Edi Prasetyo

Tinggal di Purbalingga, Jawa Tengah. Sejak masih kuliah di IKIP Yogyakarta gemar menulis. Pernah menjadi guru di SMAN 1 Sokaraja, Banyumas 18 tahun, KS SMAN 1 S...

Selengkapnya
Navigasi Web
Kondangan Amplope Keliru

Kondangan Amplope Keliru

Wulan kiye, rumangsaku lagi akeh pisan wong mbaranggawe. Sing jenenge kondangan, saben dinane bisa pindho utawa ping telu. Jenenge bae duwe sedulur lan kanca akeh, saben padha mbaranggawe ya inyong diundang. Gelem ora gelem, inyong ya kudu merlokaken kondangan. Ora ketang dhuwit ndadak utang, inyong tetep ora gelem wirang.

Kaya andhing wingi, dhong pengawas sekolah mantu, inyong ya melu diundang. Apa maning inyong wis kenal apik karo pak pengawas mau. Bubar sekolah, inyong terus nyiapaken amplop, terus tek iseni dhuwit nggo kondangan. Mbareng arep mangkat, inyong diceluk kepala sekolah, diprentah kon tuku cet nggo ngecet ruang tamu sekolah. Dhuwit sing kon nggo tuku cet, sing wis nang njero amplop ya deweken maring inyong. Tek etung jumlahe limang lembar atusan ewu. Mbok nganti keliru karo amplop sing arep tek nggo kondangan, amplop sing isi dhuwit nggo tuku cet mau tek tulisi dhuwit sekolah arep nggo tuku cet. Sewise amplop tek saki, inyong banjur numpak motor mangkat kondangan.

Tekan daleme pak pengawas, tamu sing rawuh wis akeh pisan ngasi umpel-umpelan. Weruh tamu liyane padha nglebokaken amplop, inyong ya banjur melu bae. Salaman karo penganten lan keluarga pak pengawas karo besane, antrine uga dawa pisan. Rampung salaman, inyong banjur mereki suguhan sing sarwa prasmanan.

Dhasar pengawas sugih, suguhan apa bae ana. Ora isin-isina, panganan apa bae, mbuh ngerti jenenge mbuh ora, tetep tek jiot. Padhahal ujare wong-wong, sing jenenge suguhan prasmanan kuwe, kejaba kon padha njiot dhewek-dhewek uga kon milih. Tapi inyong ora urus. Pokoke kabeh panganan tek jiot.

Sewise rampung, inyong gagean menyat pamitan, terus bablas maring toko bangunan arep tuku cet. Tekan toko bangunan, inyong banjur milih cet. Bareng arep mbayar, inyong kaget. Mergane dhuwit sing arep nggo tuku cet wis ora nana nang sak, tapi sing ana malah dhuwit sing kudune nggo kondangan. Inyong bener-bener bingung. Arep kepriwe kiye?

Mbuh kepriwe carane, inyong ya tetep kudu tanggung jawab. Angger kon ngijoli dhuwit sekolahan sing jumlahe limang atus ewu, inyong ya ora duwe. Wong dhuwit nggo kondangan bae anu gole utang. Maring pelayan toko, inyong ngomong reka-rekane dhuwite sing nggo tuku cet keri. Senajan pelayan tokone menjep, inyong ora urus. Inyong terus bae ngeciput bali maring umah.

Mbareng dinane maning inyong mangkat sekolah, kepala sekolah takon mendi cete sing tek tuku. Inyong nglomboni reka-reka kelalen. Padhahal inyong lagi ngenteni mbaranggawene pak pengawas rampung. Let rong dina, inyong sowan maring daleme pak pengawas. Ora isin-isina, inyong banjur matur.

"Nuwun sewu kepareng matur, Pak Pengawas," ngomongku lirih.

"O nggih, wonten ingkang wigatos, Pak?" pitakone pak pengawas.

"Bilih anggen kula matur mboten sopan, kula nyuwun pangapunten, nggih Pak," inyong ngomong mandan dheg-dhegan.

"Mboten perlu rikuh pekewuh, Pak. Mangga kantun ngendika mawon."

Karo mandan nahan ambegan, inyong banjur matur, "Ngaten, Pak Pengawas. Nalika wingenane kula kondangan mriki, amplop ingkang kula lebetaken kothak kelintu. Mesthinipun arta ingkang wonten amplop punika kangge tumbas cet ngge ngecet ruang tamu sekolah. E.. mandar kula lebetaken kothak. Kula lajeng bingung, Pak Pengawas."

"O kados mekaten. Lajeng kersanipun kados pundi?"

Karo mandan isin inyong semaur, "Menawi kepareng, amplop ingkang isi arta sekolahan badhe kula suwun malih, kula ijoli amplop kula."

"O nggih mangga. Nika isi kothakipun amplop tasih wetah ikih dereng kula bukak," semaure pak pengawas ngepenaki pisan.

Inyong banjur kon mbukak kothak sing kebek isi amplop, mbuh pirang atus amplop bae. Sewise tek delengi turut siji nganti meh setengah jam suwene, amplop sing ana tulisane dhuwit sekolah arep nggo tuku cet ketemu. Inyong ngrasa bungah pisan. Inyong banjur nglebokaken amplop-amplop mau maring kothak maning. Ora keri, amplop kondanganku sing nang sak ya tek lebokaken kothak.

Ora let suwe, inyong banjur pamit maring pak pengawas. Karo bali numpak motor, inyong ndonga muga-muga pak pengawas ora crita maring sapa-sapa.*

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Mas Mau ngisi artikel gimana caranya

16 Dec
Balas

Caranya gampang. Setelah masuk ke gurusiana.id tinggal pilih menu, terus daftar, lalu isi idenditas pribadi setelah selesai klik yg warna orange. Sdh tinggal nulis. Nanti kalau msh blm bisa bisa tanya lagi.

16 Dec

Mas Mau ngisi artikel gimana caranya

16 Dec
Balas

Setelah sy cek, ternyata pd tanggal 8 September 2017, pak Aris sdh pernah menulis artikel yg berjudul "Semangatku Sagusabu" kok. Tinggal nulis lagi, Pak.

16 Dec

Mas Mau ngisi artikel gimana caranya

16 Dec
Balas

Mas Mau ngisi artikel gimana caranya

16 Dec
Balas

Crito panjengan.. lucu banget..

16 Dec
Balas

Lha napa panjenengan mudhemg, Pak Maghfur? Mtr nwn sampun kersa komentar.

16 Dec

Ngih.. mudeng.. P edi.. boso niku sakjane mirip..

16 Dec

Ya Allah pak critane panjenengan bnar2 uenak tenan...gawe kulo gemuyu dewe....lucu tenan pak...duh pa ake dadi teyeng pingin penganene di ijot kabeh..he2

17 Dec
Balas

Hehehe....syukur menawi saged damel gemujeng.

21 Dec

Pak Edi, lucu sanget critane lan ngemu elmu ingkang manfaat.nwn

16 Dec
Balas

Lha niku, mulane menawi badhe kondangan amplopipun ampun ngantos kelintu nggih.

16 Dec



search

New Post