Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Ora Wedi

Astaghfirullah hal ngadiim.. inyong gur teyeng ngomong kaya kuwe tok. Jaaan bocah jaman now , pancen nggilani, mumeti lan nyetresi temenan. Wong bocah esih nang SMP enggane wiis pinter main kaya wong tuwa. Toli sejen pisan dibanding jaman inyong esih SMP. Wong gemiyen inyong kon njagong karo bocah lanang be isin pisan. PakGuru sing ngakon bocah bocah nang kelasku njagong karo kancane sing beda jenise be nganti kesuh wong pada esih wegah wegahan. Arepa jaman semono ya wis ana sing duwe pacar, tapi ya nembe setitik tur ora pamer nang ngarepe wong akeh. Esih pada monyet monyetan. Lha siki wwis ora kena diarani monyet monyetan, wis kaya gendurwo ndean utawa malah akeh sing kaya kewan, ora duwe isin.

Critane aku bar supervisi salah sijining guru agama nang saah sijine sekolah binaanku Goli mulang si apik, suarane ya kepenak pisan, dasar piyayine ya ayu tur enom sisan. Muride ya kayane pada betah nyawang guru enom sing ayu kuwe. Piwulange mlaku lancar. Tapi jan bocah ora keton nggatekna utawa mikir isine wulangan. Apa kayane anu dianggep gampang tur wis biasa ngerti. Rampung mulang, Bu Guru kuwe tek jek ngobrol bab kepriwe carane mulang sing kontekstual, maksude ya wulangan apa apaa kudu ana gatukane karo kahanan masyarakat sing dingerteni lan dilakoni bocah bocah sing diwulang. Angger ora kaya kuwe ya mengko isine gur teori tok. Angger teori tok apa maning teori sing ora angel ngko bocahan ya ora nggatekna tur ora krasa penting. Kejaba kuwe wulangan ya kudu nyenggol babagan solah bawane bocah bocah utawa sikape. Pe er sing abot nggo guru-gur kuwe kan kepriwe carane mulang sing ndadekna bocah-bocah bener, ora pinter tok. Apa maning wulangan agama. Wulangan agama bab apa apaa ya kudu tekan sikap utawa solah bawa. Malah agama karo Pkn sing nggo gantungan pelajaran liyane. Pelajaran loro kuwe sing paling ditugasi masalah karakter.

Aku goli ngobrol karo guru kuwe nang ruang tamu karo disekseni Bapak Kepala Sekolahe sisan. Barang tekan masalah solah bawa utawa sikap mau akhire obrolane dadi saya adoh tekan masalah masalah bocah sing diadepi nang sekolahan mau. Ana masalah bocah lanang lan bocah wadon sing lagi keweden. Mergane lagi diancam nang salah siji warga sing jere preman. Mula bukane aanu bocah wadon mau wis tahu duwe gegandengan sing khusus karo preman mau, terus siki ganti karo bocah lanang kancane kuwe. Goli srawung wis adoh pisan nganti biasa nglakoni tumindak sing kaya dene wong wis jejodoan. Lha kuwe mbok masalah sing gede. Bocah loro mau siki ora wani mangkat sekolah. Wis diparani gurune BK ya tetep ora mangkat. Sarane Pak Kepala bocah kuwe kon pindah sing adoh, melu sedulure sing nang njaba wewengkon Jawa Tengah kene.

