Amargi Corona
#TantanganGurusiana
#Day61
Amargi Corona
Mugi - mugi Gusti ingkang Maha Kuasa tansah pinaringan kewarasan, kesegeran, perlindungan dumatheng kita sedaya, dipuntebihi saking sakaparan sangkakala, mara baya ingkang ketingal saha boten saged dipuntingali kagem paningalan.
Mugi - mugi mawon bangsa Indonesia gadah solusi kagem nangani virus covid - 19 ingkang sampun nyebar dhateng pundi - pundi termasuk dumugi tlatah jawi.
Miturut walikota Solo, kasus covid - 19 sampun dados kasus Kejadian Luar Biasa (KLB). Wonten setunggal warga Magetan ingakang seda amargi terinfeksi corona, ingkang dirawat wonten RS. Moelardi - Solo. Saha kawontenan kasus corona punika Walikota Solo ngedalaken serat kebijakan CFD lan kerumunan kados pentas budaya ditutup utawi ditiadakan. Kebijakan sanesipun saha sekolah wonten Kota Solo sekitare diliburaken dumugi kalih minggu.
Kebijakan Walikota Solo saha disambut Gubernur Jawa Tengah Bapak Ganjar Pranowo. Bapak Gubernur ngedalaken serat protokol antisipasi pencegahan virus corona kagem instansi - instansi. Gubernur saha ngedalaken serat kebijakan libur seolah. Nangin kagem tingkat SMA/SMK ingkang tasih ngaleksanaaken Ujian tasih masuk kados biasane.
Mugi - mugi mawon kasus niki saged cepet bibar. Geliat ekonomi Solo radi lesu. Solo radi sepen pengunjung amargi status siaga corona. Sakjanipun dinten niki kulo badhe kesah wonten Solo tapi boten sios amargi gadah rasa waspada lan khawatir. Mugi - mugi khususipun Solo lan Bangsa Indonesia umume boten dugi kados Wuhan Cina
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
ibu mbenjing prei menopo mlebet?..12 dinten nggih? kedah teng griyo..mugi2 tansah pinaringan kawilujengan sedaya bu..inggih sedih saestu menika..monggo nyuwun marang Gusti ingkang maha Agung supados kita sedoyo dipun paringi kesarasan lan kesehatan..amiin
injih pak. Matur suwun sampun mampir