AMUNG TITIPAN (TTG 365-H-295)
Dawane dalan wis tak pecaki, rungkude alas wis tak liwati,
Nanging amung jeriting sepi kekancan wengi kang tansah tak temoni,
Lintang-lintang panjer, rembulan bunder padhangana senthong ati ben ora suker,
Binarung swarane sato wengi lan suket-suket meneng pindha mati,
Sun mateg aji, ajine zikir wengi
Angrukebi lemah kanggo sarana pasrah
Marang Gusti kan Maha murah
Ora ana gunane esem guyu, lamun kabeh nyatane mung palsu
Tembung-tembung manis ilang tegese tenane mung lamis, agawe ati kepiris-piris
Becik prasaja ora neka-neka ora gawe cuwa
Bandha donya nyawa amung katitipan
Mbuh esuk mbuh sore kapan wancine kapundhutan
Mula aja kenceng-kenceng nggonmu gondhelan
Ben ora sara lan mbengok kelangan
#Depok, 23 Oktober 2022
#EDH
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Edi peni, Bu Endang. Kebak pitutur apik kanggo sangu mecaki dalane urip. Mugi wilujeng, rahayu kang pinanggih.
Maturnuwun bu Cicik, aamiin mugi kaparingan karaharjan dumateng panjenengan
Sae sanget geguritanipun. Mugi tansah diparingi sehat nggih Bun.
MAturnuwun bu Nanik mugi rahayu ingkang pinanggih