Aku dadi crita nek masalah kaya kuwe wis akeh kedadean nang akeh sekolahan. Gemiyen rikala aku esih mulang nang kelas 8, aku dadi guru IPS. Leih kang 10 tahun kepengker aku ya wis krasa prihatin pisan ndeleng solah bawane murid muridku sing pada srawung tanpa wates. Mangkat sekang rasa prihatin kuwe aku mikir kepriwe carane mulang ben bocah bocah kuwe wedi karo model srawung sing tanpa wates mau. Aku kepengin akek miki sing ngakal, ora nganggo dalil, wong bocah kuwe ya urung mikir dosa. Akhire pas aku mulang babagan gunane keluarga, aku gawe bahan rembugan nganggo crita sinetron sing disenengi bocahan. Pas kuwe ana ‘Pernikahan Dini’, ‘Dia’, lan liya liyane. Sing kon dirembug ya kuwe keluarga sing digawe nang sinetron-sinetron kuwe pada bisa nglakone tugas apa ora. Akhire bocah tek jek mikir, keluarga sing digawe kepeksa merga pada srawung sing ora nana watese kuwe ora bakal bisa ngempani lan nguripi anak bojone, ora bakal teyeng ndidik anakke, ora bakal teyeng nglindungi wargane. Kejaba kuwe angger bocah nom esih sekolah nganti meteng gole srawung kuwe pada bae karo ngentongna kesenengane urip. Ora entong kepriwe wong nembe kewenangan meteng wis pusing nanggung isin karo kancame, isin karo gurune. Pusing maning nggoleti wong sing gelem nikahi, ora mesti gampang. Kadang malah wis lagi nyidam ora karuhan rasane malah ora nana sing ngurus apa maning nggoletna sing dikepengini, stres dewek. Ngko kancane pada sekolah maning sing lewih duwur, bocah sing meteng gasik wis lagi momong bocah. Kancane pada mlaku mlaku plesir seneng seneng, deweke ora bisa melau merga wis ditangisi anakke. Kancane teyeng ngode duwe duwit nggo kesenengan, dewekke angger bisa ngode wis kudu mikir tuku susu nggo anakke, ora bisa nggo kesenengane dewek. Malah akeh akehe ora bisa ngode merga kaboten anak. Urung maning angger mikir ora bisa sekolah sing lewih duwur. Laah pokokke wis entong kesenengane.

Jebule critaku kuwe ora kanggo nang jaman siki, utamane nang sekolah binaanku kuwe mau. Mergane bocah sing dicritakna keweden mau wis biasa nglakoni barang sing ora bener mau kawit kelas lima SD. Nanging nganti siki ya ora meteng, dadi ora kudu gawe keluarga sing kegasiken. Bocah kuwe wis pinter ngindari ben ora meteng. Dadi ora wedi meteng. Hebat pisan mbok ?! Malah sikine kesenengen ganti-ganti pasangan. Ngadepi kaya kuwe aku ganti crita. Bocahe ditakoni, ujare ujare arep laris terus apa ? Ujar ujare ora gelis bodol apa ? Bodole ngemben kegasiken. Pas kancane lagi moncer moncere, seger, ayu, mloes, duwe pendidikan sing apik, duwe pegawean sing kepenak, gajihe akeh, bocah sing wis bodol kuwe gur nyawang nelangsa. Sebab bocah kaya kuwe wis ora payu, ora dianggep, lara laranen, malah disingkiri nang tangga teparo. Umpamane duwe keturunan be anak turune bakal isin duwe biyung kaya kuwe. Nah !

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

SMP enggane wiis pinter main kaya wong tuwa Main opo kiyee???

20 Jan
Balas

Main kae bu

20 Jan

Ceret bodhol lha tesih kenging dipatri, nggih Bu Pengawas? Lha wong wadon?

20 Jan
Balas

Terpatri pak

20 Jan

Astagfirullah.. Mugi mugi diparingi pitiduh ben cepet cepet tobat..

20 Jan
Balas

Aamiin

20 Jan

Seratanipun sae Buuu...geget piyambak..

20 Jan
Balas

Nopo wonten ingkang lucu?

20 Jan

Astaghfirullah... kuwe tah ora sebaene. Wis ngerti enak lan kepenak. Bakul empere tah kuwe.

20 Jan
Balas

Jere si udu, nang sekolah liya ana sing latihan dadi bakul pak

20 Jan

Siki miterna bocah gampang. tp ndadekna bocah sing bener angele pol. kuwe udu mutlak tgjwb guru. wong tua kudu ekstra goli ngawasi bocah. bekal akhlak skang ngumah gede pisan mufangate. tp arep ngawasi kepriwe...wong tua mngkt esuk bali wengi nggolet kanggo menuhi kebutuhan. mlh kadang ora kena nggo conto anak2e jaaannn...inyong sing ddi wong tua uga prihatin pisan bu pngws.

20 Jan
Balas

Dadi kepriwe?

20 Jan

Astagfirullah. Bukan anak SMP zaman now, ya Bu. Semoga segera tobat.

21 Jan
Balas

Malah tukulane ana maning koh

26 Jan

Padahal pun mangan bangku sekolah SMP nggih Ibu Pengawas, jhaannn bener2 memprihatinkan bocah sing kaya kuwe.

29 Jan
Balas

Fenomena jaman now bu

31 Jan



search

New Post