Mumet Nggoleti Dhuwit Sepuluh Ewu
Tanggaku sing jenenge Turah Idawati, tek arani pancen tliti-tlitine wong wadon. Angger maring urusan dhuwit, kena dearani seperak bae ora nana sing nganti mrejel. Dewenehi dhuwit pira bae nang sing lanang, pokoke langsung delebokena maring cathetan. Semono uga angger ngetokaken dhuwit, limang atus perak bae ya mlebu cathetan. Mbok tlitine pol? Senajan mung lulusan SMA, inyong ngarani wong kaya kuwe cocok dedadekena menteri keuangan.
Angger arep blanja, mbuh maring pasar apa maring toko, sedurunge mangkat mbekayu Turah -kaya kuwe dheweke biasa diceluk- mesthi wis gawe cathetan apa bae sing arep detuku. Mengko angger wis bali, cathetane decocokaken karo barang-barange sing detuku. Jajal, pada seneng ora duwe bojo sing kaya kuwe?
Lha mau esuk, antarane jam wolu, inyong krungu mbekayu Turah lagi padha gegoh karo sing lanang. Wong jenenge tangga perek, krungu tangga lagi gegoh inyong ya banjur merek.
"Ana apa si, Mbekayu? Esuk-esuk deneng gegoh?" inyong takon karo mlebu umaeh mbekayu Turah.
"Niki saweg madosi arta, Pak Guru," semaure mbekayu Turah.
"Lha apa dhuwite mbekayu Turah ilang?" inyong mandan kaget karo mikir, apa enggane ana maling mlebu umaeh mbekayu Turah?
Mbekayu Turah mandan klecam-klecem ora gelem semaur. Kang Sukana, sing lanange mbekayu Turah, sing lagi njagong karo ndeleng tv malah sing semaur.
"Madosi arta sedasa ewu, Pak Guru. Niku piyambake nembe mawon wangsul becer saking peken. Mbareng ngecek barang-barang kalih cathetane, wonten gesehan sedasa ewu. Arta ingkang sedasa ewu dereng genah wau duka ngge napa."
"O kaya kuwe. Mbok biasane mbekayu Turah tliti pisan gole nyatheti dhuwit?" inyong takon karo njagong njejeri kang Sukana.
"Kantenan niki saweg kesupen koh, Pak Guru," ujare mbekayu Turah karo ndelengi cathetan lan ngemeki bathuk.
"Apa deweken tukang parkir lan tukang ngemis embok?" aku njajal mbantu ngemutena.
"Mboten, Pak Guru. Ingkang kangge mbayar parkir kalih tukang ngemis sampun kula cathet koh. Kula niki jan dados mumet angsale mikir. Sampun ngantos setengah jam langkung dereng kepanggih," semaure mbekayu Turah.
"Lha nggo ngapa si mau kira-kira? Wis kaya kiye bae. Siki ora susah degawe mumet-mumet mikir dhuwit. Kadaran dhuwit sepuluh ewu ikih, Mbekayu. Nyah kiye tek ijoli dhuwite sing sepuluh ewu. Timbang rika mengko mumet mikir dhuwit sepuluh ewu, obat mumete malah ora sedheng telungpuluh ewu," aku ngomong kaya kuwe karo ngrogoh sak.
"Mboten kados niku, Pak Guru. Sinaosa namung arta sedasa ewu, tetep badhe kula padosi ngantos kepanggih. Soale niki hubungane kalih tanggung jawab keuangan keluarga," semaure mbekayu Turah kaya iya-iyaha. Sejeron meneng jane inyong ya gemuyu.
"Angger kaya kuwe ya ngonoh degoleti. Tapi angger mengko ngasi mumet, bodhoa lho ya!"
Mbekayu Turah kur meneng bae. Semono uga kang Sukana. Kaya ora urus-urusa maring bojone sing lagi koleng mikir dhuwit sepuluh ewu. Inyong banjur menyat karo nembung nyilih motor.
"Ya uwis, mbekayu. Ngeneh inyong nyilih motore sedhela, arep niliki sawah mbok kesaten ora kebanyon."
"Alhamdulillah! Matur nuwun Pak Guru sampun ngengetaken kula," ujare mbekayu Turah keton sumringah. Inyong malah bingung apa sing dekarepena mbekayu Turah.
"Lha ngapa si, Mbekayu? Inyong ora olih nyilih motor?" terus terang inyong ora mudheng karepe mbekayu Turah.
Karo cekikikan mbekayu Turah ngomong, "Arta ingkang sedasa ewu sampun kepanggih, Pak Guru."
"Lha ketemu nang endi si?" pitakonku karo nampani kunci motor sing deulungena kang Sukana.
"Kula sing kesupen. Wau ngge tumbas bensin," semaure mbekayu Turah karo nutupi lambene.
Oalah mbekayu Turah. Ujarku rika tliti-tlitine wong maring dhuwit, jebule isih cok kelalen bae. Aku banjur metu karo nuntun motore dheweke.*
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Hahaha... mbekayu... mbekayu... Bikin saya ngguya ngguyu. Mantap pak.
Ah, paling Bu Sarah tdk paham. Tapi kok ngerti ngguyu ya? Terima kasih, Bu Sarah.
Ceritane lucu pak gawe guyu...inyong duwe laki kaya kang sungkana, kaya mentri keuangan ...moh pak..ben urip dewe wae...daripada inyong puyeng lan mumet nyateti duit trus...he2
Hehehe...lho mbok seneng nyatheti dhuwit, Bu?
Hahaha....pancen mbekayu Turah...Pak Edi sae sanget.....
Nggih kados niku mbekayu Turah, Bu.
Duuh... Ga ngerti
Hehe ...eta ibu Turah, nyari duit 10 rebu. Kamana eta... e ternyata udah buat beli bensin...
Oh hehe... Pusing juga bacanya Pak
Iya sih. Cuma perintah dari Pemred di setiap hari Sabtu kita supaya menulis menggunakan bhs daerah masing2, utk melestarikannya. Jadi ya sy ikuti.