Layang Kangen (Geguritan)
Sumilak rasa ing njero ati
Nalika sak klebatan
Ayang-ayang sliramu
Mlebu ana ing angen-angenku
Senadyan sak kedheping netra
Tansah katon wela-wela
Rupa kang kebak cahya
Gawe trataping manah lan dhadha
Aku kangen
Kangen kang ora sepele
Kangenku tak titipke
Marang sumiliring angin sore
Cah ayu
Layang sing tak titipke angin sore
Kebak kembang kebak rasa
Kembang kang ganda wangi
Rasa kang tulus saka jroning ati
Angin sore
Aku titip layang kangenku
Kangenku marang cah ayu
Cah ayu kang tansah tak antu-antu
Geguritan Rasa
Dening : Mas DheJe
Bojonegoro, 24072022
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Layang kangen ingkang endah, gegambaran rasa kapang ing manah, salam kenal salam geguritan
Matur sembah nuwun, salam kenal ugi
Layang kangen kangge cah ayu. Semoga sehat dan sukses selalu buat Bapak Djony Prihatin
Cah ayu kuwi sopo yo
Sae sanget geguritanipun Pak. Mugi tansah diparingi sehat nggih.
Matur sembah nuwun, salam sehat