Djiah Budi Arly

Domisili di Purbalingga,Jawa Tengah.Lulus Sarmud dari IKIP Negeri Surabaya jujuran Civics Hukum, melanjutkan di Universitas Negeri Semarang jurusan PPKn l...

Selengkapnya
Navigasi Web

BU WULAN CELILIAN

Wulan wingi Bu Wulan nampa undangan sekang kancane sing ngasto neng SMP bagian tenaga kependidikan, asmane Bu Gati, deweke arep mantu putra sing mbarep., Bu Wulan ora nggatekna asmane kakunge Bu Gati, ngertine ya sing ngundang Bu Gati.

Pas dinane Bu Wulan mangkat kondangan karo kancane sing kerja sekantor asmane Bu Tia sebab deweke uga diundang Bu Gati.

Bu Wulan mangkat kondangan boncengan numpak motor karo Bu Tia, bareng tekan daleme Bu Gati, disambut karo sing nampa tamu kon mlebu lan kon maem suhguhan sing wis disediakna.

Bu Wulan karo Bu Tia njikot jajan karo nicipi bakso, terus Bu Gati metu nemoni,. Bu Wulan karo Bu Tia, salaman karo ndongakna moga - moga penganten tansah rukun lan dadi kaluwarga sing sakinah, mawadhah lan warohmah.

Neng acara kondangan kuwe Bu Wulan ketemu karo Pak Seto kanca uga, dadi Bu Wulan takon karo Pak Seto " Sugeng Pak Seto, lhoo....njenengan neng kene ? daleme ngendi ?". Pak Seto ora njawab mung cengengesan ngguya- ngguyu thok.

Bu Wulan tambah penasaran, terus takon maning " lho Pak Seto kuwe Bu Gati sedulure ya ? " Pak Seto cengengesan teteo ora njawab uga.

Ijig - ijig Bu Tia mbisiki maring Bu Wulan " lhoo...Bu , kuwe Pak Seto kakunge Bu Gati", Astaghfirullah.......Bu Wulan isin lan celilian banget, jebule Pak Seto kakunge Bu Gati. Bu Wulan maido karo Bu Tia, Bu kenang apa ket mau ora ngendika nek Pak Seto kuwe kakunge Bu Gati?". Bu Tia uga ngguya - ngguyu tok ket mau.

Terus Bu Tia ngendika" makane angger nampa undangan diwaca sing slesih, dadi ora celilian". " Iya Bu Tia", jawab Bu Wulan, " bener Bu, angger nampa undangan kudu slesih gole maca".

Bu Wulan karo Bu Tia bar nglebokna amplop maring kotak, terus pamitan, ora klalen Bu Wulan uga nyuwun ngapura karo Pak Seto sekaliyan, .terus bali karo esih celilian.....

Purbalingga, 16 Desember 2017

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post