Bonari Nabonenar

Penulis cerita: Cinta Merah Jambu, Semar Super, Mimpi dan Badai. Kini ikut keroyokan memanjangkan umur: nggalek.co...

Selengkapnya
Navigasi Web

Jawa, Arep Jawa, Durung Jawa, Ora Jawa

Jawa iku bisa kanggo nyebut saweneh pulo ing antarane ewon pulo ing bumi Nusantara, Pulo Jawa. Uga bisa kanggo ngarani saweneh suku bangsa: Jawa. Kajaba iku, jawa iga mengku teges kadewasan, utawa ngenani rasa-pikir, prilaku, kang wus nyekrup karo norma, adat, sopan-santun-e bebrayan Jawa.

Mula miturut Prof. Ayu Sutarto warga (suku bangsa) Jawa iku bisa kaperang dadi: durung jawa, wis jawa, arep jawa, ora jawa. Kang klebu golongan durung Jawa iku: bisa bocah, bisa uga kang umure wis klebu dewasa nanging patrap utawa kelakuane isih mblakrak. Kosokbaline, senajan isih bocah yen kelakuane becik, ngreti tatakrama, sopan, biasane njuk dikomentari, ”Gene kok wis jawa ta, kowe!”

Kang diarani arep jawa iku kang miturut umur kudune wis dewasa, kulina mblakrak, nanging sawijining wektu nuduhake tumindak ngowah-owahi pakulinane. Cara wong lara ngono, wis nuduhake tandha-tandha arep mari. Dene kang diarani ora jawa kuwi wong kang yen nitik umure wis dewasa, nanging kelakuane prasasat ora tau bener.

Sawutuhe bisa diturut lumantar jluntrungan ngisor iki:

https://mojok.co/bon/corak/rerasan/2019gantipresiden-yen-diwawas-nganggo-cara-jawa/

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Mugi-mugi seng wis jawa iso njawani, ojo mung dumeh

25 Aug
Balas

jawa sing njawani nggih ?

24 Aug
Balas

Nggih.

24 Aug

Jadi belajar bahasa jawa, terimakasih.

24 Aug
Balas

Nggih sami-sami.

24 Aug

Matur nuwun Pak...niki seg sinau dados jawa....

24 Aug
Balas

Mangga, sami-sami matur nuwun

24 Aug



search

New Post