Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

DIPRIHATINI

Bocah kuwe ora gur disandangi, dipapani lan diwei maem nganti wareg tapi digulawentah sing bener. Digulawentah kuwe ya dirumat sing bener kaya dene diajari sopan santun, solah bawa sing apik lan bener, ngormati maring wong tuwa, lan diwulang pirang pirang ngelmu kanggo sangune urip. Nek ora bisa mulang dewek ya disekolahna, ben diwulang bapak ibu guru. Ngko rampung sekolah ngelmune akeh bisa nggo sangu sak kapingngarepe. Supaya bocahe manut nek diwulang, temen goli sinau ya wong tuwane kudu ndonga maring sing gawe urip. Nyenyuwun utawa ndonga kuwe penting banget mergane manungsa ora nduwe kuwasa apa apa. Sing Kuasa sing bakal aweh dalan sing padang sarana nggo nglancare pegaweane wong tuwa nggulawentah bocah. Ben dongane kabul, ya diprihatini. Tegese wong sing nglakoni laku prihatin, akeh puasane, akeh dzikire. Nek manut ibuku gemiyen ben mukti kudu turu longan mangan longan, tegese turune dilong (dikurangi), mangane dilong. Aja apa apa dikatugna, dipol polna, kuwe ngedohna maring Kang Maha Kuasa.

Sawijining dina inyong esuk esuk mangkat maring sekolahan, saperlu nyupervisi guru loro. Wis kansenan jam kaping 2-3 lan 4-5. Inyong oa wani kangsenan jam kaping 1 utawa wiwitan, mbok nang ndalan ana alangan. Apa maning kiye sekolah binaan sing paling adoh saka umah, antarane 27 km. Mbiyen wis nate aku mangkat esuk, jebul tekan sekolahan wis kepunjulan 15 menit. Ya dadi contoh sing ora bener. Jam 07.20 inyong tekan sekolahan sing tek tuju. Jebul dina kuwe ana perwalian disit, jam 1 dimolai jam 07.30, jam kaping pindo berarti 08.10. Ya wis ora papa. Inyong malah dadi omber le ngobrol disit karo guru guru sing arep tek supervisi. Rampung ngobrol persiapane mulang, inyong esih jagongan. Wektu ana tamu wali murid sing rawuh nang sekolahan. Karo Kepala sekolahe wis ditemoni, jebul wali murid kuwe lagi bingung, merga putrane ora gelem sekolah. Jebul kuwe wis diwei peringatan bola bali. Gurune ya wis tindak maring umahe kuwe bocah bola bali.

Akhire Pak Kepala ajek nemoni inyong karo ngendika ;” Monggo Pak, niki keleres wonten Bu Pengawas, mbok menawi kagungan pemanggih lan nasehat ingkang trep kangge panjenengan”. Barang nang ngarep inyong, banjur inyong takon :” Kadospundi Pak?” . “Nggih bu, niki anak kula mpun mboten purun sekolah, disanjangi napa napa ajeg mawon/ Riyin Pak Guru nggih mpun tindak mriko, lajeng mangkat sekedap, mandeg malih. Nek teng sekolahan terose mboten mlebet kelas niku Bu. Wingi Pak Kepala ngendikani ben sederek sederk kula nderek ngomongi. Nggih mpun kula lampahi, tetep mboten purun sekolah” Kaya kuwe ngendikane dawa pisan. Inyong banjur takon:” Angger mboten sekolah niku ajeng napa?”,”Terose ajeng kerja mawon” kaya kuwe wangsulane. Putrane kuwe nembe kelas 9, dadi urung patut kerja, esih bocah, urung payu!

Inyong banjur melu ngomongi:”Nggih disanjangi mawon, menawi sekolah niku nggo awakke dewek, menawi bade kerja niku kan paling mboten nggih lulus SMP, duwe ijazah SMP. Wong bade kerja teng pabrik napa napa nggih syarate kudu duwe ijazah SMP. Digambaraken mawon menawi mboten gadah ijazah nggih nyambut gawene kasar, modale tenaga tok, mboten saged dadi karyawan pabriknapa malihpegawai sing kasile teratur, sagede buruh sing mboten tetep, nyambut gawe deweka nggih rekasa wong oraduwe ngelmu” pituturku madan dawa. Wangsulane wali murid kuwe :” Bu kula mpun sanjang werni werni, kados niku nggih mpun. Mamake nggih mpun crita rekasane wong urip sing namung ngendelaken tenaga. Lilik lilike nggih mpun nyanjangi. Tapi jan niku lare domong mboten purun sekolah mawon. Seniki gunane namung dolan kalih kancane anu sami sami mboten sekolah. Tanggane kula wonten lare tiga sing mboten sekolah koh”. Inyong dadi mikir arep ngomong apa maning yaa...

