Eko Hastuti

Menulis bagiku menjadi salah satu sisi kehidupan yang penting. Ibarat orang hidup yang harus bernafas, menulis sebagai oksigen yang memberi kesegaran otak dan h...

Selengkapnya
Navigasi Web

Kegedhen Empyak Kurang Cagak

Minggu esuk srengenge sumunar padhang, cahyane kencar-kencar ngebaki angkasa. Angin tumiyup alon, mung sribit-sribit nrobos cendhela. Ruang tamu sing langka disaba, dening Murti diresiki alon-alon. Kabeh cendhela dibukak, disulaki kanthi bungah. Ing batin Murti muji syukur kaparingan rezeki kang barokah bisa kanggo nyicil angsuran perumahan nganti lunas. Senajan mung omah cilik, RSS Type 21nanging gawe ayem tentrem kulawargane. Rekasane urip ana omah kontrakan wis dilakoni limang taun sadurunge.

Uripe Murti sakulawarga mung prasaja banget. Anggone nyandhang mangan iya mung samadyane wae. Kalebu omah sing dipanggoni karo garwa lan putrane telu kang isih cilik-cilik iku, sederhana banget. Kaya ing ruang tamu kuwi contone, ora ana prabotan kang regane larang. Uga ora rinengga paesan ing tembok sing maneka warna. Foto kulawarga ora ana, apa maneh asesoris kayata, lukisan, paesan saka bahan keramik, vas kembang, lan liya-liyane. Blas ora ana, kejaba meja karo kursi.

Dumadakan Murti kelingan lan keprungu pangandikane Bu Wiwin nalikane ngrawuhi pertemuan PKK sawetara wektu kepungkur. Papane ora liya iya ana ruang tamu sing lagi diresiki mau. Ndilalah pas kejatah kepanggonan giliran nampa arisan.

“Bu Mur, mbok ruangane ditempeli gambar apa foto keluwarga ben ketok rame tur apik” ngendikane Bu Wiwin sadurunge PKK kawiwitan. Sawetara ibu-ibu liyane katon kaget mireng usule Bu Wiwin sing krasa ora pantes.

“Nggih, Bu. Ngapunten, griya kula nggih namung mekaten, panci boten remen paesan dinding. Ndilalah artanipun telas kangge kabetahane lare, Bu” wangsulane Murti alon karo nggregel.

Murti leren anggone nyulaki cendhela, banjur lungguh ing kursi. Awake disendhekake ana lendhehan kursi, sinambi unjal ambegan. Lelakon telung taun kepungkur katon gawang-gawang. Luwih-luwih sikepe Bu Wiwin sing katon sengit karo dheweke. Mbuh salahe apa, kok bisa-bisane Bu Wiwin tegel ngece ing sangarepe wong akeh. Kaya wayah sore nalika mulih kerja, Murti liwat dalan prapatan ndhuwur. Ing kono wis kanggo ngumpul ibu-ibu sing padha jejagongan karo geguyonan. Kanthi sopan Murti uluk salam.

“Nuwun sewu, ndherek langkung, Ibu-Ibu sedaya. Kok sampun sami santai-santai wonten mriki” pitakonane Murti.

“Mangga, Bu Mur, kok nembe kondur?” pitakone sawijining ibu-ibu.

“Nggih, Bu, keleresan wonten acara wau” sumaure Murti cekak karo ninggalake papan mau. Ning lagi telung njangkah, krungu penyeluke ibu-ibu liyane rada sora.

“Bu Mur!”

“Wonten menapa, Bu?” wangsulane Murti karo mbalik nyedhaki sing ngundang, kang ora liya Bu Wiwin.

“Boten napa-napa, Bu. Mung kula gumun, kok angsale ngasta tas kados niku”

“Lha kenging napa ta, Bu. Tase kula nggih wetah, boten suwek, tur omber kangge bekta menapa mawon mblebet,” sumaure Murti karo ngiling-ilingi tas ireng gedhe entuk saka workshop ana Semarang.

“Maksude kula, nek ibu-ibu niku umume nganggo tas cilik sing taline dawa niku, ketingal feminim” ngendikane Bu Wiwin karo mesam-mesem semu ngece.

“Oh..tas cilik, teng nggriya kathah, Bu, ning kula boten remen ngangge,” sumaure Murti dijarak rada umuk kanggo nutupi isin ing ngarepe wong akeh.

Kawit kedadeyan kuwi Murti sok arang-arang mangkat pertemuan PKK, wegah ketemu Bu Wiwin sing ora liya Bu RW-ne. Mula anggone mbayar iuran, arisan, sosial, lan uang duduk mung dititipake tanggane. Nganti yen ana kabar kabur kanginan bab tangga-tanggane sok ora krungu mligine babagan gosip. Ning yen ana tangga teparone sing lara, duwe gawe utawa perlu liyane sing perlu aweh kawigaten mesthi ora keri, malah diselakake. Gaweane ana kantor pancen abot, kudu mangkat gasik mulihe sore. Kaya-kaya ora ngerti awane perumahan awit mangkat uput-uput, mulih repet-repet, srengenge wis ngglimpang ing sisih kulon.

