GANDANE KOPI (pentigraf mulok) TTG 365 -H- 344)
Ing bang wetan wus katong trontong-trontong padhange gagad raina, donyane lekas obah gregah wungu saka alam pangimpen. Cemlorot cahyane sang bagaskara sumlusup ing selaning gegodhongan, pang-pang, wit-wit dhuwur mrambah nembus pucuking arga. Binarengan tumetesing embun esuk kang wus sayah gondhelan pucuking godhong-godhong suket.
Ganda arum kopi cinarub banyu umub binarengan suara klentinge sendok ing pinggire gelas saka pawone mbah Soma, gawe irunge Reksa ngendhus-endhus karo narik ambegan dawa. Ora kuat Reksa enggal gumregah tangi marani sangkan parane ganda kopi, kang gawe rasa kangen ngujiwat ing njero dhadha. Dhuh wong ayu, aku kangen udhakane kopimu, batine Reksa satemah bungah.
Jinjit-jinjit lakune Reksa marani Parti sing lagi ngudhak kopi, tangane alon nyandhak bangkekane, dumadakan sing kagungan raga noleh kaget, kopi panas siniram ing sirahe Reksa. Njerit kaget bebarengan, Reksa satemah sadar saka panglindur, jebul sing ngudhak kopi dudu Parti, nanging mbah Soma, embokke dhewe. Reksa nangis sesengukkan ing pangkone mbah Soma, amarga wus jangkep sepasar Parti tilar donya.
#Depok, 10 Desember 2022
#EDH
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Duuh, kasihan banget. saking kangennya sampai begitu. Keren, Bun. Saya belum bikin pentigraf basa Sunda ni hihi...
ayo bu bikin, mengasah kemampuan sastra daerah
Mantap ulasannya keren
terimakasih bu Risma
Luar biasa menginspirasi bunda
Terimakasih pak Tri
Duh....Reksa. mugya tansah pikantuk panglipuran.
Hehe ... mangke dipun padosaken jodo malih gih oma ...
Byuh... mesakakke banget Reksa. Rasa kapang kang njiret rasa , nyawang Simbok kaya Parti. Edi peni seratanipun, Bu Endang. Mugi wilujeng, rahayu kang pinanggih.
Maturnuwun sanget bu Cicik, aamiin .... donga ingkang sami dumateng panjenengan