Endang Dwi Haryanti

Perjalanan hidup yang menempaku, mengantarkan ke blog gurusiana ini Walau terlambat memulai semoga tetap berarti. Menulis adalah wisata hati, tempat bebas unt...

Selengkapnya
Navigasi Web
GANDANE KOPI (pentigraf mulok)  TTG 365 -H- 344)

GANDANE KOPI (pentigraf mulok) TTG 365 -H- 344)

Ing bang wetan wus katong trontong-trontong padhange gagad  raina, donyane lekas obah gregah wungu saka alam pangimpen. Cemlorot cahyane sang bagaskara sumlusup ing selaning gegodhongan, pang-pang, wit-wit dhuwur mrambah nembus pucuking arga. Binarengan tumetesing embun esuk kang wus sayah gondhelan pucuking godhong-godhong suket.

Ganda arum kopi cinarub banyu umub binarengan suara klentinge sendok ing pinggire gelas saka pawone mbah Soma, gawe irunge Reksa ngendhus-endhus karo narik ambegan dawa. Ora kuat Reksa enggal gumregah tangi marani sangkan parane ganda kopi, kang gawe rasa kangen ngujiwat ing njero dhadha. Dhuh wong ayu, aku kangen udhakane kopimu, batine Reksa satemah bungah.

Jinjit-jinjit lakune Reksa marani Parti sing lagi ngudhak kopi, tangane alon nyandhak bangkekane, dumadakan sing kagungan raga noleh kaget, kopi panas siniram ing sirahe Reksa. Njerit kaget bebarengan, Reksa satemah sadar saka panglindur,  jebul sing ngudhak kopi dudu Parti, nanging mbah Soma, embokke dhewe. Reksa nangis sesengukkan ing pangkone mbah Soma, amarga wus jangkep sepasar  Parti tilar donya.

 

#Depok, 10 Desember 2022

#EDH

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Duuh, kasihan banget. saking kangennya sampai begitu. Keren, Bun. Saya belum bikin pentigraf basa Sunda ni hihi...

11 Dec
Balas

ayo bu bikin, mengasah kemampuan sastra daerah

11 Dec

Mantap ulasannya keren

10 Dec
Balas

terimakasih bu Risma

10 Dec

Luar biasa menginspirasi bunda

10 Dec
Balas

Terimakasih pak Tri

10 Dec

Duh....Reksa. mugya tansah pikantuk panglipuran.

10 Dec
Balas

Hehe ... mangke dipun padosaken jodo malih gih oma ...

10 Dec

Byuh... mesakakke banget Reksa. Rasa kapang kang njiret rasa , nyawang Simbok kaya Parti. Edi peni seratanipun, Bu Endang. Mugi wilujeng, rahayu kang pinanggih.

10 Dec
Balas

Maturnuwun sanget bu Cicik, aamiin .... donga ingkang sami dumateng panjenengan

10 Dec



search

New Post