Panglamune Murti ambyar nalikane tangga iring omahe undang-undang. Murti njenggirat menyat saka lungguhe mbukakake lawang.

“Mangga Bu, pinarak. Daospundi Bu, kok kados wigatos sanget” pitakone Murti penasaran.

“Bu, pikantuk weling saking Bu RT, mangke siyang njenengan kedah rawuh pertemuan PKK” ngendikane Bu Santi sareh.

“Lha kenging menapa Bu, menawi saged kula kintu mawon kados biasanipun. Kula mangke wonten acara”, sumaure Murti gawe alasan.

“Mangke kempalan sisan damel perpisahanipun Bu Wiwin, Bu, kedah rawuh,” wangsulane Bu Santi.

“Lho, kok perpisahan, lha Bu Wiwin badhe pindhah pundi, Bu? Kenging menapa?” groyok pitakone Murti semu ora percaya.

“Oalah..njenengan boten priksa nggih, Bu. Dalemipun Bu Wiwin niku pun pajeng, lajeng badhe pindhah wonten dhusun Banaran, caket tiyang sepuhe. Mangke bibar kempalan teras sami mrika saperlu mertakake”.

“Lha, kenging napa disade, Bu. Dalemipun mewah kados ngaten. Jembar sanget, lan isin-isenipun griya nggih sarwa awis, kok eman-eman”, pitakone Murti dawa kaya sepur.

“Nggih kangge nutup betah, Bu. Tanggelanipun kathah, wonten pundi-pundi” wangsulane Bu Santi melu nggrantes.

“Lha menawi namung kangge nutup potangan, kok boten nyade sepedha motor napa mobil mawon, Bu?” pitakone Murti kaya wartawan wae.

“Wah jan, Bu Mur ki wong langka metu omah, ya ketinggalan sepur. Nggih sedaya wau pun langkung riyin disade, kantun griya niku. Niku mawon, mangke mung tirah sekedhik menawi kangge nyaur sedaya. Ngaten mawon nggih Bu, ampun kesupen mangke jam setunggal siyang rawuh”, ngendikane Bu Santi sinambi pamit.

Murti bali lungguh maneh bar nguntabke tamune tekan ngarep lawang. Ing batin rasane ora karuan. Senajan Bu Wiwin gaweyane mung ngece dheweke ning kabar sing kaya bledheg mangsa kasanga iku tetep gawe geter. Dadi kelingan dhek mangkat arisan PKK sing pungkasan, Bu Wiwin uga sapa aruh tanpa pekewuh. Wektu iku pas Murti teka dhok ing daleme Bu Ning panggonane arisan. Sing rawuh wis rada akeh, lagi wae arep mapan lungguh, wis ditodhong pitakone sing ora pantes.

“Bu Mur nek dalu isih dhahar nggih?”

“Lha kenging napa ta, Bu kok kula boten mudheng kersane?” wangsulane Murti bingung.

“Lha niku padharane njenegan ageng, boten mbodhi blas. Mesthi nggih boten nate olah raga ta”, ngendikane Bu Wiwin ngaro menjeb.

“Oh, ngaten kersane. Lha mbok saremene kula, Bu. Ajeng ndalu nedhi, ajeng boten olah raga, ajeng boten mbodhi nggih bojo kula boten masalah kok” sumaure Murti sengol amarga mangkel campur isin.

Murti nerusake anggone resik-resik ruang tamu, sawise cendhela karo meja kursi disulaki banjur jubine disapu. Ing batin Murti kepingin nyapu kabeh pengalaman pait sing wingi-wingi, utamane olehe dinyek Bu Wiwin. Ning nyatane mbusek lelakon kang nabet ing ati iku ora gampang. Kaya pengalaman nalika bareng nunggang angkot mulih saka kantor. Wektu iku wayah sore wetara bakda Ashar. Murti sing biasane numpak angkot kaget nalika ing njero angkot mau ana Bu Wiwin, tanggane sing gucihe ora umum. Lungguhe Murti ndilalah arep-arepan karo Bu Wiwin kaya adu dhengkul. Sawise sapa aruh sacukupe, Bu Wiwin anane mung nyawang Murti saka pucuk rambut tekan sikil, saka sikil munggah tekan sirah. Mbuh ing atine mbantin apa, ning kanggone Murti iku wis krasa diblejeti awake.

Pancen panganggone Murti ya samadya, ora kaya Bu Wiwin sing pating klerap, pating glebyar sruwa-sruwine. Yen nyandhang, saka sikil tekan sirah mesthi serasi, yen ijo ya sembarange werna ijo. Nganti tekan brose sing pating klewer ing sirah lan dhadhane yang werna ijo. Yen klambine abang, ya kudhung, tas, sepatu lan clanane abang. Durung anggone dandan, pasuryane nganti kinclong, alise nanggal sepisan, pipine nduren sejuwing, drijine pating klerap kebak ali-ali. Ing astane kiwa-tengen uga cumlorot cahyane gelang mata inten barleyan.

