Eko Adri Wahyudiono

Saya hanyalah seorang guru biasa. Jika bukan pengajar pastilah pendidik dalam tugasnya. Bisa jadi adalah keduanya. Namun, jika bukan keduanyapun, saya pastilah ...

Selengkapnya
Navigasi Web
Aku gak seneng karo wong siji kuwi, tapi...!

Aku gak seneng karo wong siji kuwi, tapi...!

“Aku gak seneng karo wong siji kuwi, tapi...!”

Aku njawab yo ngono kuwi maeng. Yo ben..!, sak njeplak e lambeku pas ditakoki koncoku bab koncoku siji sing liyane iki. Pingin weruh sing tak maksud sopo ? Wong kuwi jenenge Daniel Octavianus Atmaja. Celukan ne Daniel. Eh, nek awakmu nduwe kenalan dukun santet, ngomong o neng aku yo lur..!

Lha nyapo kok aku gak seneng?. Ngene lho lur.!..asline aku masiyo ngomong nggak seneng ora terus artine aku blas gak seneng, mergakno saking seneng e karo wong siji iki, jujur aku ngomong malah walikane.. Nek wong Suroboyo, isok tak ilokno Mas Daniel kuwi wong sing nggapleki asli puool. Awakmu lhak ngerti to, wong Suroboyo, masiyo pas ketemu, yo gak nduwe masalah, yo tetep wae awakmu dipisuhi..ojok nesu sik..kuwi ben akrab yo. Njaluk rokok yo misuh, takok kabar yo misuh. Misuh e yok opo ?.. misuh yo misuh..pokok e yo ngono kuwi lhah..!.

Pisan maneh lur, ojok kliru lho yo. Ngene tak critani,..sik, endi kupingmu, rungokno yo.!. Koncoku sing jenenge Daniel kuwi maeng, asline bahasa Inggris e pinter. Yo mesti wae, wong kuwi mbiyen kuliah nok Perth, Australia. Mamulo nek ngomong boso londo kuwi yo cas cis cus wae. Nek awakmu tahu kuliah neng kampus UNESA,Suraboyo wong iki yo kadang kadang ngisi materi neng kono. Sekolah SMP opo SMA swasta neng Suroboyo, mesti kenal karo wong iki. Wong e wes tercemar..eh, kliru, ..wes terkenal..Pokok e nek nyangkut pendidikan neng Indonesia, wong iki maju sik. Polah e pemikirane kuwi lho, bedo karo wong liyane. Kudune bisnis, wong iki malah ngurusi pendidikan sing gak enek duit e..yok opo sih awakmu kuwi mas. Kliru milih dalan. Pendidikan maju mundur pantang terus ngene kok koen belo terus. Wes embuh mas, sak senengmu lhah., pokok e awakmu marem.

Oh, iyo, ojok ditakoki pekoro roso nasionalisme ne, pokok e nek onok sing arep mecah mecah NKRI, wong iki maju sik. Nek ngomong masalah keyakinan ne yo ora muslim sih, tapi wong iki peduli karo wong muslim sing moderat. Bola bali ngisi materi nek pondok pondok Islam, utamane pondok N.U , Tebu Ireng, Bumi Sholawat..akeh lah. . Otak e yo cerdas, carane nek ngomong yo angger njeplak wae, wong liyo nesu pora karo dek e, wes ora digagas. Tapi yo bener. Yo ngengkelan pisan. Embuh weton e opo wong iki.

Aku nduwe pengalaman, pas neng luar negeri karo Mas Daniel iki. Pas neng event lomba, kok onok sing ngelek-elek karo wong Indonesia opo gak adil pekoro ngurusi delegasi Indonesia, langsung dijak padu karo dek e. Aku weruh dewe yo. Nek perlu embuh gelas , cangkir po piring dibantingi kabeh pas mbelani delegasi Indonesia kuwi.

