk meng dheweke kon ngrayu biyunge ben gelem bali ngumah maning. Alhamdulillaah wektu kuwe ya biyunge bali ngumah maning. Tapi nyatane masalahe bocah kiye ora rampung nang kono. Pas dina Jemuah sore dheweke japri maning, nyritakna nek pas sedurunge Jumatan ana bapak-bapak marani dheweke, ngomong nek jere ramane kuwe slingkuh karo bojone bapak-bapak mau. Inyong ya ngandhani kon aja gampang ngandel maring omongane wong liya angger ora ana buktine. Maene ya golet bukti dhisit, nembe olih ngandel maring omongane bapak-bapak mau.
Lha wingi mbengi, meh jam setengah rolas mbengi, lawang umahku didhodhog-dhodhog uwong. Ora let suwe njur bel umah ya moni. Inyong pancen mandan wedi, ana tamu koh wis meh tengah wengi. Inyong njaluk meng bojoku kon mbukakna lawang.
“Sinten nggih?’ takone bojoku maring wong sing dhodhog-dhodhog.
“Kula Isnu, Pak.”
“Bu, kiye jere Isnu. Isnu sapa kiye ya Bu?” takone bojoku lirih-lirih. Mak dheg! Inyong sekal kaget pisan. Isnu kuwe ya jenenge bocahku sing lagi duwe masalah keluarga.
“Owalah, Pak, jajal debukakna lawange. Wadhuh, aja-aja kae bocah mingeneh karo biyunge lan adhine...,” ujare inyong jan karo gemeter pisan. Inyong rasane melas pisan maring Si Isnu kiye. Bojoku kukur-kukur sirah sing mesthine ora gatel. Tek deleng praenane bojoku kaya wong bingung. Nyong ya maklum merga bojoku ra ngerti perkarane.
Bojoku mbukakna lawang terus manggakna Isnu dekon mlebu. Isnu dhewekan. Dheweke nggawa tas rangsel. Inyong gagiyan nemoni dheweke.
“Kepriwe Anak Lanang? Sekang endi? Apa garep ngendi kiye?” takonku nyrocos saking kewatire.
“Bu, nyuwun ngapunten, niki ndalu-ndalu ngganggu Ibu.”
“Iya, ora papa. Kepriwe Cah Bagus?”
“Niki Bu, kula sampun angsal buktine. Sonten wau kula dekancani Catur kalih Ari menangi bapane kula kalih slingkuhane. Slingkuhane niku tiyang estri sing nate nyambut damel teng tokone kula, Bu. Enjing wau antawis jam sanga bapa kesah mbekta mobil. Kula kalih rencang-rencang wau ngetutaken bapa. Jebulane bapa janjian kalih slingkuhane, Bu. Slingkuhane numpak motor, motore dititipaken teng penitipan motor. Mobile bapa nggih diparkir teng sebelahe mriku. Jan-jane kula ajeng nglabrag pas niku, tapi mboten kecandhak. Kula lajeng nengga ngantos sonten, ngantos bapa kalih tiyang estri niku wangsul. Masya Allah Bu...tiyang estri niku mbekta blanjaan kathah sanget, nembe mborong-mborong. Kula rasane nelangsa sanget, Bu.”
Dhadhane inyong rasane sesek banget krungu critane bocahe inyong mau. Melas banget, bocah sing sedhela maning ujian kudu ngalami perkasa sing abote kaya kuwe. Inyong nerusna ngrungokna critane Isnu.
“Tiyang estri niku sampun numpak motor malih. Bapane kula nggih mpun teng mobil. Pas mobil kalih motor niku ajeng nyabrang, kula langsung jleg! Ngadhang teng ngajeng mobil. Bu, jan-jane kula mpun jengkel sanget, tapi kula enget adhi kula sing tesih alit. Kula ngupaya sekiyat tenagane kula kangge nahan emosi. Bapa lajeng mbikak kaca mobil. Kula namung saged sanjang teng bapa ‘Pa, perkara kiye derampungna neng umah, Bapa tektunggu neng umah’. Kados niku, Bu.”
