GOLEK TELOLET
GOLEK TELOLET
Ahmad Rifaldi, IU
Dimas Septa. S
M. Wahyu Pratama
M. Eriza Abikara
Dina Selasa, pas kelasku wayahe olah raga. Amarga sekolahanku ora duwe lapangan sing cukup, mula olah ragane ing gedhung RGS. Sadurunge budhal, aku lan kanca-kanca duwe kekarepan golek telolet dhisik.
“He... ayo golek telolet dhisik,” bengokku banter banget.
Kancaku sing jenenge Aldi njawab, “iya... ayo saiki ndang nggawe tulisan ing triplek, Om... telolet, Om....”
Kabeh kanca-kancaku sarujuk, lan banjut gawe tulisan bebarengan. Ana sing bagean golek triplek, ana sing nyilih spidhol, lan ana sing nulis.
Sawise rampung, banjur budhal ing RGS. Ing dalan kepthuk bis uapik tur gedhe banget. Ana tulisane bus pariwisata, tujuan Bali.
“He... ana bis... ayo diangkat tulisane...,” omonge Dimas.
“Ayo... ayo... Om... telolet, Om...,” bengoke bocah-bocah bebarengan, kompak banget.
Tibake bis mau ora gelem ngunekna telolet, bocah-bocah dadi sedhih. Bareng wis cedhak karo RGS, ana bis liwat maneh. Tanpa dikongkon, bocah-bocah wis padha ngangkat tripleke lan muni, “Om... telolet, Om....”
Padha karo bis sing sepisanan mau, bis iki uga ora gelem ngunekna telolet. Nanging ujug-ujug ana col kang ngunekake bel telolete, “telolet... telolet... telolet....”
“Hore... oleh telolet...,” surake bocah-bocah katon seneng banget.
Sawise olah raga, bocah-bocah diutus padha bali ing sekolahan. Amarga sawise olah raga isih ana pejaran Basa Inggris. Bocah-bocah ora oleh nganti telat, mundhak oleh ukuman.
Bel mulih sekolah wis muni, nanging bocah-bocah mau isih durung gelem mulih. Mulek wae ing sakiwa-tengene sekolahan.
“He... ana bis saka kulon...,” bengokku.
Kabeh banjur padha muni, “ Om... telolet, Om....”
Krana bis kuwi muni, “ telolet... telolet... telolet....”
Bocah-bocah padha seneng lang ngguyu cekikikan. Sawise kuwi, rencanane arep mulih ing omahe dhewe-dhewe. Tulisane digawa mulih dening Wahyu lan sahrul. Pas ing dalan, isih dinggo golek telolet maneh. Bocah loro mau nganggkat tulisane, lan muni, “Om... telolet, Om....”
Wahyu lan Sahrul didukani ibu-ibu, “He... aja nggrambyang ing ratan, Cung... mengko yen kesrempet montor loh....”
Nanging Wahyu lan sahrul ora nggatekna ngendikane ibu-ibu mau. Dheweke isi panggah golek telolet, karo bengak-bengok sasenenge. Ujug-ujug, ana bis balap-balapan buater banget. Bis mau nyrempet sepedhah montor sing kepeneran liwat sapinggire Wahyu lan Sahrul. Wong sing numpak sepedhah montor mau tiba jempalikan. Awake getihen kabeh, lak ketoke ana tangane sing pedhot.
Sepedhah mau rada nengah, amarga wedi yen arep nyrempet Wahyu karo Sahrul. Eh... malah wonge sing kesrempet bis. Wong-wong sing ana ing kono, padha nyalahna Wahyu lan Sahrul.
“Eh... ya... kuwi mono salahmu... bocah kok ora kena dikandhani. Piye ngono kuwi?” bengoke ibu-ibu mau karo njendhuli rirahe Wahyu lan Sahrul. Dene wong-wong liyane ana sing nelpon polisi, lan ana sing nulingi kurbane.
Wahyu lan Sahrul getun banget. Dheweke banjur nyuwun sepura marang wong sing tiba mau. Bocah loro kuwi uga janji, ora bakal nglakoni apa-apa kang bisa mbebayani awake dhewe lan wong liya.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar