DJONY PRIHATIN, S.Pd.

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Eling Sliramu (Geguritan)
Eling Sliramu (Geguritan)

Eling Sliramu (Geguritan)

Nalika semana

Ing wayah wengi

Rembulan lan lintang dadi saksi

Aku kepengen ngudar rasa tresnaku

Tresna marang sliramu kenya ayu

Sliramu hamung mesem ngguyu

Esem kang tansah gawe ayeming atiku

Lesung sing ana pipimu

Gawe trataping dhadhaku

Hananging ..

Apa kang bakal tak udarake

Ora bisa dak ucap

Nalika netramu madhep ing netraku

Duh cah ayu

Nadyan ora kawetu

Atiku hamung kanggo sliramu

Kenya ayu sing tak antu-antu

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Duch...trenyuh atiku..molak malik moco guritmu suhu, ora kroso luhku mbrebes mili...roso kangen sing ano jroning ati ora iso rinonce koyo sliramu..wus gpo wakil wae yo..k wk wk..keren poool pak...mantaaab surantap...aku pengin blajar gurit pak..biso gak uo

17 Apr
Balas

Matur nuwun rawuhipun.....Dalem inggih nembe blajar nggegurit menika

18 Apr

mantap keren cadas... geguritan keren menewen...dadi eling nalika semana... sukses selalu...salam literasi saking Banyumas

17 Apr
Balas

Matur nuwun Bapa.....

18 Apr



search

New Post