Emi sudarwati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
MASAK

MASAK

MASAK

Angga Bagas Setiawan

Fina Nur Khoiriyah

Mahdika Daniel Ferry Sandi

M. Arga Firnanda

Dina Kemis, Nanda, Sandi, Angga lan Fina arep masak sega pecel. Bocah-bocah kene wis janjian, jam loro kudu wis nang omahe Angga. Sandi lan Nanda wis tekan omahe Angga.

Sandi lan Nanda : Assalamu’alaikum

(Angga mbukak lawang)

Angga : Wa’alaikumsalam

Angga : Fina nang ngendi, kok durung mrene? Iki piye acarane?

Sandi : Wis ditinggal bae, ora usah dienteni. Ben wae, ditokna saka kelompok.

Ora suwe, ana swara sepedhah montor . Tibake kuwi Bapake Fina, ngeterake putrane.

Bapak : Fin, tak tinggal sik ya, Bapak ana urusan sik. Mengko yen wis bar, WA Bapak ya....

Fina : Inggih Pak. Ngatos-atos nggih... assalamu’alaikum.... (salaman karo Bapake).

Bapak : Wa’alaikum salam.... (Nyetarter sepedhah montore).

Fina : Supurane ya, aku keri. Amerga aku mau tumbas bahan-bahane pecel.

Nanda : Yo wis, nang mlebu!! Endhi bahane?

Fina : Iki lho....

Angga : Wis, ayo masak!

Sandi : Aku wae sing masak?

Nanda : Ya wis, ora apa-apa, awakmu wae San, sing masak.

Sandi : Ngga... tulung jupukna bumbune!

Angga : Ing ngendi panggonane?

Sandi : Takon Fina kuwi lho...

Fina : Iki lho Ngga... bumbune.

Angga : Iki San bumbune.

Sandi : Suwun ya....

Nand : San, suwene olehmu masak?

Angga : Masak kok kira penak ta piye?

Nanda : Omong wae ta Ngga....

Angga : Nduwe lambe kok.

Fina : Wis... wis... aja tukaran wae... Sandi lho rewangi!

Nanda : Iya... ya....

Sandi : Iki lho wis dadi, pecele.

Nanda : Endi... endi? Tak icipane dhisik ya?

Angga : Aja dientekna Nda... kancane diwenehi ta!

Bocah-bocah padha mangan sega pecel.

Nanda : Sega pecele uwenak tenan, San... dadakan sampeyan pinter masak.

Sandi : Iya iya ta... cah kene, omahe kono kok.

Fina : Iya, enak tenan pecele.

Nanda : Aku nyuwun resepe ta, San....

Sandi : Nangis no... Nda!

Nanda : Hi hi hi...

Angga : Ha ha ha... aja nangis ta Nda!

Sawise mangan sega pecel bocah-bocah pada ngorahi piringe dhewe-dhewe sadurunge pamit mulih.

Sandi lan Nanda : He, Aku tak mulih dhisik ya.

Fina : Aku ya arep mulih, nanging durung dipapag Bapakku, Ngga. Aku nyuwun tulung genya?

Angga : Nyuwun tulung apa?

Fina : Tulung telpona Bapakku. Iki lhe nomore.

Angga : Kenek apa ora kok telpon dhewe?

Fina : Pulsaku lhe... entek. He he he...

Angga : Oh... iya endi nomore, taktelpone.

Sawise ditelpon, ora suwe Bapake Fina wis rawuh. Panjenegane banjur ngajak mantuk Fina. Bocah-bocah liyane uga padha mulih ing omahe dhewe-dhewe.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post