Mamulo kuwi, aku wes suwi gak tau krungu kabare wong siji iki. Mugo mugo ojok kenek Corona yo, eman soal e. Wes gak onok tunggal e. Termasuk yo klebu limited edition. Yok opo gak eman, nek ketemu karo aku yo kudu gegeran wae, ngejak gelut, yo kudu tak pisuhi wae, tapi nek gak enek yo tak kangeni. Aku gak weruh, sakjane iki sing nggapleki kuwi aku dewe opo mas Daniel iki yo.

Wes ngono wae yo. Masiyo aku gak seneng karo wong siji iki tapi tetep tak kangeni. Pamungkasane, dadi wong kuwi, masiyo musuhan opo gething mburu sengit, nek isok tetep silatuhami, yo omong omongan barang, ojok jothakan opo satru yo, lur. Wes, tak ngombe sik, aku ngelak..jare neng alam donya iki mung mampir ngombe thok.

Salam Literasi boso jowo.

Magetan14032020

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

boso suroboyone kenthel..wkwkwk

15 Mar
Balas

ha..ha.., lha gedhe neng kono bu...makasih yo..salam

16 Mar

Pancenen misuh iku ono artine lho. Jare arek mahasiswa, cerdas ulet kreatif, dadi ojo nesu sik yo.

15 Mar
Balas

Betul bu..ha..ha..ojok disingkat tapi..salam

16 Mar

Pisuh-pisuh = nesu - nesu = muni-muni, yo toh Pak ? Enak tenan jebule leh ku moco.

15 Mar
Balas

Betul bu..artinya ya gitu itu ha..ha.., tibak e enak nggawe artikel boso suroboyoan ngene iki ha..ha..bebas blas..salam

15 Mar

Cmn bs ngertinya dikit2 aja pak, hehe...

15 Mar
Balas

Alhamdulilah..disyukurisaja bu..itu hanya gaya bahasa cengeesan bu..ha..ha..salam hormat

15 Mar

Penak lehe moco. Aku nate nulis boso Jowo di lokne, nulise kathah salahe.Kapok..

15 Mar
Balas

gak popo bu..yulis wae..sak sak e..koyok ngene..salah yo babahno..ha.ha..salam

15 Mar

Yo iku seng bener lek...boso suroboyoan khas banget...salam isuk isuk ayo mlaku mlaku

15 Mar
Balas

ha.ha..hare dino minggu dikon nulis bodo jowo..hs.hs..akhir e yo dadi ngene iki ha.ha..salam wes..ndang mlaku mlaku o

15 Mar

Dadine kok yo pengin kenal karo sing nulis plus karo sing dadi bagan tulisan. Nggarai penisirin... Kapan ya...heee

15 Mar
Balas

awakmu nak neng Unesa,golek ono wong kuwi. ha.ha..akeh ketemune..limited edition..ha.ha

15 Mar

Hahaha suroboyoane josss, enek nggapleki mbarang

15 Mar
Balas

Ha..ha..arep ngomong opo maneh..enak ngene iki kari nulis..ha..ha..gak mikir grammar gramaran barang ha..ha..salam

15 Mar

Hahaha suroboyoane josss, enek nggapleki mbarang

15 Mar
Balas

ha.ha..maturnuwun bu..isokku yo mung ngene iki ha..ha..

15 Mar

Tak bolan baleni leh aku moco. Sing nulis nggapleki teniiin

15 Mar
Balas

ha..ha.., makasiih bingitt sikili..hi.hi.hi...salam

16 Mar

Limited edition iku keren!

15 Mar
Balas

Ha.ha.., orang khan unique..jadi gak ada duanya tuh bu..salam

15 Mar

Pengen tau artinya... Ini cerita tentang apa ya pak?? Ora ngerti... Hehehe

15 Mar
Balas

Ha..ha..crita tentang sahabat saya, kalo ketemu gegeran, tapi kalo gak ada saya rindukan..

15 Mar

Misuhe Magetan kalih Rembang benten njih, Pak.

15 Mar
Balas

Paing menawi pak wetonipun, salam

15 Mar
Balas

ha.ha..jiyaah..kawula, PON bu..wkwk..ketemu teng pundi niku..

15 Mar

Suroboyo asli tenan. Seneng misuh.

