Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Aku nelangsa

Maca tulisane Bu Puspa lan Pak Yuli babagan bombonge ana kedadian-kedaian sing ngageti nang Dina Guru tahun kiye, aku dadi nelangsa. Pak Yuli wis crita nek esuk-esuk tekan sekolahan dikageti ana kedadian muride muride pada baris nyalami gurune sing pada nembe rawuh. Molaih kang lawang gede (gerbang) pada nyalami gurune karo ndongakna gurune “ Semoga Bapak selalu diberi kesehatan, jangan lelah membimbig kami” jere kaya kuwe dongane. Pak Yuli nganti nglegeg lan nggregel nalika tanganee dielus elus bocah. Aku maca kaya kuwe melu mrebesmili. Bu Puspa ya kaya kuwe, arep ora teyeng nganggo basa Jawa tapi intine Bu Puspa ya olih kejutan sing ngageti pisan kang murid muride sing pada gawe acara molaih kang Bu Puspa rawuh wis digawe kahanan sing...kepriwe yaa.... sing gawe nggregel. Mlebu maring kelas wis dijaluk gawane, bocahe-bocahe pada nembang “terimakasihku...” lan sapiturute, terus ana hadiah go Bu Puspa. Hadiahe apa la ora kecrita. Intine Bu Puspa karo Pak Yuli pada bombong pisan nang hari guu tahun kiye

Lha aku ??? Aku wis ora dadi guru ana karo tengah tahun, dadi mau ya ora nana apa-apa. Eeh ana mantan muridku sing ngirim wa selamat hari guru, karo terimaksih uga. Wis kuwe thok. Siki nek aku dolan maring sekolahan sing terakhir aku mulang, esih ana murid-murid sing ganu tek wulang siki wis kls 9 esih pada celuk-celuk karo mlayu mereki aku : “Bu Dartiniiii.... kangeen” kaya kuwe thok be aku seneng. Akumalah mbayangnya tahun tahun ngarep kayane aku wis ora krungu suara-suara bocah kaya kuwe... aku dadi nelangsa.

Lewih nelangsa maning jebule dadi pengawas ora duwe dina pengawas. Nang dina guru kayane wis ora diakoni. Lha wong pengawas kaya aku kan esih dadi anggota PGRI arepa nyong udu pengurus, tapi jajal minggu wingi lagi jalan sehat, kepala sekolah binaanku lan liya-liyane pada dibageni kaos HUT PGRI, pengawas ya ora, magene jere pembinane para kepala sekolah. Yaa aku siih ora butuh kaos !Kiye mau ya kaya kuwe. Wingi nganti awan tek enten enteni mbok ana pengumuman bab upacara Dina Guru, eeh ora nana. Barang maca nang WA ana salah sijine kabid sing takon kiye ngesuk kasi karo pengawas apa nganggo PSL?, jere sing duwe gawe iya. Ya aku nang ngumah nyiapna jas se setel pokoke lengkap tekan jeroane barang. Aku uga ngabari kanca-kanca pengawas kon nganggo PSL uga, kancaku ya pada siap. Ngerti-ngerti esuk gasik aku maca WA kantor, ana foto-foto undangan go pr kabid karo sekertaris dinas, eeh tek deleng-deleng ora nana sing go pengawas. Ya wis, jas ku ora sida tek nggo. Aku malah dadi sibauk ngabari kanca-kanca nek ora nana undangan. Tapi aku ya tetep nganggo klambi PGR, ben kaya tes upacara. Tapi awan awan ana kanca staf sing ngobrol bab klambiku, jebule ora percaya nek aku kaya bar upacara, wong aku ora teles, sing upacara pada teles ! Malah ora kaya bar upacara blas !!

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Jeen kosakata anyar akeh kiye aku entuk. Suwun bu Tini,,

25 Nov
Balas

Bu Farina ga pk bs Pemalang?

25 Nov

Wahhh... Sekarang eranya banyumasan. Mantap ibu

25 Nov
Balas

Kata pak Eko di FB, kl sabtu spy pk bs daerah

25 Nov

Kagem pengawas, jiwa dan raganya adalah guru. Mantap bu.

25 Nov
Balas

Maturnuwun

25 Nov

Luaaaar biaaaasa...bahasa bayumas Ibu tingkat berapa?kok beda-beda. Ada pak prastio, pak yuli...lucu, lugu, ceria dan kereeeeeeen Ibu...

25 Nov
Balas

Banyumasan sy dr lahir bu

25 Nov

Ibuuuk... sembah suwun sanget saking sedaya kawigatosanipun, sinaosa pun boten mucal nanging ibu tetep guru. Sinaosa kula dereng nate diwucal ibu teng kelas, nanging kula nyuwun idine kersaha ikhlas paring ngelmu dhateng kula. Ibu kula betah sesuluh saking ibu kangge pepadhang lampah lan gesang kula. Nderek miterang ibu, napa leres ingkang wekdal konfercab PGRI karangjambu ibu ingkang paring pangandikan dados sesulih pengurus PGRI kabupaten?

25 Nov
Balas

Kulo mboten saged ngaturi ilmu nopo nopo pak, monggo dinau sareng mawon. Kulo mboten dados pengurus PGRI bapak, sanes kulo ingkang dateng krjambu

25 Nov



search

New Post