Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Gobag

Nalika inyong esih bocah inyong seneng pisan dolanan gobag. Ana gobag sodor, ana gobag umpet. Nek dolanan gobag sodor latar ngarep umahe inyong digawe kaya ana garis garis pirang sap nek ora salah limang sap. Dolanane rombongan (beregu), kelompok sing main tugase kudu ngliwati garis garis mau nganti tekan garis mburi dewek. Unggal garis ana sing jaga kang kelompok jaga sing dipasang siji siji. Nah angger arep ngliwati garis gari pinter pintere ngindari sing jaga ben ora kecekel. Gandeng awakku cilik angger mlayu ngindari sing jaga, inyong termasuk pinter. Cara kanca-kanca inyong kuwe teyeng nyruntul, ngerti ngerti tekan mburi dewek. Jebule awak cilik kuwe ya migunani. Angger gobag umpet ya sing jaga siji, ditinggal umpetan sing pada main. Ngko nek umpetane ketemu utawa kewenangan berarti kalah terus gantian jaga. Angger dolanan kaya kuwe ya inyong menangan, genah anu cilik ya angger umpetan nlesep tok wis ora keton. Apa maning angger maine wengi wengi, kepenak pisan inyong cilik ora keton. Intine dolanan gobag kuwe ya kepriwe carane ngindari petugas jaga.

Angger bocah jaman now ya ora ngerti dolanan kaya kuwe. Paling paling tau weruh nang film bocah Sopo Jarwo. Nang film kesebut, Sopo sing kurang pinter kuwe kebagian jaga, bocah bocah liyane pada lunga nggolet papan nggo umpetan. Tapi jebule pada bubar bali, Sopo esih ngenteni nganti sore, melasi pisan. Angger nang Film Upin ipin ya ana. Tapi kayane bocah siki ya gur pada nonton tok ora tau ngrasakne senenge dolanan gobag. Magene senenge pol angger teyeng ngonangi mungsuh sing lagi umpetan. Ramene pol angger pada dolanan kaya kuwe, pating njlerit lan guyon ngakak bombong pisan.

Nanging jebule gobag tetep ana nang jaman siki kanti wujud sing beda karo jaman gemiyen. Nang sekolahan sing tek pimpin ganu, ana guru sing bombong pisan ora ketemu pak Pengawas sing rawuh nang sekolahan. Pak Pengawas kuwe ora ngabari disit. Tekan sekolahan ngendikane arep nyupervisi guru nang sekolahane inyong. Goli milih guru Pak Pengawas mriksani jadwal terus nimbali asmane guru sing dikersakna. Bu Tuti salah sijining guru sing arep disupervisi ora nana nang sekolahan sebabe mau pamit disit ana keperluan jere. Dadi Pak Pengawas tek aturi guru liyane. Eeeh jebule ngesuk barang dicritani kaya kuwe, Bu Tuti seneeeng pisan, ora nguja bisa ngindari Pak Pengawas. Ana maning mode gobag sing nyebeli pisan. Angger bel mlebu esuk esuk utawa bar istirahat, nek kepala sekolah maring ruang guru, mengko pada enggal enggal menyat kang lungguhan, terus metu, lan mlaku nuju maring kelas. Angger kepalane ora maring ruang guru ya goli jagongan madan tanek ora mangkat mangkat mulang. Tapi wis tahu inyong sing dadi kepala sekolah maring ruang guru, gurune pada terus mangkat, ujarku langsung mulang, eee ana sing gur asal metu terus menggok maring TU utawa maring koperasi. Diparani nganah eee pada semisih tok maring papan liyane. Kuwe mbok jenenge ya gobag ?

