TLETHONG
TLETHONG
Ika Rizki Anggraeni
Aninda Intan Narulita
M.Ridhoni Setiawan
Tanaka Helmi Pahlevi
Dina minggu Dhoni lan kanca-kancane badhe ing peternakan sapi pakdhene Dhoni.Dhoni lan kanca-kancane janjian ing pos rondha.
Dhoni : Dina minggu enak`e woh apa ya?
Tanaka : Hmm...turu wae enak
Dhoni : Lha...kok tambah ngono
Tanaka : Lha terus woh apa
Banjur ika lan intan teka.
Ika,intan : Woh apa kuwi ngrumpi`e Dhoni : Kuwi swrane sopo tan,enek swarane nanging ora enek wong`e
Tanaka : Lha...kuwi lak wong gedhine ngono mosok ora ketok
Dhoni : E...iyo enek wong ora weruh aku Ika,intan : Hmm...niate wong sakmene gedine kok ra ketok
Tanaka : Lha iyo,mosok ra ketok
Dhoni banjur ngajak kanca-kancane menyang peternakan sapi pakdhene dhoni.
Dhoni : Ayo menyang peternakan sapine pakdheku !
Ika : Iyo setuju
Intan : Tapi ambune ora enak
Tanaka : Alah wong ndeso kok moh mambu sapi
Dhoni : Mletemu
Ika : Wis,ora apa-apa mengko nggawa masker
Intan : Ya wis aku melu
Tanaka : Mengko ngumpul ing ngendhi?
Dhoni : Ing pos rondha wae ya
Ika,intan : Iya
Telung jam sakwise,kabeh wis ngumpul ing pos rondha.kejaba tanaka sing durung ngumpul.
Dhoni : Tanaka kok durung ngumpul?
Ika,intan : Ning ngendi tanaka kok durung mrene
Dhoni : Kae lak tanaka
Tanaka : Sepurane ya aku keturan
Dhoni : Turu wae
Ika,intan : Wis,ndang ayo budhal
Bocah-bocah mau banjur mangkat ing peternakan sapi,wis tekan kana kabeh pada mlebu ing peternakan sapi.
Tanaka : Wah akehe sapine
Dhoni : Iya...iku kembaranmu...
Ika,intan : Aja ngono ta...
Tanaka : Lha iyo Dhoni ngenyek wae...
Dhoni : Iyo-iyo tan sepurane
Amarga tanaka ora ngati-ati dheweke kebreset tlethong terus nyosop ing panggon pakan sapi lan awake rusoh kabeh.Tanaka terus mbengok.
Tanaka : Aduh...awakku loro kabeh
Dhoni,ika,intan : Yo ra kabeh
Tanaka : Tulungi ta aku !
Dhoni banjur nulungi tanaka sing dhawah mau.Dene ika lan intan ngguyu bareng-bareng.
Dhoni : Mangkane ta tan sing ngati-ati
Tanaka : Aku kebreset ya gara-gara tlethong
Intan : Lha kok malah nyalahno tlethong
Tanaka : Aku badhe mantuk
Dhoni : Wis,adus nek kene wae,ing kana lho jedhinge (karo ndudingi jedhing).
Intan,ika : Nanging klambimu rusuh !
Tanaka : Oo...iya
Dhoni : Wis tak silek`i wae
Tanaka : Suwun ya dhon
Dhoni : Iya sami-sami
Banjur dhoni lan tanaka ing jedhing,dene ika lan intan nunggok`i ing panggonan mau.Tanaka wis adus terus ngajak kanca-kancane mantuk.
Tanaka : Ayo mantuk !
Dhoni : Wis mantuk ?
Ika,intan : Iya ,ayo mantuk
Dhoni : Ayo
Ika,intan,tanaka lan dhoni banjur mantuk kiambak-kiambak.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Mba emi tlethong itu apa? Hikss ga ngerti please translet hee..bagus banget mba...
Ini naskah drama hasil karya siswa saya. Bercerita tentang TLETHONG, yaitu kotoran sapi yang bisa dimanfaatkan untuk pupuk organik. Nah..... anak2 itu biasanya kan jijik ya melihat kotoran hewan semacam itu. Padahal pupuk ini jauh lebih baik dibanding pukuk kimia. Gitu dech intinya.
Siswa 2 nya kreatif. Buah guru yg inovatif. Sip Bu Emi.
Alhamdulillah.... matur nuwun Pak Wiyono as