Jane Inyong lagi Bebeh Nulis!
Terus terang bae, dina kiye jane inyong lagi bebeh nulis. Inyong esih kesel, awakku pegel, kempolku padha mrengkel. Lha kon ora kesel kepriwe? Mau bengi inyong nembe bae bali sekang Semarang. Esuk-esuk kudu siap-siap maring sekolahan. Kae nang mejaku mbuh bocah pira bae sing wis numpuk fotokopi ijazah sing kudu dilegalisir. Senajan dina Setu jane prei, tapi gelem ora gelem ya kudu tek angkati. Soale ngesuk Senin jam telu, inyong kudu mangkat maring Semarang maning. Angger ora tek legalisir siki, mbok melasi bocaeh sing wis padha ngenteni kawit dina Rebo wingi?
Rampung nglegalisir fotokopi sing setumpuk akehe, sekitar jam sepuluh inyong mangkat kondangan nggone guruku sing pengantenan. Bali kondangan inyong mbukak hp. E...Den Ayu Dyahni gotak kenangapa inyong deneng dina kiye urung nulis.
Senajan inyong lagi bebeh nulis, nanging gandheng ana wong ayu sekang Patikraja nakokena inyong, kesel-kesela inyong ya banjur nutuli hp mbuh arep nulis apa kiye mengko. Dikayangapa inyong ya wis tau dadi kepala SMAN 1 Patikraja limang taun suwene. Enggane ana wong Patikraja, ayu pisan, sing kangen maring tulisanku koh ora tek turuti, ya jelas ora patut. Lha kiye inyong arep nulis, Den Ayu. Tapi semendhing bae ya!
Kaya kiye. Inyong kan mau bengi nembe bae bali sekang Semarang. Nembe bae arep mijeti kempol sing mrengkel, bojoku mereki inyong karo takon.
"Kesel, Pak?" Bojoku nglendhot gayane kaya wong esih enom bae.
Inyong kon semaur kepriwe jajal! Sing jenenge wong nembe bae bali sekang Semarang sing adohe lewih sekang 200 kilometer, ya mesthi bae kesel mbokan? Lewih-lewih bojoku weruh lamona inyong lagi mijeti kempol. Kenangapa bojoku ndadak takon kaya kuwe?
"Kesel ya ora apa-apa, Bu. Kabeh mau tugas negara ya kudu tek lakoni. Kiye bae malah ngesuk Senen tekan Rebo kon mangkat Rakor maning maring Semarang koh, Bu," inyong semaur karo esih mijeti kempol.
"Syukurlah, Pak!" Bojoku semaur karo mesem.
"Ndeneng syukur? Apa enggane ko ora melas maring inyong? Nembe bae bali sekang Semarang, bokongku esih panas, beyekanku esih pegel, kempolku esih pating prengkel, koh enggane kon mangkat maring Semarang maning nganti telung dina maning?" Inyong mandan gumun maring bojoku.
Karo lendhotan, bojoku semaur, "Melas si melas jane, Pak. Tapi inyong seneng koh angger bapake tugas dines luar kota."
"Lha kenangapa si, ditinggal wong lanang nganti telung dina koh malah seneng, Bu?"
Karo lenggak-lenggok lan mesam-mesem bojoku semaur, "Soale lewihane sangune Bapake mandan lumayan akeh koh. Kena nggo becer!"
Lha kuwe mbok! Sing jenenge wong wadon, sing dipikir urusan becer-membecer thok. Bokonge wong lanang sing nganti panas, beyekane sing nganti pegel, kempole sing pating prengkel, blas ora dipikir-pikira! Sing penting nampa lewihan sangu, terus kena nggo becer.
Tapi duwe bojo kaya kuwe inyong ya seneng-seneng bae. Senajan esih kesel, tapi bali sekang sekolahan mau weruh bojoku becerane wis pepek pisan, inyong ya melu bungah. Beras sekanthong, gula-teh, sabun, odhol, lenga goreng, jajanan klethikan nggo bocah, lan mbuh apa bae wis ditukoni nang bojoku.
"Kiye dhuwit lewihane sangune Bapake wis tek nggo becer. Malah esih lewih. Alhamdulillah kebutuhan dapur wis tek tuku kabeh. Sabun odhol ya wis tek tuku. Ngesuk dhuwit lewihan sangune Bapake gari arep tek nggo tuku klambi karo sepatu," bojoku ngomong kaya kuwe karo reka-reka mijeti kempolku.
Karo mandan mringis inyong semaur, "Ya, Bu. Muga-muga bae inyong sering dines luar kota, dadi bisa aweh lewihan sangu maring ko. Bokong panas ora apa-apa. Beyekan pegel lan kempolku pating prengkel ya ora apa-apa. Sing penting becerane komplit lan bojoku bisa tuku klambi karo sepatu."
Inyong ngomong kaya kuwe, bojoku keton mandan isin. Karo nutupi lambe, bojoku ndegugi gigirku ora mandheg-mandheg.*
Purbalingga, 24 Februari 2018.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Hehehe. Pak Edi menika lho, pinter ndongeng. Kula maos ngantos ngekek piyambak.
Hehe...napa inggih, Bu Wiqo? Napa mudheng?
Lah kayane ora wong wadon tok sing cokan mikir lewihan sangu! Bedane gur ora nggo becer ndean
Lha niku tah Bu Pengawas mbukak wadi. Kinten2 ngge napa ngih Bu?
Menawi becerane pun pepek nggih pun ayem kantun sayang menyayang
Lha niki malah kula nembe mawon ken mijeti koh. Kewalik bilih, Bu Anita?
Selamat Pak Edi...hebat sekali meski sdg capai tulisane bgus.
Napa nggih, Bu Puspa? Matur nwn sanget.
Artane teksih lewih pak,mriki kulo dibageni kangge becer.hee..hee.. awehan temen. Ambek ambekane koh...
Hehehe...napa kersa si, Bu Yuli?
Sayah sayah mboten nopo nggih pak, demi tugas negara sekalian demi istri tercinta....hehe
Nggih, Bu Eti. Leres. Negara kalih istri sami pentingipun.
Matur nuwun pak Edi..inyong wis ngguyu bae kiye..Selamat beristirahat semoga senin dapat melakukan kembali tugas negara...he..he
Nggih, Bu. Niki kantun ngaso rumiyin.
bahasa tegal ya , inyong !
Bahasa Banyumas, Bu Yuki. Ini hari Sabtu jadwalnya menulis menggunakan bahasa daerah masing2 penulis. Utk melestarikan bhs daerah.
Yang pasti tidak "Ada uang abang kusayang, ga Ada uang abang kutendang," nggih pak hehe
Sekali sdh sayang, mdh2an selamanya sayang, Pak Giri. Mesku tdk hrs banyak uang...