Sri Ayu Sipah

Alumni IPB dan Kepala MTs Darul Hikmah Subah di Kankemenag Kabupaten Batang. Belajar dan terus belajar dalam universitas kehidupan untuk berika...

Selengkapnya
Navigasi Web
Shalawatan Slamet lan Kang Surip
lugu iku dalan alus kanggo ilmu bisa mlebu

Shalawatan Slamet lan Kang Surip

Kang Surip tenguk-tenguk lungguh ning kursi, dikancani kopi pahit lan udud Gudang Garam. Atine grundel yen kelingan Slamet, tukang azan Langgar Darul Hikmah. Saben tibane wayah shalat, Slamet mesthi kaya mabur mlayu mlebu Langgar, nyekel mikrofon, banjur azan kanthi swara menthul-menthul kayata Serabi Kalibeluk Warungasem. Sakbubare azan, kalanjut shalawatan. Shalawatan iki kang dadi pikirane Kang Surip. Ora eling wayah Maghrib, Isya, Subuh, Zuhur, lan Ashar. Shalawatane’ yo mudek mulek anamung siji kuwi, kaya ora ana shalawatan liyane.

Jane swarane Slamet yo ora pati apik, tapi semangate’ kanggo ngopeni mushala ora ana kang bisa nandingi. “Ya Allah Gusti, Pangerane’ kula, Nabi Muhammad, Nabi kawula, Nabi Muhammad, Nabi pungkasan, tilar wasiat kitab Qur’an dadi panutan. Allahuma shalli wassallim ala, Sayyidina wa Maulana Muhammadin, Adadama bi’ilmillahi shalatan, Da’imatan bidawami mulkillahi” kaprungu swarane Slamet sakubenge’ kampung. Kang Surip banjur njupuk sarung lan mlaku menyang Langgar, “Iki wis tekan titi wancine, Aku kudu ngomong karo Slamet” guneman Kang Surip ing ati.

Sawise salaman shalat zuhur, Kang Surip kanthi ati-ati nyedhak’i Slamet. “Met, Aku ki seneng krungu sholawatanmu, yo apik”. Slamet pringas pringis dialem. Kang Surip banjur nyambung maneh “Tapi, sholawatanmu iki egois”, Slamet bingung “Kok egois piye to, Kang Surip?”. “Lha ora egois piye, kabeh kok pek dhewe, Gusti Allah mung Pangeranmu, Nabi Muhammad ya mung Nabimu, tanggamu ora uman” pitutur Kang Surip kanthi anyel ndelakke’ Slamet sing plonga plongo ngruoake’.

“Lha Nyong kudu piye, Kang ? pitakon Slamet kanthi lugu. “Ganti shalawatanmu, aja manggon, ben tanggamu uman barokahe” wangsulane Kang Surip sinambi mlaku metu Langgar. “Siap, ngko Ashar takganti ya, Kang Surip” sikile Slamet jingkrakan kaya Manuk Prenjak ning Wit Karsem ngarep Langgar.

Pas wektu Ashar, Kang Surip ngenteni shalawatane Slamet sakpungkasane azan. Lhadalah, kaprungu swara menthul-menthul “Ya Allah Gusti, Pangerane’ Surip, Nabi Muhammad, Nabine Surip...”. Durung rampung shalawatan kuwi, Kang Surip wis mencelat mlayu ning Langgar lan ngaplok Slamet nganggo kopyah. Jama’ah saklanggar padha gumuyu ngakak. “Lha piye to, Kang Surip, iki sampeyan ben uman, Gusti Allah lan Kanjeng Nabi ora mung kanggo Nyong thok, uga kanggo Sampeyan” wangsulane Slamet kanthi polos. Duh...Slamet...Slamet.

Sugeng rawuh ing jagat literasi, jagat waca lan tinulis kagem mbikak adab zaman, jagat buku kagem ilmu katumpu.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Telat sy baca cerkak nya ibu, duuh sy sampai tertawa sendiri, ceritanya menggelitik, seru, alami .... ditunggu lagi yang menghibur hati bu ....

13 Dec
Balas

Njih, Ibu Endang. Matursembahsuwun. Anamung cerkak sederhana kagem nguri-uri budaya jawi. Insya Allah akan selalu Ayu post cerkak setiap hari Sabtu. Terimakasih, Ibu.

