Djiah Budi Arly

Domisili di Purbalingga,Jawa Tengah.Lulus Sarmud dari IKIP Negeri Surabaya jujuran Civics Hukum, melanjutkan di Universitas Negeri Semarang jurusan PPKn l...

Selengkapnya
Navigasi Web

UWA KADEM......

"Sri ko jane lagi pada crita apa karo Biyungmu? petane koh buket temen gole kandahan", Ramabe pas kondur ngode takon kaya kuwe. Sri njawab : "Saweg nyritaaken wonten tiyang ingkang dilairaken kangge nguji kesabaran tiyang sanes". Ramane takon maning : "Jane kepriwe si kuwe critane ?".

Gentenan Biyunge sing njawab : "Rama rika ngerti Uwa Kadem kan? Wonge ora lumrah banget, pokoke ora umum alias ora kaya wong liyane. Sapa bae wonge sing srawung karo Uwa kadem tahu dilarani, rupa - rupa contone : ngomong apa bae neng Uwa Kadem mesti disalahna, angger ora tuku maring tokone juga diplengosi, sering salaman neng mesjid bar sholat jamangah, tangane njrepiping asal tempel karo mlengos kuwe biasane ger suwe ora tuku maring tokone utawa ana perkara sing deweke ora cocok"

Ramane ngrungokna karo mantuk - mantuk.Si Sri nyela matur : " Nanging biasane menawi Uwa Kadem dikirim, utawa tuku nabg tokone, pasuryane sumringah lan salaman kenceng sanget, gemuyu lakak - lakak

Biyunge nambahi : "Pancen Uwa kadem tansah rumangsa bener dewek, kabeh wong kudu manut.Ger dipikir nggelani banget, jan kudu sabar temenan ngadepi Uwa Kadem".

Ramane nyela : " Sri lan Biyunge aja nyritakna Uwa Kadem bae, mbok dadi dosa ngrasani wong liya, malah - malah bisa tergolong ghibah, kuwe minurut agama ora olih lan dosa. Ya anggep bae Uwa Kadem kuwe manungsa sing dilairna nggo nguji kesabaran kito kabeh. Lan mugo - mugo kito kabeh termasuk wong sing sabar ngadepi kahanan urip sing kaya kiye".

Si Sri njawab : "Ramane kesuwun gih nasehate"

Biyunge njawab " Ooh ....dadi kaya kuwe ya Rams ? Ya wis aku ora maning- maning ngrasani Uwa Kadem mbok dosa, lan mulai siki arep usaha sing lewih sabar gone srawung karo Uwa Kadem".

Ramane nutup omongan :" ya pada - pada Sri lan omongane Biyunge kuwe bener kito kudu usaha sing lewih sabar maning" .

Purbaingga, 8 Desember 2017

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Uwa Kadem kudu sering de endhongi kuwe Bu .. Koreksi ya Bu: tembung petane kayane sing bener "pethane" Klilan

09 Dec
Balas

Mtr nwn Bu, sampun kerso maos lan mtr nwn koreksi saking panjenengan,nuwun

09 Dec
Balas



search

New Post