Emi sudarwati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
MBOLOS

MBOLOS

MBOLOS

Anisa Dewi Agustina

Lailatul Badriya

Mifta Sastika Aryani

Sofia Wahyu Putri Wijaya

Sawijining dina kemis, bocah-bocah padha ngamang bocah sing mbolos dhek wingi. Amarga ora melu presentasi basa inggris

Sofia : Assalamualaikum

Anis : Waalaikumsalam

Sofia : Yeee... aku lulus presentasi dhek wingi.... Awakmu piye, Nis?

Anis : Alhamdulillah... aku ya lulus, Sof !

Ujug-ujug Laila nyaut.

Laila : Padha, aku ya lulus Sof, Nis!

Anis : Mifta piye ya? Bocahe rak ora oleh biji Basa Inggris?

Sofia : He’e ya... mesakna bocah iku, kenek apa kok wingi kathik mbolos barang.

Laila : Ngesakna banget lho ya bocahe. Jane ora angel kok presentasine, sing penting rak kudu wani. Ngono wae kuncine.

Ujug-ujug ana sing uluk salam.

Mifta : Assalamualaikum....

Laila : Waalaikumsalam....

Mifta : Hai bocah-bocah.... Awakmu gak kangen aku ta piye?

Laila : Apa... bocah mbolosan wae kok dikangeni, sorry ya....

Sofia : Aja ngono ta cah... Bocah ayune ngene kok ora dikangeni... nlangsa... tenanan uripe iki.

Anis : Enek apa ta iki, kok rame tenan?

Laila : Iki lho... jerene Sofia... Mifta iki ayu... banget.

Mifta : Lha... pancen aku ayu.

Anis : Iya Mif... pancen awakem ayu.... Nanging, apa gunane ayu yen mbolosan. He he he....

Mifta : Matur nuwun..... matur nuwun.... Eh... nanging kok aku diarani mbolosan sih? Aku loh lagi sepisan wingi mbolos. Ah... (karo mlayu arep ngadoh)

Ujug-ujug ana suwara gedabruk!

Sofia : Suwara apa kuwi?

Mifta : Adhuh.... sikilku lara....

Laila : Mangkane dadi bocah aja kakean polah

Anis : Piye ta Mif.... Mif.... kok isa tiba?

Sofia : Ha... ha... ha... Mifta tiba... ha ha ha....

Laila : Wis Mif, ndang mbalik nang panggonmu.

Anis : Wis... ndang leren yen guyonan.

Anis : Eh... eh... Mif, awakmu dhek wingi saka ngendi, Mif?

Mifta : Aku dhek wingi ora saka ngendi-endi. Aku... mbolos, amarga wedi presentasi basa Inggris.

Sofia : Ealah.... tak kira lara apa....

Laila : Tak kira ya ora je.

Mifta : Ora... aku loh wedi yen diisin-isin bocah-bocah, amarga durung apal.

Sofia : Ora ngapa -apa Mif, sing penting awakmu wis usaha.

Mifta : Aku rugi banget, dhek wingi ora mlebu.

Anis : Awakmu rak ora oleh biji, Mif?

Mifta : He’e ya, terus aku piye?

Laila : Awakmu matur ning Bu Tri wae lho Mif !

Mifta : Ya wis mengko pas wayahe ngaso aku tak ngadhep marang Bu Tri.

Bel mlebu wis muni, bocah-bocah padha njupuk al-qur’an lan ngaji bebarengan.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post