Eko Budiyono

Menulis adalah ketenangan hati. ...

Selengkapnya
Navigasi Web
Lelakone Urip
Foto: Dok. KBK

Lelakone Urip

Lelakone Urip

Dening Eko Budiyono

Ati iki sedih

Masia pait, pedes, lan perih

Kabeh mbok lakoni kanti ikhlasing penggalih

Tanpa pamrih

Sapa sing ora trenyuh

Maring lelakon uripmu kang sumpyuh

Nanging ora tau gupyuh

Pancen awakmu wadon kang tangguh

Kabeh wis kok lewati

Kanti ngati-ati

Ora grusa-grusu, nanging setiti

Masia kuwi babagan kang gati-gati

Ora meneng anggonku nangis

Ndelokke lelakon uripmu kang miris

Ketaton kang ora uwis-uwis

Nanging kowe tansah gemuyu manis

Aku ngerti iku banget larane

Sethithik wae ora isa mbayangke

Apa maneh anglakoni dewe

Nanging kowe tetep jejeg amrantasi gawe

Uripmu banget rekasa

Nanging kowe ora tau ngresula

Tansah gumuyu mring kabeh manungsa

Katon yen kowe wus dewasa

Dongaku muga awakmu tansah seger waras

Isa anglakoni urip iki kanti ikhlas

Tanpa lelaku kang culas

Mugi diijabah Gusti ingkang maha welas

Belor, 24 Januari 2021

Tantangan nyerat 365#5

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Bahasa Jawa puisinya. Sedikit mengerti, keren dah

24 Jan
Balas

Sae saestu Pak Eko..salam paseduluran saklawasipun..

24 Jan
Balas

Trenyuh mas Eko..lagi deleng fotone wae ..apa maneh ngerti saben dinane

24 Jan
Balas



search

New Post