Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

NJUJUGNA LOMBA

Njujugna lomba kuwe pegawean sing biasa kanggone guru. Apa maning angger guru SD sing dadi guru kelas 5 utawa kelas 4. Soale murid murid kelas 5 utawa 4 kuwe sing biasa makili sekolahe nang lomba-lomba. Udu kelas 6, nek wis kelas 6 biasane kegiatane diarahna nggo nyiapna ujian. Angger guru SMP utawa SMA, njujugna lomba tah dadi pegaweane urusan kesiswaan utawa pembina ekstra kuikuler sing bidange lagidi lombakna, utawa guru mapel sing mapele dilombakna. Tapi sing paling kawogan ya urusan kesiswaan. Angger guru TK tah ora bisa milih, kabeh guru TK ya kudu siap nglatih lan njujugna bocah lomba.

Arepa barang biasa tapi guru sing pada njujugna bocah melu lomba pada beda-beda solah bawane. Ana sing angger njujugna bocah gur dijujugna tok terus ditinggal mbuh maring ngendi. Ana sing ditunggoni nang panggonan lomba karo ngobrol ketemu kanca kanca guru sing wis madan suwe ora ketemu, ngiras ngirus kangen kangenan. Ana sing njujugna terus ndaftarna, terus nudokna panggonane, terus nonton, bar bocahe tampil, terus gegen dijek bali. Ana sing sesuene lomba kang molaih nganti rampung nang panggonan, ya nekseni lombane, ya mriksani nilaine, ya bocahe kon nonton penampilan peserta liyane. Kadang kadang ana sing nganggo protes barang.

Cara tumindak lan mikire guru sing njujugna lomba kuwe pancen gede pengaruhe maring kesuksesan murid muride. Pancen sing paling penting kemampuan (basa jawane apa ya ?) bocahe, tapi gurune sing gawe bocah teyeng lan yakin. Nek gurune be wis ora yakin, ya ora bakal teyeng gawe bocah yakin. Inyong nate bingung ngowahi cara mikire guru nang sekolah sing yakin nek muride kuwe ora bakal dadi juara, alasane jere anu sekolah pinggiran dadi wis ora dietung. Sing juara jere anu wis diskenario, mesti sekolah-sekolah kota sing gede gede, sing wis maju. Dadi nek muride melu lomba anu nggo genep genep tok, gur partisipasi. Kanti mikir sing kaya kuwe ya bener-bener ora menang. Malah ana guru nang sekolahku liyane sing ngarani anane konspirasi para juri, sing wis ngatur sekolah sing bakal dadi juara. Loro-lorone inyong ora percaya. Inyong njaluk jajal aja mikir sing kaya kuwe. Jajal siki mikir kepriwe carane muride dewek pinter lan teyeng tampil apik. Nek wingi kalah kekurangane apa, ayuh didandani. Aja gur nyalahna wong liyane, ayuh ndandani awake dewek. Guru sing siji madan manut, malah nantang karo inyong nek butuh biaya madan gede ben teyeng tampil kaya sing pada biasa juara, tek sanggupi. Akhire bisa menang. Tapi sing siji malah nyalahna inyong, jere inyong ora ngerti konspirasi nang lomba kuwe. Muride tetep ora tahu menang.

Wingi wingi malah sekumpulan guru kang pirang pirang sekolah agi pada ngrasani saah sawijing lomba sing guru guru mau muride kalah kabeh. Ana sing ngomon: “Wong jurine wonge ngkana ya mesti sing menang ngkana”, kancane nimpali : “Iya wong nilai toli bisa digawe nang jurine”. Lah angger kaya kuwe mikire ya bubrah kabeh. Apa maning angger ana sing ngancam : “Yah ngonoh, kapanane jurine kancaku dewek”. Angger pada kaya kuwe mbok ora nana sing jenenge sportif, jujur, adil, bener ! Padahal kuwe jere karakter sing kudu nempel nang wong sing dadi guru (miturut PP no 74 tahun 2008). Angger guru pada kaya kuwe berarti ya ora duwe kompetensi kepribadian sing dibutuhna. Angger gurune ora duwe kompetensi kepribadian, terus apa bisa mbangun murid sing uga duwe kompetensi kepribadian ?

Mulane siki ayuh pada didandani sedurunge bubrah kabeh ! Njujugna lomba kuwe ya kudu diurus temenan. Molaih kang milih bocah sing arep makili lomba, kudu bener bener diseleksi sing adil lan obyektif dadi mengko sing makili pancen sing paling mampu, ora senengan. Guru sing mbimbing ya sing pas karo keahliane. Pembimbing ya kudu ngerti apa bae sing dibutuhna nang lomba kuwe. Nek sesambungane karo ilmu ya gurune kudu duwe lan paham kisi kisine, duwe gambaran soal-soal kang tahun wingine. Bocahe dibimbing sing mateng. Nek lagi lombane ya kudu dikawal, prosese ditunggoni. Bocahe ya dadi mantep. Nek kuwe pertandingan malah kudu dikawal pisan, terus dimotivasi karo uga diemutna tekhnik tekhnik nggo menangna pertandingan. Aja nganti gawe fitnah ngarani juri ora adil nanging gurune ora nunggoni acan. Nek pancen nekseni juri ora adil ya kudu di omongna, melas muride angger gurune meneng bae. Aja kelalen diyakina nek juara kuwe bisa dadi duwekke sapa bae sing mampu. Ora nana sing ora mungkin !

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Njujugaken lomba, gurunipun tetep kedah nunggoni, kagem nyemangati nggih Bu?

24 Mar
Balas

Inggih Bapak

24 Mar

Leres Ibu Pengawas, siswa kulo SD Pinggiran ugi nate lomba dugi tk provinsi. Alhamdulillah. Prasangka positif langkung sae.

25 Mar
Balas

Maturnuwun ibu..

27 Mar

mantep sanget niku bu. sedoyo dipun bahas....

24 Mar
Balas

Maturnuwun

27 Mar



search

New Post