Emi sudarwati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

KLEBU KURSI

KLEBU KURSI

Estika Novalia. F

Luluk Indah Farihatin

Putri Dwi ayuningsih

Umi Zulva

Wayah iku dinane Kemis. Aku, Umi lan Intan keri nalika arep mlebu kelas. Banjur diukum dening Bu Asih, dutus nyapu ing sakiwa tengene kelasku. Dadine ora bisa melu senam. Sawise nyapu, wetengku krasa luwi. Untunge ing tas ana panganan sakothak, saka ibuk. Aku lan kanca-kancaku banjur mangan bekal mau bebarengan ing njero kelas.

Bubar mangan, ujug-ujug Bu Asih mlebu kelas. Atiku tratapan, wedi banget yen nganti didukani lan diukum maneh. Nanging alhamdulillah, panjenegane ora duka. Amung maringi tugas lan pamit, amerga arepe rapat.

Aku lan Estika nggarap tugas bebarengan. Ujug-ujug ana Putri kang wis ngadeg ing pinggirku.

“Rika... Rik... ndeke silihi potlote, cepetan...,” omonge Putri ora kepenak dirungokake.

“Awakmu iki... nyilih kok meksa. Moh nyilihi, aku ora nggadheg,” jawabku rada gela.

“Wis ta... silihi dhiluk wae kok... medhit tenan,” bantahe Putri karo mbesengut.

“Apa... potlotku sing mbok silih dheknane ya durung kokbalekna ngono kok...,” clathuku ora kalah sengol.

“E... sing dheknane ta... ilang kok... takkira ta wis kokjupuk, “ jawabe Putri karo cengar-cengir, tanpa rumangsa salah babar pisan.

“Wis ta, Rik... sabar... ndang disilihi wae, ndang ayo nggarap tugas iki,” saute Estika.

“Ya wis, nyoh... aja ilangna maneh... bar, ndang balekna...,” jawabku sinambi nguncalna potlot ing ngarep mejane Putri.

Sawise ngerjakna tugas, aku nyedhaki putri. Perlune ya kepingin njaluk bali potlotku sing disilih mau.

“Put... Put... Putri... endi potlotku... wis arep bel mulih iki loh...,” omongku rada mbengok.

“He... biasa wae ta... wis takbalekna ngono kok... piya ta ya...,” saute Putri.

“Balikna ing ngendi? Nang mejaku kok ora ana... saumpama ceblok ing ngisor mejaku, jajal ta... wasi...,” bengokku.

“He he he... kae apa... takjupuke...,” ujare Putri karo pringas-pringis. Bocahe banjur nguncalno potlot mau ing mejaku. Nanging kojur, dumadakan potlot maju melebu ing bolongan laci kursi guru sing gemboke rusak. Mesthi wae aku mangkel banget.

“Hu... wis disilihi kok ora tanggung jawab,” gremengku karo nginceng bolongan kursi mau. Nanging bareng arep daktarik, sirahku malah ora isa metu.

“Piye iki... Bu Guru... Bu Guru...,” jeritku sabanter-bantere.

Bocah-bocah banjur mlayu ing ruang guru, ngaturi Bu Asih lan Mas Doni supaya ing kelasku.

“Digraji wae,” sute salah sijine kancaku. Embuh sapa sing muni mau.

“Dibatek wae loh,” saute kanca liyane. Kabeh padha umek, ora jelas apa sing diumumna. Suwene suwe, aku wis ora kelingan apa-apa maneh.

Tangi-tagi, rambutku awut-awutan. Jarene bocah-bocah, watara sakjam, sirahku lagi isa metu saka bolongan meja mau. Kringetku dridosan, kaya wong bar adus ora andhukan. Bocah-bocah malah ngguyu kemekelen ndeleng raiku kang pucet.

“Ha ha ha... untunge... sirahmu sik utuh,” omonge Putri karo cengengesan.

“Putri... aja ngono ta... kancane kena musibah, kok malah diguyu,” ngendikane Bu Asih. Putri banjur nyuwun sepura marang aku.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Wuih seneng banget aku maca critane Bu. Nderek MWC 2 wonten jakarta bu? Mugi dados novel basa Jawa. Top markotop...

20 Apr
Balas

Iki tulisane siswaku. Bocah kelas 7E. MWC kuwi apa?

20 Apr



search

New Post