Sapa sing Kangen Sekolah
Wit cemara kang saya dhuwur
nyimpen kangen
nyranti tekane para siswa
kang sawetara taun katrem ing ngomah
durung mlebu sekolah
wit pelem kang saya ngrembuyung
katon ijo royo-royo gawe ayem
nalikane hawa panas
kena kanggo ngeyup
wektu pikiran sumpek
bisa ngleremake pikir dadi sareh lan
sumeleh
apa kowe arep waleh?
wit jambu ya gawe reridhu
kembang padha mekrok abang
gawe bungah kang nyawang
bisa kanggo tamba lara lapa
dadi bungah sumringah
wit-wit ringin ing iring wetan
pating jredhul ing ndhuwure payon sekolah
titip esem lan gawe sengsem
mendah asri kuthaku sedhep sekolahku
gawe jenjem sinau kanggo ngangsu ilmu
neter kapribadhen utama
ngemben dadi wong kang mulya
calon pemimpin bangsa kang perwira
sirih merah kang tansah sumringah
gawe jiwa gumregah
mecaki dina-dina kang kebak pacoban
pandemi panggah awet dadi ujian
kesabaran lan kaikhlasan
kabagaswarasan lan kaslametan urip
kang tansah ketar-ketir
kebak kuatir
mula sawetara iki
simpenen kapangmu ing njero ati
nganti pandemi murca saka lumahing bumi
ayo tansah ndedonga,
kareben Allah ngijabahi
enggala urip normal kaya kang kawuri
Wonosobo, 22 Mei 2021
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar