Dyahni Mastutisari

Lulusan FKIP UNS Solo Jurusan Pendidikan Matematika. Sekarang bertugas di MTs Muhammadiyah Patikraja Kabupaten Banyumas...

Selengkapnya
Navigasi Web
“Deneng Diarani Ngapak?”

“Deneng Diarani Ngapak?”

Dina setu dina muatan lokal nang Gurusiana. Setu minggu wingi tek enteni nganti awan urung ana gurusianer sing nulis nganggo basa daerah dewek-dewek. Inyong banjur nggawe tulisan sing isine nakokna deneng gurusianer pada ora nulis nganggo basa daerah-e. Jebule Pak Edi Prasetyo maca tulisane nyong banjur nulis nganggo basa mbanyumas alias basa ngapak judule ”Jane Inyong Bebeh Nulis”. Maturnuwun Pak Edi sayah-sayah kerso nulis.

Dadhine dina setu kiye inyong kepengin njajal nulis nganggo basa mbanyumas. Sing jarene wong-wong diarani basa ngapak. Kok diarani basa ngapak nyong ya ora ngerti asal muasal-e. Apa enggane nek wong banyumas ngomong ditambahai huruf “k”. Ujare nyong ya ora kaya kuwe. Tapi bareng nyong piker-pikir ana bener-e. Bener-e kaya kiye nyong arep crita ya sedulur kabeh.

Mbiyen nyong patang tahun urip nang Solo sebab-e kuliah-e nang UNS. Senajan lumayan suwe nang Solo nyong ora bisa ninggalna basa asline nyong yaiku basa banyumas. Nek inyong mlaku-mlaku meng pasar mesti bakule pada takon “Saking mbanyumas nggih mba?” . Inyong ya banjur semaur “Leres bu, Ibune ngertos kulo saking Banyumas”. Banjur bakule semaur “ Lha niku mature ngapak-ngapak”.

Kanca kuliahe inyong padha bae. Njeneng asliku Dyahni Mastutisari. Pas kenalan ujarku inyong ngomong njenenge “Tuti” ora nganggo “k”. Tapi mbuh kepriwe kanca-kanca pada nyeluk nyong “Tutik”. Apa enggane nyong gole ngomong mantep banget dadi gole krungu kaya ana huruf “k”. Dadi nganti seprene nang group WA Pendidikan Matematika UNS angkatan ’99 nyong diceluk Tutik.

Ana maning sedulur ora mung njenenge nyong sing ditambahi nganggo huruf “k”. Tapi saben inyong ngomong mesti sing krungu nirokna maning ditambahi huruf “k”. Nyong ngomong “soto” banjur ditirokna “sotok”. Malah balik takon “sotok” panganan apa? Oh alah kuwe apa ya ? sing merekna basa Banyumas diaranai basa ngapak. Ya ora papa nyong ya ora prime-prime malah bisa nggo hiburan kanca-kanca pas kuliah. Ora hiburan prime saben nyong ngomong pada ngguyu koh.

Semene dhisit olihe nyong nulis nganggo basa ngapak. Moga-moga pada mudeng. Nek ora mudeng takon bae maring Pak Edi S apa Pak Omank (PUNTEN NGGIH PAK) .

Patikraja, 03-03-2018

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Nek ora mudeng takon nyong, tek bukakna kamuse

03 Mar
Balas

Nggih Pak Omank..matur suwun

03 Mar

Tak melu ngapak ya...

08 Nov
Balas

Tak melu ngapak ya...

08 Nov
Balas

Kula sampun nyerat wau, Bu Guru.

03 Mar
Balas

Nggih pak suwun sami-sami nguri-nguri basa banyumas

03 Mar

rame koh menawi dinten setu nggih bu, dinten ngapak...hehe

03 Mar
Balas

Nggih bu leres

04 Mar



search

New Post