Angger bocah siki goli gobag sejen maning. Wingi nang salah sijine sekolahan dampinganku, nalika aku nang ngkana nganti wektu dhuhur aku ketemu Pak Guru sing lagi kesuh ngomongi lan nggiring bocah kon pada maring mushola. Wong kelase nang kidul musholane nang wetan, bisa busane sebagian bocah pada nang lor sekolahan pada jagongan. Wektune istirahat nggo sholat wis arep ntong pada urung tekan mushola. Barang ketemu Pak Guru reka rekane pada menyat mlaku ngetan alon alon ngnati Pak Guru nggentak :”Gagean !! Wektune arep ntong !”. Krungu kaya kuwe bocahe ya gur madan kebat goli mlaku. Tekan mushola, wong nggone wudhu nang sisih kidul eee ya pada mlaku nylingker tung lor mushola. Jaaan jaaan. “Niku bu kula namung gobag tok karo bocah bocah angger mangsan sholat!” ngendikane Pak Guru maring inyong. Inyong ya karo mesem :”Alaah wong gurune be cokan kaya kuwe, ngindari kepala sekolah, he he he”. Pak Guru esih ngendikan : “Leres Bu, he he he”. Goli nglabui gurune ora aya kuwe tok, ana bocah sing jere gur nelesi raine tok ben kaya wis wudhu utawa wis sholat, masya Alloh !

Model gobag liyane dilakoni guru guru BK nang sekolahane inyong sing disit. Unggal esuk mangsane mlebu molaih pelajaran ana bae bocah sing ora tekan sekolahan tapi wis mangkat kang umah. Guru BKne wis apal, bocah bocah kuwe pada rubungan nang jembatan siang ora adoh kang sekolahan ya antarane 60m. Masalahe jembatan kuwe nggandengna dalan tekan dalan gede ngiwati sekolah liya uga. Angger disusul nganah bocahe wis teyeng ngindar mubeng liwat dalan gede nylingker maring sekolahan utawa ngumpet menggok sekolahan liya. Angger mangsan istirahat kaya kuwe maning, bocah pada metu pada rubungan nang dalan cilik sebelah sekolahan mlebu kampung, ana turunan. Tau ana laporan bocah sing pada rubungan kuwe pada ngrokok, barang dioyok nang guru Bkne ya kaya kuwe gobag tok mubeng mubeng.

Tapi pancen ben ora gobag tok ubeng ubengan inyong akhire nglibatna kabeh guru n karyawan uga njaluk tulung maring masyarakat. Inyong gawe prosedur penanganan pelanggaran siswa sing dimolaih kang sapa bae sing menangi utawa nranggul siswa sing nglanggar kon nglaporna maring wali kelas utawa kesiswaan utawa satpam. Nang rapat sekolah sing ditekani guru lan karyawan lengkap inyong wis ngomong, urusan nggulawentah bocah sing sekolah nang kene kuwe dadi amanat bareng, kabeh kudu mersudi. Kabeh tek sebar, esuk esuk satpam nang ndalan, guru piket nang lawang mlebu sekolah nyalami bocah, tukang nyapu ana sing nang latar ngarep ana sing nang mburi, tukang kebon bersih bersih kebon, kesiswaan karo guru BK sing mlaku mlaku nang nggon nggon sing cokan go umpetan utawa rubungan bocah. Kabeh kudu mersudi nek ana bicah bocah sing senengane ngindari pelajaran. Nang rapat wali murid inyong ya wis matur kon wong tuane bocah kuwe cokan ngecek bocahe tekan sekolahan apa ora, kon pada ditakoni. Maring masyarakat tapis iring sekolah ya aku njaluk tulung angger ana bocah sekolah sing pating slesep umetan kon aja ditampa, sukur kersa sms maring sekolahan kon diparani. Ora ketinggalan aku uga njaluk tulung maring perangkat desa lan polsek sing perek sekolahan. Kanti cara kaya kuwe inyong nggulawentah bocah sing senengenane gobag karo gurune.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Hehehe...lare sekolah seniki nggih sami remen gobag nggih, Bu? Ngantos gurune puyeng. Mugi2 tansah sabar nggih, Bu.

03 Mar
Balas

Maturnuwun Bapak ibu ingkang sampun nderek gobag lumantar seratan kulo niki

11 Mar
Balas

He he ...Ibu Pengawas wonten wonten mawon koh...Siip Buuu...

03 Mar
Balas

Memprihatinkan injih Ibu...kedahipun remen salat kangge curhat kok malah gobak kaliyan guru....

03 Mar
Balas

leres niku bu pengawas, sedoyo kedah sami nggulawentah. melas tiyang sepuh/ wali muride. pun sayah kerja mados arto ngge biaya sekolah, malah lare mboten amanah.....

03 Mar
Balas

Berarti angsale dolanan gobag sodor kecil-kecil cabe rawit niku Ibu Pengawas...

04 Mar
Balas



search

New Post