“Digambaraken mawon Pak, wong nyambut gawe candakan modale tenaga niku nek ana alangan ya ora duwe kasil blas. Cobi mawon tukang becak, mbok angger sakit nggih mboten saged angsal arta. Tapi angger dados pegawai li menawi sakit teksih gajian mawon” inyong nerusna omong. “Laah pokoke mpun mboten kirang kirang” ngendikane Pak Walimurid mau. Pak Kepala nyela : “ Jane kula li eman emane niki mpun klas 9, paling kantun 6 wulanan le sekolah, mpun katah sing dilampahi, kantun sekedik tok”. Pak Walimurid wangsulan maning :”genah enggih, ibarate kantun selangkah enggane mboten rampung”. “ Pak jajal sepindah malih disanjangi, tiyang gesang niku kan nggih butuh diajeni teng tiyang sanes. Wong ora duwe pendidikan, pegaweane ngemben namung buruh candakan, li mboten diajeni, kosok wangsule menawi gadah pendidikan inggil, dados karyawan utawi pegawai li mangke katah ingkang ngajeni. Arepa nggolet bojo mbok gampang sing dadi wong pengaji” inyong esih ngomong maning. Pol pole Pak Kepala aweh wektu telung dina maning nggo mbujuki putrane, nek ora bisa ya bodoa wong urip kuwe hakke bocah mau.

Sedurunge piyayine pamit inyong esih takon maning; “Pak nunsewu njenengan nggih sholat ?, ee menawi njenengan Islam !” inyong ora ngira Bapak kuwe mesem karo semaur : “Nggih sholat ning cokan kesupen, alhamdulillah si kula Islam”. Inyong banjur nerusna :” Tulung ditambahi tahajud nggih Pak, putrane didongakna, nyuwun kalih sing Kuasa. Dipasrahaken mawon wong njenengan kan mpun usaha seteyenge. Njenengan kan seg nglampahi amanat saking Gusti Alloh, putra niku kan amanat, nek awrat nggih matur mawon kalih ingkang ngamanati. Nyuwun pituungane Gusti Alloh supados larene saged kebukak atine, purun sekolah malih. Li dongane wong tuwa sing mandi, ingkang langkung mandi nggih dongane ibune, nggih rewang rewangan kalih panjenengan. Sukur panjenengan karo ibune nggih nglampahi puasa senin kemis, diprihatini ! ”. Bapakke akhire pamit karo nyuwun pangestu moga moga bacahe gelem sekolah maning.

Bali kang sekolahan tekan kantor, inyong ngliwati ruang aula sing lagi ana acara Sosialisasi Bindikel. Narasumbere lagi ngendikan :”Wong nggulawentah bocah kuwe ya karo ndonga. Wong lagi nembe niat umah umah mbok mpun kalih ndonga? Gale niat duwe bocah nggih ndonga mbok? Dadi angger larene madan angel ya ndean merga dongane Bapak Ibu sing kurang!”. Krungu kaya kuwe inyong mesem, pas pisan mbok ?

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Maen niki, Bu Pengawas. Alhamdulillah sampun kober nyerat malih. Mugi2 kanca sanesipun sami nyusul.

13 Oct
Balas

Nggih Pak, mugi mugi saged teras nyerat malih

13 Oct

Keren ibu...

13 Oct
Balas

Terimakasih, muridku yang keren juga.....

13 Oct

Sae Ibu Pengawas....

13 Oct
Balas

Maturnuwun Bu

13 Oct

Leres Ibu Pengawas. Setuju. Nggulawenthah lare boten cekap lahire mawon ning kedah dumugi batin. Maturnwun..seratanipun dados penyemangat..

13 Oct
Balas

Teng MI tah mpun katah dongane nggih Bu ?

13 Oct

Apik bahasane gampang dipahami, teruna bu....

13 Oct
Balas

Insya Alloh, maturnuwun kersa pinarak

13 Oct

Nggih leres Bu..kedah kalih diprihatini...nderek nepangaken kula tangga saking Kebumen Bu...

13 Oct
Balas

Nggih Bu Rini, tangga madan tebih nggih Bu..., monggo nyerat ingkang mawi Basa Kebumenan !

13 Oct



search

New Post