“Astaghfirullaahal’adziim. Dadi bener apa sing dekandhakna bapak-bapak pas Jumatan kae?”
“Nggih, Bu, leres slingkuhe nggih kalih garwane bapak-bapak niku. Kula sampun gadhah bukti. Foto-foto lan video. Keleres Catur nggih ngrekam kedadosan wau teng video. Videone nggih mpun kula simpen. Niki ideone Bu.”
Inyong banjur njingglengi video sing deputer Isnu karo istighfar bola-bali. Video kuwe tekjingglengi nganti rampung. Inyong jan melas pisan enggane bocah sing dhela maning ujian kudu ngalami sing kaya kiye.
“Cah Bagus, kowe ya kudu sabar. Buktekna meng ramamu angger dhidhikane biyungmu maring kowe kuwe maen, ora kaya sing detudhuhna ramamu.”
“Nggih Bu, enggane kula niki mboten sae, mesthi bapane kula wau mpun jannn...mesthi mpun kula jotosi mboten kantenan. Tapi kula kan mboten kados niku, Bu. Kados napaa niku nggih bapa kula, kula enget kalih ibu lan adhi kula. Niku sedaya kan bimbingane Bu Guru teng kula. Kula nyuwun ngapunten ndalu-ndalu ngganggu Ibu kados niki. Kula bingung, Bu, ajeng sanjang teng ibu kula genah ibu saweg kados nika. Dados kula nggih sanjang teng Bu Guru sing mpun kula anggep minangka ibu kedua kangge kula. Bu Guru ingkang sampun saged nasehati kula supados saged bertindak dewasa, supados kula saged mbuktekaken teng bapa nek kula niki anak sing sae. Matur nuwun sanget nggih Bu....”
Wektu kuwe Isnu pancen wis keton tatag banget ngadhepi perkara keluargane. Inyong terus ngandhani ben dheweke bisa tambah kuwat lan semangat, utamane merga dheweke sedhela maning garep ngadhepi ujian. Inyong ya ngandhani kreben dheweke aja ngasi katut pergaulan sing ora maen. Inyong pancen kewatir mbok ngasi dheweke malah milih batir-batir kumpul sing ora genah. Mulane dheweke tekjak mikir biyunge, mikir adhine, ben dheweke semangat lan terus nglakoni bab-bab sing maen, sing positip. Bareng wis sareh, wis keton tambah kuwat, wis plong, Isnu pamitan.
Ya, kaya kuwe nyatane dadi wali kelas jaman now. Kudu ‘siap setiap saat’ enggane ana bocah sing dadi tanggung jawabe sing lagi ngalami masalah.
Wali kelas jaman now kuwe kudu bisa dadi wong tuwa, dadi guru BK, dadi psikolog, dadi batir, dadi sahabat, lan dadi panggonan ‘curhat’. Wali kelas jaman now pancen lewih akeh tantangane timbangane wali kelas jaman gemiyen. Mulane, mayuh tetep semangat lan tetep sabar ngadhepi polahe bocah-bocah yaaa...! Hidup wali kelas jaman now!
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Diiih dadi eling gemiyen th 2013 -2014 yaaa,,,murid lanang curhat bapane duwe maning,,kayong siki adine saka ibu maru ne dadi muride nyong maning. Nelangsa bu,,sing korban bocah bocah,,
Genah iya kowhhh...mulane angger dadi wong tuwa ya kudu tetep ngemuti anake, ben anak aja ngasi dadi korban.
Mantep sanget. Niki cocok dados wali kelas jaman now. Ideal. Siip.
Dawa pisan ya bu... Tapo apik
Heheee..... Mumpung gelem nulis......
Subahanallah...Ibu sungguh bijak
Menghadapi siswa tingkat Aliyah (setara SMA) memang harus lebih bijak By....
Menghadapi siswa tingkat Aliyah (setara SMA) memang harus lebih bijak Bu....
Bu asih, ngaten lho...
Ngoten kados pundi niku Bu Sumintarsih?
mantep sanget bu, maca campur rasane. ngguyu, nggregel, lan kagum....apa si ya basane kagum...
Lengkap temen kuwe gole ngrasakna..... Matur nuwun ya Jeng Eti....