Dartini

Pengawas SMP di Dinas pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah....

Selengkapnya
Navigasi Web

Sengkud Makaryo

Nalika aku nulis judul (jane Basa Jawane judul kuwe irah-rahan) Sengkud Makaryo aku karo mbatin kiye mesti kanca-kanca ngapakku ana sing ora mudeng maksude (he he aja jengkel ya luur, sing ora mudeng mesem bae yaa !) Pancen akeh tembung tembung Jawa sing bocah siki karo bocah wingi wis pada ora mudeng. Tembung sengkud makaryo kuwe be golinggoleti angel wingi. Asal asale malah esih nganggo Basa Indonesia tapi keslempit nang pidato Basa Jawa sing dingendikakna nang Pak Bupati Tasdi.

Lagi winginane pas ana acara pahargyan agung mengeti dina laire Kabupaten Purbalingga kaping 187 aku melu nekani. Aku madan bingung, kabeh sing ngendikan nang acara kuwe nganggo Basa Jawa. Tapi ora ngapak kaya basane penginyongan. Sing ngatur acara kan Pak Kabid Kebudayaan sing asli piyayi Solo ya dadi basane nganggo Basa Jawa Soloan. Lah kuwe masalahe. Sing rawuh ora kabeh paham Basa Jawa alus Soloan kaya nang kraton. Sing rawuh kan pejabat-pejabat struktural (struktural si Basa Jawane apa) kayane lewih pas nganggo tembung para punggawa kadipaten lan kepala sekolah (apa ya nganggo mustaka pewiyatan yaa ?) se kadipaten Purbalingga. Kabeh acarane digawe njawani.

Para tamu sing rawuh ya kabeh ngenggo ageman adat Purbalingga. Aku ya nganggo kebaya ireng sing biasa dienggo unggal tanggal 18. Nanging wong jere acarane arep di terusna kirab mlaku kang Pendopo Dipokusumo metu terus nengen tekan pojok alun-alun sisih lor kulon banjur ngiwe liwat ngarep mesjid lan sapiturute mubeng alun-alun terus ngalor tekan Kantor DPRD. Gandeng arep diterusna kirab kuwe aku wis nggawa sepatu pantofelsing endep. Jane si ya ora gatuk, kebaya yang gatukke karo selop. Aku kang ngumah ya nganggo selop, tapi nang tasku wis siap sepatu, supaya nggo mlaku kepenak ora mlecet. Mulane ibu ibu ngarepku sing rembugan karo aku mengko tase snak arep digawa kepriwe ngluruhi aku, jere iya tase njenengan tase gede bisa dinggo nggawa tas snak, he he padahal anu isi sepatu.

Gara-gara nganggo Basa Jawa alus Soloan, aba aba be dadi rasane ora mudengi. Jajal sedulur, acara dolaih anggo di siapna. Tembunge kaya kiye :”Sigeeep.... tandyo !”. Krungu kaya kuwe sing rawuh wis ana sing ngguyu. Aku tah ora patia gumun wong nang kantorku ganu nek Dina Kemis gole apel ya kaya kuwe. Arepa ora mudeng ya pokoke ngrungokna bae lah. Eeee barang sing mimpin acara laporan mbuh kepriwe bae tembunge, kok nang akhire ana tembung “laksanakan!” weeh campuran kiye, sing bener nyong ora mudeng, kayane donge laksanakno ! wangsulane “samadyo”. Eh ndean ! Pidatone Pak Bupati ya nganggo Basa Jawa, tapi sing nerjemahna gugup ndean dadai esih ana tembung-tembung sing urung dijawakna. Utawa pancen ora perlu dijawakna contone visi Purbalingga sing “Mandirri, Berdaya Saing, Berakhlak Mulia” ya ajeg bae. Apa angel ya ? Jajal ana sing teyeng gawe visi Purbalingga kuwe nganggo basa ngapak, kepriwe jal ?. Sing malah dadi guyon pas ngartikna slogan “kerja keras, kerja cerdas, kerja ikhlas”. Nang pidato si ajeg bae,tapi nang mburi dadi guyon. Aku sing njagong karo Bu Sunaryati sing ngasta dadi Kepala UPTD lan Bu Rahma sing ngastane Pengawas SMP, pada dopokan. Aku takon: “Kerja keras, basa jawa kramane apa jal?”Jer Bu Sun : “ Yaa tumandang apa ya ?”, Aku ngomong: “Apa enggane tumandang atos ? “ “ ha ha ha” wong telu ngguyu bareng. Bu Rahma sing pinter lan serius nyalahna aku :”Aja diartikna secara harfiyah bu ora dadi! “. “Lha kon kepriwe Bu ? aku balik takon. Bu Rahma ya ora paham. Siki nek cerdas diartekna wasis, iklah kuwe legawa, berarti kerja keras, kerja cerdas, kerja ikhlas dijawkana dadi tumandang atos, tumandang wasis, tumandang legawa, kan wagu banget ! Aku banjur takon karo piyayi sing lenggah nang sisih kiweku, aku ora kenal, tapi jere piyayi Bobotsari. “Bu niki lagi pada ndopok ngrembug basa jawane kerja keras, niku nopo Bu ? aku takon. “Napa tumandang atos” aku nerusna. “Lah nggih mboten !” ngendikane ibu ibu kuwe karo gemujeng. Basa kramane nggih ‘sengkud makaryo’ Bu...”. Oo nggih nggih leres.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

monggo sugeng Makaryo Salam Literasi

23 Dec
Balas

Salam literasi

23 Dec

Iyaa,,,kudu sengkud kudu legawa kudu wasis yaa,,,

23 Dec
Balas

Iya bener banget

23 Dec

Nek klo malah bahasa jawa ne mboten patos saged bu, he...

23 Dec
Balas

Sami, gurune be kaya kiye

23 Dec

Monggoh sami sengkud makaryo jagad.

23 Dec
Balas

Monggo Pak

23 Dec

Maturnuwun

23 Dec
Balas

Sae Buu..lucu dan bermnfaat

23 Dec
Balas

Njajal panemune nyong kiye keprimen jajal : Mandiri : ngadhek dhewek. Berdaya saing : nggolet kekuatane nggo ngungguli liyan. Berakhlak mulia : watek luhur.

23 Dec
Balas

Dadi angel Pak

23 Dec

Ngadeg dewek, nggolet kekuatane nggo ngungguli liyan, watek luhur

28 Dec



search

New Post