Edi Prasetyo

Tinggal di Purbalingga, Jawa Tengah. Sejak masih kuliah di IKIP Yogyakarta gemar menulis. Pernah menjadi guru di SMAN 1 Sokaraja, Banyumas 18 tahun, KS SMAN 1 S...

Selengkapnya
Navigasi Web

Bojo Loro Meteng Bareng

Sapa wonge sing ora seneng duwe bojo ayu, mloes, tur kulitane putih bersih. Lewih-lewih angger manutan tur ora kekehen jalukan, lah pokoke senenge pol! Ndina-ndina karepe mung arep nang umah bae wegah ninggal bojo. Apa maning angger wis lagi mulai meteng, lah gole ngelus-elus wetenge bojone ora mandheg-mandheg. Kaya-kaya wis ora sranta, manggua anake kon degelis lair. Kepengin weruh anake gagah kaya bapane utawa ayu kaya biyunge apa ora.

Kuwe umume wong lanang kaya kuwe. Nanging sing jenenge Parmin, tanggaku let rong umah, ora kaya kuwe. Dheweke beda karo umume wong lanang. Dheweke malah susah mergane ngerti lamone bojone lagi meteng. Sing nggo jalaran, bojone Parmin kuwe orang mung siji, nanging loro. Ngomonge Parmin, loro-lorone lagi meteng bareng.

Oalah, Parmin! Kenang apa mbareng bojomu padha meteng ko malah susah? Mbok wong duwe bojo ya kepengine duwe anak? Sing bojone ora meteng-meteng bae padha kepengin bojone kon meteng, ko sing bojone meteng malah susah. Kepriwe si ko, Parmin?

Omong-omongane dheweke susah mergane bingung. Mengko-mengkone angger bojone babaran bareng kepriwe? Lewih-lewih angger nganti operasi, wragade sekang ngendi? Terus sing nggo tuku sandhangan bayi, nggo tuku susu, lan liya-liyane kepriwe?

“Puyeng pisan inyong, Kang,” ujare Parmin karo dheleg-dheleg nalika wingi sore ngendhong nang umahku.

“Ora perlu digawe puyeng-puyeng, Min. Wong duwe bojo loro meteng bareng ya malah kebeneran. Malah sepisan lairan mengko anakmu langsung loro. Syukur ya anakmu padha kembar. Dadi ko sepisan duwe anak langsung papat,” semaurku karo nahan gemuyu.

“Aja kaya kuwe, Kang! Apa enggane rika ora melas maring inyong?” semaure Parmin karo raine keton melasi pisan.

“Nggo ngapa melas? Sing prentah duwe bojo loro sapa jajal? Maune dhong ko rasan arep ngarah bojo maning mbok inyong wis menggak? Wektu semana mbok inyong wis ngomong, wong duwe bojo kuwe ora susah loro-loroan, Min. Siji bae sing penting dirumat sing bener, dicukupi sandhang pangan lan kebutuhan liyane, mengko uripmu bakal tentrem. Terus apa semaurmu jajal? Esih kelingan ora?” inyong ngomong karo ngecungi Parmin. Dheweke ya mung meneng bae karo matane keyap-keyip.

Wektu semana Parmin semaure jere melas maring wong wadon sing lagi seneng maring dheweke. Karo maninge bojone sing wis limang taun durung meteng jere ya wis ngidini. Oalah, Parmin! Wong wis duwe bojo ana wong wadon liya seneng bae koh dilayani? Karo maninge bojone nembe limang taun durung meteng bae koh mikir ngarah bojo maning? Siki bareng bojone padha meteng bareng nembe kebingungen!

“Wong duwe bojo ngasi loro kuwe toli angger wong sugih, sing dunyane mlarah-mlarah nganti kena nggo plarakan lha memper, Min! Wong ko, paling-paling nyambut gawemu serabutan bae koh duwe bojo ngasi loro. Siki bareng bojomu meteng bareng kaya kiye, ko sambat. Kuwe jenenge ko wong lanang sing ora tanggung jawab, Min!” aku ngomong karo mlengos.

“Uwis, kang. Siki inyong ngakoni salah. Nanging inyong siki ngendhong maring nggone rika kuwe ora kepengin diomeih. Inyong arep njaluk tulung maring rika, Kang!” ujare Parmin karo klecam-klecem.

“Arep njaluk tulung apa? Arep utang dhuwit maning?”

“Hehehe..., iya, Kang. Deneng rika ngerti?” Parmin cengengesan karo lenggak-lenggok.

Arepa dekaya ngapa, inyong weruh wong susah kaya dheweke ya krasa melas. Senajan utang sing ndhisit ya durung disauri, dheweke nembung utang maning ya tetep tek wei. Apa maning gole nembung utang jere arep nggo mriksakaken wetengane bojone.

“Inyong mung weling maring ko ya, Min. Arepa dekaya ngapa kabeh mau wis kebanjur. Kaya-kaya lakone uripmu pancen kudu kaya kiye. Mulane kanggone wong lanang, wiwit siki ko kudu sregep nyambut gawe nggolet pangupa jiwa, supaya bisa nyukupi kebutuhan uripmu lan anak bojomu,” inyong ngomong kaya kuwe karo ngelungaken dhuwit 500 ewu maring Parmin.

Sewise ngesak dhuwit, Parmin terus bae gagean pamit bali. Tek delengena, ketone dheweke bombong pisan. [*]

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Parmin oh parmin wis dadi nasibmu

06 Oct
Balas

Lha ken kepripun malih, Bu?

06 Oct

Inyong rasane melu kesuh karo Parmin....

06 Oct
Balas

Hehe...lha tanggane Bu Rini wonten mboten ingkang naminipun Parmin?

06 Oct

Wonten Pak..ning mboten kados niku...

06 Oct

Syukurlah, benten kalih Parmin tangga kula.

06 Oct



search

New Post