Corona

Corona Kristin hariwurdani Guru Sejarah di SMA N 2 Magelang S1 di UNY. S2 di UPY Pendiri PAUD Cerdas Ceria Ketua Yayasan Cerdas Ceria Indonesia Pe...

Selengkapnya
Navigasi Web
Mlancong

Mlancong

Dino Kemis sore aku lan sak Brayat keluargo Ageng SMAN 2 Magelang pigenik menyang kepulauan seribu. Aku numpak bis sing arane bis Pandawa 87 biro sing ngladeni Poro konco kasebut Jayakarta tour. Patangpuluhan prokonco sing Podo dolan menyang kepulauan seribu sing mesti Nang pulau Tidung. Seko Magelang Dino Kamis jam 16.00 banjur mangan bengi Nyang Kurnia Jatim sing Nyang Kendal. Esuk-esuk subuhan Nyang Masjid Istiqlal banjur sikatan LAN salin seragam ijo. Pinuju kepulauan Sewu menyang pelabuhan kali adem numpak Bahari 37.

Seko pojok lor mpe kidul numpak pit. Dolanan banyu sing kasebut snokling, banana boat lan sofa but. Rame rame karo konco dolanan banyu seneng e Ra karuan lali bojo lali anak. Sak ambane pulau 109km. Nang pulau Tidung Kuwi aku nginep Nang Griya Rahma sak kamar Ono kamar Kono sak kamar wong loro. Glundang-glundung neng amben sing Ombo tenan.

Pas dolanan snokling aku kelebon banyu laut sing asin tenanan. Bengine aku Watuk Ra uwes-uwes marai Ra iso turu. Irunge rasane pengir tur nyegrak. Konco sak kamarku suenenge Ra karuan amergo numpak kapal Gedang " banana boat" sakwene seket tahun lagi sepisan Jenenge Puji Astuti. Pas nyabrang numpak kapal Bahari 37 Ono ombak gede-gede dadi koncoku Podo mabuk laut muntah-muntah mergo angin LAN ombake ngontang-ngantingke kapal sing ta tumpangi. Sekitar siji setengah jam Seko pelabuhan kali adem tekan kepulauan seribu sing diarani pulau Tidung.

Jare Ono telung werno numpak kapal tekan pulau Tidung Seko rego seket ewu tekan linang ngatus ewu alihe ngukur cepet kan suwine alihe tekan pelabuhan Tidung. Pas bengine aku lan konco mbakar iwak Karo sosis "barbeque". Kamar e pinggir pantai dadi angine banter. Sakwene Nyang pulau Tidung terang ora kepethuk udan bekas dadi Iso kepenak ndelok "sunrise" srengenge sumunar ro "sunset" srengenge angslep.

Penduduk e ramah-ramah dalan dalan kampung cilik dadi nganggo pit kan bentor alihe dolan mrono- mrene. Aku tuku dodol suket Segoro regane sepuluh ewu sak wadah. Rasukan angsal-angsal sing Ono tulisan Tidung akih ke Mande. Aku Melu tuku sing Rego seket ewunan.

Dino Setu awan jam rolas aku numpak kapal meneh pinuju pelabuhan kali adem numpak kapal bahari 37 sing Rego nyaris Karo rombonganku. Rasane ngantuk tenan Dino Kuwi mergone ISO turu sakwene. Sakdurunge mulih Magelang golek oleh-oleh Nyang Mangga dua ITC mampir tuku oleh-oleh oleh khas Jawa barat. Maem bengi sabar menanti ananging durung rampungan olehemaem tikas le nggukuti gelas piring. Pro konco tuku Ng purwakarta puyeum, dodol, peyek Gedang,peyek oncom, moci LAN sakpanunggalanne. Tekan subuh mampir nang masjid agung Kendal. LAN sarapan Nyang rm bintangan Bawen. Sakwene Ng bis Jayakarta tour mbagi doorprise sing pitakone plat nomer bis, sing nggowo dit paling cilik LAN sopo jenenge sopir LAN co sopir sing mesti aku Ra oleh doorprise kui. Sakwene Ambarawa klakson tolelot Muni terus amergo konslet.

Oh Iyo pas Nyang Mangga dua aku lan sak konco Kabeh di nei oleh-oleh Seko besane mbak yuni. Maturnuwun sakkabehane amergo aku lan prokonco ISO seneng Ra karuan sakwene telung Dino berbarengan mlancong.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Lha kondur kopere dadi kebak rasukan lan suket segara nggih bu...?

02 Dec
Balas

Kalih watu laut

05 Dec

Wah asyik sanget nggih pigenikipun Bu Corona, murugi kula kepengin pigenik mrika ugi.

02 Dec
Balas

Mlancong kalih rencang

05 Dec

Wah asyik sanget nggih pigenikipun Bu Corona, murugi kula kepengin pigenik mrika ugi.

02 Dec
Balas



search

New Post