Apa ya merga kanggo nyembadani gaya hidup sing kaya mangkono mau dene omah gedhong magrong-magrong lan kendharaan sing biasane pating sliri liwat iring omah murca kabeh? Durung hobine anggone seneng plesir ing njaban kutha, kuliner, lan kumpul-kumpul kaya sosialita kae mesthi butuh wragad ora sithik. Mula direwangi golek potangan mrana-mrene mung kanggo nggedhekake empyak. Gek watake ladak, tutuke cawak. Nyatane Gusti Allah isih welas asih, amung paring pemut kanthi pacoban miwiti urip saka nol maneh.

Bubar resik-resik ruang tamu, Murti ngresiki ruang tengah, dhapur, lan garasi. Putrane telu lagi dijak mlaku-mlaku garwane sisan niliki sawahe sing ana mburi perumahan. Ya merga saka olehe gemi setiti lan ngati-ati, Murti wis bisa dandan omah. Ala-ala ya bisa tuku grobag kanggo ngeterake putra-putrane sekolah. Malah wis bisa tuku sawah karo pekarangan kanggo celengan. Yen gelem nganggo sakjane Murti ya duwe anggon-anggon, ning merga ora seneng ya mung disimpen samangsa butuh.

Murti durung mutusake arep mangkat arisan apa ora. Sing wis mesthi, Murti tetep mantep karo gaya hidup-e dhewe, senajan diece. Menawa nemu sengsara ya sapa sing tulung, ora rinasa gaweane resik-resik omah wis rampung.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Bu Eko cerpenipun sae sanget......

10 Jul
Balas

Punten 'empyak' niku artine nopo bu Eko? Sa'jane isin tiyang jowo tapi mboten ngertos artinipun...he..he

09 Jul
Balas

Empyak niku kados payonan saking bambu/pring nika bu. Menawi dipapanaken wonten nginggil pawon, meh kados paga kangge nyimpen kajeng supados enggal garing. Gampilipun, empyak wujudipun nam-naman saking bambu. Nuwun rawuhipun bu Dyahni. Sugeng sonten.

09 Jul

Nuwun sewu bu, empyak tegesipun payonan (atap rumah).

09 Jul

Aku ini anak orang jawa, tapi koq nggak bisa bahasa jawa ? Sekarang, aku ingin bisa berbahasa jawa. Bu Eko bisa ya ngajari aku. Kapan dan dari mana kita mulainya bu ? Salam sehat dan sukses selalu. Barakallah.

09 Jul
Balas

Oh ngaten nggih, mangga bu, sinau sareng-sareng. Kawiwitan penguasaan kosa kata yang dipakai untuk komunikasi sehari-hari bu. Misalnya: matur nuwun (makasih), nyuwun ngapunten (mohon maaf), ndherek langkung (permisi), dan lainnya bu. Kalau ragam ngoko mungkin lebih mudah jadi bisa dimulai dengan berbicara ngoko lugu, lalu ngoko alus. Kalau sudah lancar, belajar yang ragam krama alus. Yah, memang agak rumit bagi yang tidak berbahasa ibu bahasa Jawa. Tapi turis di Yogya kok banyak yang pintar berbahasa Jawa ya? Nuwun bu, rawuhipun.

09 Jul

Alhamdulillah, jazakillah khoir...bu Eko. Waduuuh...jadi makin malu ni sama turis-turis. Matur nuwun...nggih bu. Ayah saya banjarmasin, ibu purworejo, tinggal di Medan sehingga membuat kami hanya berbahasa melayu. Alhamdulillah, dapat suami orang jawa dan ibu mertua yang selalu ngomong jawa. Tetapi bahasa jawa kami di Medan tidak serapi dan sehalus bahasa bu Eko. Malu saya, mungkin bahasa jawa saya berdialek batak...hehehe. Salam sehat dan sukses selalu. Barakallah.

09 Jul

gegedhen >> kegedhen catatan: sebaiknya gunakan judul yang lebih segar, bukan ambil dari: bebasan, paribasan.

09 Jul
Balas

O nggih, mangke kula ralat dados Kegedhen. Matur nuwun, saran-ipun. Sakawit irah-irahanipun, "Bu RW Dadi Gawe", namung kok raosipun kirang mantep. Lajeng kula gantos paribasan ngaten, eh.. malah kapacak wonten kalawarti Djaka Lodang. Menawi babagan isi kalian alur/plot, kados pundi bapa Binari?

09 Jul

Empyak niku napa mboten payonan. Atap rumah , nggih ?

09 Jul

Nggih pak, leres. Pun kula padosaken referensi, empyak sami kaliyan payonan (atap rumah). Matur nuwun ralatipun pak Tanto.

09 Jul



search

New Post