13 Dec

Oalah Slamet...Slamet. Kulo mesam-mesem maos cerkak menika. Matur nuwun Ibu Ayu. Ditenggo cerkak selajengipun.

06 Dec
Balas

Matursembahsuwun Ibu Dyahni, kagem pepenget mawon lan nguri-uri budaya jawi. Insya Allah badhe nyobi konsisten ndamel cerkak, mboten ketang seminggu sepindah kados aturipun Ibu Rini, unggal Sabtu.

06 Dec

wowwww...Bunda Sri ...pinter sangeet damel cerkak, ceritanya juga seru, sampe senyum-senyum sendiri saya bacanya. Salam literasi Bunda Sri..sehat dan bahagia selalu

06 Dec
Balas

Matursembahsuwun Bunda Marlupi, anamung ajar meniko Bunda. Ayu taksih latihan mlampah. Mugi paring istiqomah lan istimrar ten margi menika

06 Dec

Yo...ngono iku, nyampeke pesen kambek wong seng "lugu" payah nyambunge. Men pun ngono, semangat kang Slamet pantes ditiru. Suorone memang gak apik, tapi rajine iku seng hebat tenan. Mugi-mugi Kang Surip sabar nuturi Kang Slamet. Insya Allah. Alhamdulillah, horeeee....bisa komentar pake bahasa jawa "masir-masir" sumatera. Jazakillah khoir untuk cerkaknya, bu guru. Salam sehat dan sukses selalu. Barakallah.

06 Dec
Balas

Haduuh Ibu ..., niki basa jawa saking pundi, kok ya morat marit ora karuan. Pujakesuma beraksi dengan bahasa jawa yang tak beraturan, tapi tersirat jelas niatan baiknya njih Ibu. Semog Kang Surip bisa nuturi Slamet dengan telaten dan lebih sabar. Suara bagus tapi tak dibawa ke mushalla, masih lebih baik suara agak fals tapi untuk kumandangkan lafaz Allah. Dukung full Slamet untuk tetap shalawatan sak isone.

06 Dec

Basa jawa "masir-masir" medan...hihihi.

07 Dec

Waduh aku bagaimana ini. Sepertinya sdg baca shalawat yah. Mbak Ayu...

06 Dec
Balas

Translate pakai kamus Jawa ya Bunda Ropi, atau japri dengan jalur khusus untuk translate langsung dengan penulisnya hehehe..., Insya Allah Mbak Ayu tak bermaksus membingungkan pembaca, ini cerkak (cerita cekak) versi Jawa, bagian dari langkah kecil melestarikan budaya Jawa. Termikasih Bunda Ropi.

06 Dec

Kulo dados kepengin gumujeng maos cerkak meniko...Kulo nate damel artikel ngagem bahasa mbanyumasan pas dinten Minggu...nanging dipun sanjangi teng Pak Edi bilih kagem artikel bahasa daerah wonten jadwalipun dinten Sabtu..Sugeng enjang Bu Ayu mugi2 diparingi wilujeng kaliyan kasarasan..Barakallah.

06 Dec
Balas

Monggo Bu Rini, ampun dipun tahan. Mangke medhal ngandhap lho ...njih matursembahsuwun infonipun terkait unggal Sabtu kepareng unggah artikel basa daerah. Matursembahsuwun Ibu Rini.

06 Dec

Mbaaa ku sayang... Aku ndak mengerti artinya. Translate dong mba.. Sukses terus mba. Barakallaah

06 Dec
Balas

Translate lewat telfon saja ya Bunda sayang, nanti dikirimkan via wa ya, hehehe..., khan Riau rasa Jawa.

06 Dec

Makasih saudariku tersayang sudah meneleponku siang ini. Barakallaah

06 Dec

Afwan Bunda Nurmalia, seru ya translate singkatnya. Ditunggu di Pekalongan saat lebaran depan. Biidznillah..., semoga bisa berjumpa.

06 Dec

Cerkak kados niki ngangeni... Kemutan cerkak wonten majalah Penjebar Semangat.Maturnuwun bu, Kang Surip lan kang Slamet tamba kangen. Sholawatan asyik...

06 Dec
Balas

Njih Ibu Fila, majalah Penyebar Semangat mpun mboten nate ketingal ten mriki. Monggo dipun tenggo cerkak-cerkak salajengipun.

06 Dec



search

New Post