Djiah Budi Arly

Domisili di Purbalingga,Jawa Tengah.Lulus Sarmud dari IKIP Negeri Surabaya jujuran Civics Hukum, melanjutkan di Universitas Negeri Semarang jurusan PPKn l...

Selengkapnya
Navigasi Web
MEDANG KOPI LAWUH MENDOAN....
Lokasi GOA LAWA di Wilayah Purbalingga - Jawa Tengah.

MEDANG KOPI LAWUH MENDOAN....

Esuk - esuk udan enake ngapa ya Rama ? Ramane njawab " udan - udan enake medang kopi karo lawuh mendoan sing anget mesti nylekamin banget ". Biyunge njawab " Oya tek maring warung golet tempe karo glepung, kae si wis duwe bumbu karo godong muncang, lenga ya wis ana".

Biyunge bali sekang warung olih tempe karo glepung terus olih crita yen lamona mau ketemu karo Bibi Inah, terus Bibi Inah crita " Mengko ger wis ora udan arep plesir sekeluarga maring Gua Lawa". Biyunge takon " Gua Lawa si panggonane neng endi? ".

Jere Ramane " Biyunge - biyunge kebangeten .temen wong Purbalingga kok ora ngerti Gua Lawa " . Biyunge semaur " Sing kebangeten toli Ramane, inyong dadi bojone Rika, Rika urung tau ngejek inyong maring Gua Lawa". Jere Rama " O...iya ya, nyong sing kebangeten urung tau ngejek Biyunge maring Gua Lawa, inyong jaman ganu si pancen wis tau maring Gua Lawa , tapi angger siki mesti Gua Lawa wis tambah apik banget. Gua Lawa panggonane sekang Purbalingga ngalor sing arah maring Moga, kira - kira 20 - 25 kilo meter, angger tekan Bobotsari esih ngalor maning, terus angger nemu petunjuk utawa plang tulisan Goa Lawa terus belok kiwe sekitar 5 kilo meteran, wis tekan Gua Lawa. Biyunge, ngarah jelase mengko angger terang mayuh pada mangkat maring Gua Lawa. Endi mendoane jere udan - udan enake ngopi karo lawuh mendoan? ". Biyunge semaur " Rama sedela maning mendoane mateng, genah jere kon goreng tempe rika ngejek crita bae, ya sabar ya Ma"

Ora let suwe mendoan wis mateng, Biyunge karo gugup nggawa mendoan karo wedang kopi.

Biyunge semaur maning" Ma kiye wedang kopi karo mendoan wis mateng, monggo didahar. Ma temenan ya angger wis medang lawuh mendoan lan wis ora udan gegean ya mangkat maring Gua Lawa, inyong sedek kepengin weruh Gua Lawa, inyong jan ketinggalan jaman temenan, wong sekang liya daerah wis pada ping kopang - kaping maring Gua Lawa, inyong tembe arep nganah, ya wis ora papa mending telat timbang ora tau".

Ramane semaur " Iya, siap - siap disit, udan mandeg langsung mangkat, kuwe mendoane esih, kena digawa nggo sangu". Biyunge semaur "Iya mendoane tek bungkus disit, mengko angger mendoane kurang, tuku neng Gua Lawa toli ana bakul mendoan",

Purbalingga, 30 Dedember 2017

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Kulo nggih remen mendoan, anget anget dicocok sambel kecap tambah nyeklamin banget

01 Jan
Balas

O nggih, cocok niku. Mendoan anget kenging ngge kepyar, Bu.

30 Dec
Balas

Kirang Bu Djiah, sandingi kopi tambah mantep pisan.

31 Dec
Balas

Hehe....mantap Pak Hari

01 Jan

Pangapunten, sinambi midangetaken uyon2 utawi campursari pas pisan......

31 Dec
Balas

Gih, kalih nyigit cengis ijem Pak. Mtr nwn

30 Dec
Balas

Niku tambah nikmat Pak Hari hehehe.....

01 Jan
Balas

Gih leres Bu Sri utawi nyigit cengis ijem, gih nylekamin sanget. Mtr nwn Bu Sri....

02 Jan
Balas



search

New Post