CODHOT SARUNGAN
CODHOT SARUNGAN
Anugrah Dwi arif Ardiansyah
Ferdy Anton Adit Kurniawan
Lutfi Bachrul Falakh
M. Muqorrobin
Syarif Iskandar Khusein
Pas pasa romadhon, penere Dina Ahad. Aku lan kanca-kancaku sawise traweh banjur melu tadarusan. Sabubare iku, banjur turu bareng-bareng ing langgar. Bocah-bocah wis sepakat, sapa sing turu ndhisiki arepe dibeda. Tibake, jam siji Khusain wis turu. Nalika weruh kaanan iku, aku lan kanca-kanca liyane padha siyap-siyap arep mbeda bocahe.
“He... he... delengen, khusein wis turu, ayo dha dibeda,” ajakku.
“Ya wis, aku wae sing njupuk kembang semboja,” ujare Lutfi.
“He... mengko dhisik... aku tak njupuk tampar sik ya,” saute Ubed.
Bocah-bocah wis padha nglumpukna barang-barang, ujug-ujug Khusein nglilir. Arif lan Ferdy padha usaha supaya Khusein turu maneh. Bocahe nyanyi rengeng-rengeng, niru ibune yen lagi nurokake dheweke nalika isih cilik kae. Tibake bener, Khusein turu maneh. Kepeneran, Lutfi lan Ubed teka.
“Eh... kok suwe tenan, Khusein dhek mau meh tangi kuwi loh,” gremenge Ferdi.
“Husss... aja rame-rame, mengko mundhak khusein tangi maneh,” besike Lutfi.
“Wis... ora usah kakean ngomong, takcangcange wae,” saute Ubed.
“Endi, tak lotheke nganggo kembang semboaja,” jarene Arif.
“Sik sik sik... aku nggawa HP. Takpotone sik ya,” usule Ubed.
“E... ya wis, malah apik,” jawabe Ferdy.
Sawise dipoto, Khusein tangi lan mbengok, “he... apa iki? Tulung... tulung... apa iki? Lambeku kok paite ngene?”
“He... jarene kesepakatane kene piye... sing turu dhisik bakal dibeda,” ujare Ferdy.
“Wis wis... saiki wis dalu,ayo padha turu bareng-banreng!” ajakku.
Nanging Ferdy lan Lutfi malah sambat yen wetenge luwe. Nanging bocah loro kuwi malah pamitan arep nang jedhing. Sirahe ditutupi sarung brungkut, wedi yen dicokoti lamuk.
“Ferdy karo lutfi ing ngendi?” pitakone Ubed.
“Cah loro kuwi nang jedhing,” jawabku.
“Kok suwe tenan, taksusule ya...,” pamite Ubed kari langsung mlaku pinuju jedhing. Nanging pas tekan jedhing, dheweke kaget amarga ora ana sapa-sapa ing jedhing. Bareng dheweke ndeleng ing sapinggire langgar, ana wit jambu air sing obah-obah. Ubed banjut bengok-bengok.
“Maling... maling... maling...,” bengoke Ubed sabanter-bantere.
Bobah-bocah sing krungu swarane padha mara, nyedhako Ubed.
“Ana apa Bed, kok bengak-bengok?” pitakone Arif.
“Iki le... wit jambu cedhake sacedhake langgar kok obah-obah, kaya ana wonge,” critane Ubed karo mendeliki wit jambu mau.
“Ayo dihoyag-hoyag wite,” usule Arif.
Pas dihoyag-hoyag, ujug-ujug codhot-codhote padha mencolot pathing gedebug.
“He... codhot-codhote padha metu kabeh,” jareku karo mbengok buanter.
“Ya ra kabeh...,” saute bocah-bocah.
Pas wayahe dihoyag luwih banter, tibake ana sing ceblok maneh. Sing iki, codhote luwih gedhe tinimbang dhek mau. Bruuukkk... Bruuukkk.... swarane banter banget. E... tibake sing ceblok dudu codhot,nanging bocah loro sing kemulan sarung.
“Ya Allah... mrongose ta bocah iki...,” bengokku.
“E... tibake awakmu ta codhote... Ferdy... Lutfi...,” ujare Arif karo mbukak sarunge bocah loro mau.
“Eh... tepak... codhot sarungan...,” bengokku. Bocah-bocah padha ngguyu pathing cekikik. Ferdi lan lutfi ya melu-melu ngguyu.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar