Emi sudarwati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

NLANGSA

NLANGSA

Amelia Agustina

Amelia Septia Maharani

Dinda Nadia Safitri

Veronica Subiyanto

Vita Grezia

Wektu Dina Seti, ana lomba ing Bojonegoro. Aku, Vita, Dinda, Amel lan Thia dipercaya sekolah kanggo melu lomba. Vita dipercaya kanggo melu lomba nggambar, Dinda lukis, Amel cipta puisi, Thia cipta cerpen, lan aku maca puisi.

Aku lan kanca-kanca sing kapilih, budhal ing Bojonegoro kanthi numpak mobil elf saka SMPN 1 Bareno. Budhale watara jam setengah pitu, lan tekan Bojonegoro jam setengah wolu.

Ana ewonan siswa kang ngebaki platan sekolah kasebut. Ujug-ujug Amel lan Vita weruh ana bocah nggantheng banget liwat ngarepe.

“He... delengen ta... kok ana bocah ngganthenge ngono...,” bengoke Vita.

“Cuci mata he... cuci mata... suwegerrrr...,” saute Amel.

“Eh eh eh... pancene ngguwantheng tenan. Nang sekolahane kene ora ana ya, sing ngguwantheng kaya kuwi,” kandhaku.

“Subhanallah...,” Dinda ndeleng karo ngowoh.

Idhep-idhep bocah lanang nggantheng kuwi nyedhaki aku lan kanca-kancaku.

“Weleh-weleh... bocahe arep nyedhaki aku, Cah...,” besike Dinda karo nata jilbabe.

“Ge er mu ta, Din... Din...,” saute Vita karo nyenggol tangane Dinda.

Dumadakan bocah nggantheng kuwi nyedhaki lan nakoni Thia.

“Arepe menyang ngendi, Dhik?” pitakone bocah nggantheng mau.

Thia kaget, kamitenggengen, nganti ora bisa kumecap apa-apa. Dheweke rumangsa yen bocah lanang mau kesengsem karo ayune.

“Dhik... arep ing ngendi?” pitakone maneh.

“Oh... a... a... aku... arep nggoleki ruang lomba nulis cerpen, Mas...,” jawabe Thia kari klagepan.

“Oalah... ayo Dhik... melu aku, ayo takterna,” ajake bocah nggantheng mau karo nggandheng tangane Thia. Ndadekake atine bocah wadon iku suweneng banget, nganti ngguya-ngguyu dhewe.

Limang menit sawise bocah-bocah mlebu ing ruangane, Thia mesam-mesem dhewe kelingan kedadean mau. Dheweke ora bakal bisa nglalekake kedadean mau. Malahan nalika lomba, Thia banjur nulis cerpen ngenani kedadean mau. Ora suwe, lomba nulis cerpen wis bubar.

“He... bocah-bocah, atiku le suweneng... mau nulis cerpen kenani bocah nggantheng mau,” critane Thia karo mesam-mesem lan gedrug-gedrug.

“Halah... sombongmu...,” jawabe Dinda.

“Iya je, Thia mau pas didandheng kakang nggantheng mau, wis lali karo cah kene,” cluluke Vita.

‘Iya... iya... I am sorry... i am sorry... nanging aku ya rumangsa, balal menang lomba. Jurine mau le... ndeleng aku... terus. Paling ya kesengsem karo ayuku,” jawabe Thia karo mesam-mesem sok imut.

“Hem... aneh-aneh wae,” saute Amel.

“Wis wis wis... ayo padha menyang aula, sedhelo maneh arepe pengumuman,” ajakku.

Bener banget, nalika aku lan kanca-kanca teka ing aula, panitia wis arep ngumumna. Atiku ndhredheg campur banget. Kabeh padha ndonga dhewe-dhewe, samuni-munine.

Alhamdulillah... Vita oleh juara loro lomba nggambar, Dinda juara siji lomba lukis, Amel juara telu cipta puisi, lan aku juara telu maca puisi. Dene Thia ora entuk apa-apa. Bocahe banjur mlayu lan nggolek panggonan sepi kanggo nangis.

Dumadakan dheweke weruh bocah nggantheng mau ngomong-omongan gayeng banget karo bocah wadon ayu banget. Atine Thia saya remuk.

“Astaqfirullah... ya Allah... nlangsane uripku... wis kalah lomba, cah nggantheng kuwi ya wis duwe pacar ayu. Apa salahku...,” bengoke Thia.

Bocah-bocah padha nyedhaki lan nyemangati Thia. Amel ngelus-elus sirahe Thia karo muni, “gak papa, Thia... awak dhewe rak isih kelas pitu. Taun ngarep isih ana kesempatan maneh.

“Iya, bener... orang sabar disayang Allah,” saute Vita karo nepuk pundhake Thia.

“Sabar Ndhuk, gambate...,” selaku.

“Insya Allah aku sabar,” jawabe Thia karo ngelapi eluh kang netes ing pipine.

“Lha... ngono... bocah pinter kok...,” omonge Dinda ngacungake jempol.

“Eh eh eh... mbok kira Thia iki bocah cilik ta piye... kok mok lem barang,” saute Amel.

“Wa ha ha ha... ha ha ha ha...,” guyune bocah-bocah bebarengan.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post