15 Mar
Balas

ha..ha..iyo..kenal mas Daniel po gak..takok o dewe wes ha..ha..

15 Mar

Pas maca, bade serius ndilalah lucu, akhire mboten saget ngempet ngguyu.. Salam kagem Pak Daniel ingkang limited edition.. hehehe.. salam literasi basa Jawa

15 Mar
Balas

ha..ha.. maturnuwun yo..kenal gak karo wong e ?..yo ngono kuwi..enak nganggo boso jowo..kari nulis wae wkwk wes gak mikir blas..arep neu po ra gak nggagas,,babahno..salam

15 Mar

Jiaaaan ... nggaplek'i tenan to. Mantul Cak! Suenneng aku lek moco tulisane riko. Salam literasi boso jowo pisan yo.

15 Mar
Balas

ha.ha..iyo bu..wes pokok e nulis boso suroboyoan ngene iki..ngerti karepmu gak ngerti yo wes..ha..ha..suwun yo apresiasine..salam

15 Mar

Saya tak paham ini.

15 Mar
Balas

Sidane dados tulisan. Wau jam 10 pun lancar pol Pak. Yen konangan bu indah, mesti dapat ilmu dikritik tulisan pak

15 Mar
Balas

iyo..angger nulis wae..embuh karep e , aku dewe yo mumet ha..ha..diseneni yo gak popo..wes kepepet ha..ha..salam

15 Mar

Gak seneng tapi seneng bangeeett, gak seneng tapi di kangeni... Wah keren bapak...

15 Mar
Balas

ha.ha..kok ubeng ubengan..iyo asli..mas Daniel yo ngono kuwi..nggapleki puooll..salam

15 Mar

Renyah kyk krupuk.., nggarahi nek maem dadi lahap. Boso suroboyoan ncen khas pisuhan. Senajan nek krungu dewe wetengku dadi senep, yo yok opo maneh wong ncen ciri khas.., Njenengan niku Suroboyo ta Magetan sih Pak..?? Hehehe...

15 Mar
Balas

ha..ha.., bu kawula asli madiun, gedhe neng pamekasan, terus suroboyo bu, lha kerjane manut SK neng Magetan he..he..iyo bu..isine pisuhan thok ha..ha.. tapi akrab...ha..ha..

15 Mar

ya ya ya...huhaaaaaaa air mataku menganak sungai....(aku tak ngerti bopo)

15 Mar
Balas

ha..ha.., itu rasa ketidak sukaan saya pada seseorang tapi aslinya saya hormat banget pada dia he..he..

15 Mar

Tulung Pak Eko, bilih pinanggih Mas Daniel, kula ngampil astane sekedhap, kagem ngethak, piyantun kok nggapleki!.. salam Literasi

15 Mar
Balas

ha.ha..nggih bu..jenengan saget salam piyambak..niku di group wonten ha..ha..

15 Mar

Jiaann .. pak eko iki Bhs inggria ok Bhs jerman ok ,opo maneh bhs Indonesia tambah ahline laa iki malah boao jowo ngewes....Subkhanalloh Jeng ben Boao madura nggeh pak eko...pokok selalu , selalu sesuatu artikele pak eko ....Salam.

15 Mar
Balas

ha..ha..saget e nggih namung niku bu..pokok e kabeh boso opo wae seneng kok..yo boso jepang opo waelah ha..ha..

15 Mar

Keselep yo... bhs jepang opo maneh tambah ngewes pak eko jiaaaan Mantep.

15 Mar

Emang knapa pak,bisa gak seneng dgn yang satu itu...Pakai tapi...lagi

15 Mar
Balas

ha,..ha..nggak bu..hanya rasa salut saya tapi gaya bahasa saya seperti orang benci ha..ha..salam

15 Mar

Sembarang bahasa iso. Ancene pak eko hebat

15 Mar
Balas

Ha..ha..matur nuwun kathah kanti sangat..salam hormat

15 Mar

mantep tenan yo..bosone...mocone sampek tak bolan-baleni...

15 Mar
Balas



search

New Post